Mahabarata Jilid 1

Warahipun paduka nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan Agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH. EN DRUKK.,,SWASTIKA” PASARPON – SOLO TELEFOON 430.

MAHA-BARATHA[1] DEEL 1.

— 1 : ii —

Prasabênipun ingkang Anjawèkakên.

Pandamêl ingkang botên anocogi kalihan jamanipun, punika botên wontên aosipun. Suraos makatên punika yêktosipun sabên tiyang inggih lajêng mangrêtos kemawon, mila botên parlu kula têrangakên malih.

Saèstunipun ijêngandika sampun botên kakilapan, manawi kita tiyang Jawi gadhah pusaka sêrat ingkang mratelakakên kawontênan saha nama-namaning jaman, ingkang tumindak wontên ing dunya, punapadene wataking jaman wau, ugi kapratelakakên sadaya. Ananging nitik umuring jaman kados ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat Jawi, ingkang sampun kula sumêrêpi, punika dawêg jaman alit, têgêsipun amung peranganing jaman agêng kemawon. Awit sanadyan nama-namaning jaman ingkang kapratelakakên ing sêrat-sêrat Jawi wau, ugi sami kalihan ingkang badhe kula aturakên, ewadene umuring jaman wau kaot kathah yèn katandhing kalihan umur-umuraning jaman agêng.

Miturut sêrat: Piwulang Gaib (Geheime Leer) karanganipun paduka H.P.B. mratelakakên, bilih jaman ingkang tumindak wontên ing dunya kaperang dados sakawan, kados [ka…]

— 1 : ii —

[…dos] ta: Satyayoga, Dwaparayoga, Tretayoga, sakawanipun: Kaliyoga. Sadumigining jaman Kaliyoga, lajêng wangsul malih dhatêng jaman Satyayoga, makatên sapiturutipun. Supados botên kêpanjangên, ing ngriki namung kula têrangakên punapa ingkang winastan jaman Kali kemawon, jalaran kita sadaya punika dumunung wontên ing pêpungkasanipun jaman Kali, ngancik wontên ing wiwitaning jaman Satyayoga. Dumugi ing taun 1911 umuripun jaman Kali sampun: gangsal èwu taun, inggih punika titimôngsa pêpungkasaning jaman wau, kapetang saking adêging kaprabonipun Prabu Yudhisthira, jumênêng nata wontên ing Astinapura. Dados taun 1912 punika sampun ngancik wontên ing jaman: Satyayoga. Dene ing salêbêtipun jaman Kali punika kawontênan ing dunya majêng dhatêng prakawis kalairan (wadhag) jalaran pancèn amung prakawis wadhag ingkang kaajêngakên, mila inggih amung para marsudi kalairan ingkang sami angsal pangaji-aji agêng wontên ing dunya. Punapa salêbêtipun gangsal èwu taun kapêngkêr tiyang ingkang ulah kabatosan, nadyan linangkung botên wontên ajinipun? Botên makatên, sadaya pandamêl mêsthi wontên ajinipun. Namung tumrap jaman Kali, têtiyang ingkang ulah [u…]

— 1 : iii —

[…lah] kabatosan, nadyan linangkung adi kados punapa, botên sagêd katingal ngalela kados ingkang sami marsudi kawruh kalairan, malah ingkang piniji dados pangajênging kamajêngan ing dunya, inggih bôngsa ingkang marsudi kalairan wau punika.[2] Dene ing jaman Satyayoga ingkang kaajêngakên prakawis kasuksman[3]mila sampun saèstu para marsudi kasuksman ingkang sami manggih aji. Amung kemawon rèhning dawêg lumampah 15 taun dumugi wêdalipun buku punika, tamtunipun wataking jaman Satya dèrèng sagêd katingal cêtha. Ewasamantên sampun kenging katitik saking kawontênan samangke, nadyan nagari-nagarinipun bôngsa ingkang botên angajêngi dhatêng kawruh kasuksman, nanging sabên wontên ingkang ngrêmbag kawruh wau, botên dipun pitambuhi, malah dipun mirêngakên tiyang kathah. Punapa malih sagêd katitik saking majêngipun agami-agami, punika satunggaling pasaksèn malih ingkang anêdahakên peranganing watakipun jaman Satya.

Kawuningana, dêdongengan ingkang kacariyos wontên ing sêrat: Mahabarata, punika isi kawruh kasuksman warni-warni. [war…]

— 1 : iv —

[…ni-warni.] Amung kemawon sarèhning piwulangipun wau sinamar kawujudakên lêlampahaning tiyang, mila sampun saèstu botên badhe sagêd angênyami manising madu Barata, bilih kirang lêbêt panyuraosipun. Kosok wangsulipun, manawi para marsudi sampun sagêd angingsêp sarining sêkar tunjung Barata, sampun saèstu badhe sagêd anggayuh gêgeyongan sajati, amung sarana sêrat punika kemawon. Awit saking punika wosipun anggèn kula anjawèkakên sêrat Mahabarata, ing pangangkah amung badhe anyampêti kabêtahaning jaman ingkang badhe tumindak.

Partawiraya

[Grafik]

Dr. A. Besant.

Paduka Dr. Ani Bèsên.

— 1 : 1 —

Cariyos Kawontênanipun Pêrang Agêng

Bab I Purwaka

Mênggah ing wigatosipun pakêmpalan dintên punika badhe sami anyurao[4] sêrat Mahabarata, karantên punika sêrat minulya ing dunya.

Manawi ngangkah murih gampil anggènipun nyuraos, sakawit tiyang kêdah sumêrêp rumiyin ingkang kasinau wau sêrat punapa, sarta ing nalikanipun maos kadospundi anggènipun nyamêktakakên ciptanipun, karana ingkang prêlu punika panggalihipun para marsudi, punapa pancèn kapengin mangrêtos, punapa botên. Bilih sampun samêkta, mangrêtosipun dhatêng sêrat ingkang kaparsudi wau, langkung gampil tinimbang manawi kalintu anggèning nyamêktakakên panggalihipun. Upami jêngandika kapengin priksa dhatêng salah satunggaling kawontênan, kawontênan wau kêdah titi anggèn jêngandika ningali, sampun ngantos kirang waspada, kêdah jêngandika ajêngakên, nanging sampun ngantos kasingkur, sarta kêdah dipun raosakên sayêktos. Makatên ugi tumraping cipta, paningaling cipta kêdah dipun wawasakên, sarta sêrat wau dipun ajêngna.

— 1 : 2 —

Tiyang kêdah sumêrap kadospundi anggènipun marsudi, kadospundi wosing pikajêngipun ingkang kêdah winawas sarana cipta wau. Pramila badhe winiwitan saking anyamêktakakên cipta, tuwin anêdahakên pratitising patrap, tiyang kêdah ngangkah sagêdipun sumêrêp kadospundi pamaosipun sêrat wau.

Sasampunipun lajêng dipun pêndhêta saparwa-saparwa (dhil) kaupadosana, pundi ingkang prêlu, katataa ngantos turut dêdongènganipun, tuwin kêdah mangangkah sagêdipun têrang panampinipun dhatêng sadaya ingkang kawrat ing sêrat wau, sarta lêlampahanipun ingkang sami kacariyos wontên ing ngriku, pikajêngipun badhe kangge mulang tiyang golongan punapa, kadospundi pandamêlipun, tuwin punapa pangangkahipun. Kadospundi para dewa anggènipun amitulungi tiyang-tiyang wau, saha kadospundi anggènipun amambêngi. Punapadene para dewa tumut angsal punapa wontên lêlampahan ingkang kalampahan wau.

Ing dunya kathah tiyang ingkang botên pitados manawi para dewa (malaikat) punika anata lêlampahan, sarta botên pitados manawi alam-alam punika tinata dening para

— 1 : 3 —

dewa. Sintêna ingkang botên pitados dhatêng Agami Hindhu, tamtu badhe amabêni sêrat-sêrat jêngandika ingkang suksci-suksci. Dados inggih kalêbêt saperangan kawajibanipun sabên jêjaka Hindhu ngrêtos sawatawis dhatêng sêrat-sêrat suksci ing agaminipun, sampun ngantos lajêng sami rangu-rangu dening pangrêncananipun tiyang ingkang sami botên sumêrêp.

Manawi tiningalan saking kawruh kasusastran, sêrat Mahabarata punika isi ajèn-ajèn ingkang agêng sangêt. Satunggal-tunggaling bôngsa punika tamtu sami gadhah sêrat, pintên-pintên bôngsa ingkang sangêt angluhurakên, ugi pintên-pintên bôngsa ingkang ngrèmèhakên dhatêng sêratipun wau. Kathah bôngsa ingkang darbe sêrat mawi sinawung lêlagon, cariyosing babad, dongengan, kawruh kasuksman tuwin agami, ingkang adamêl tuwuh-tuwuhing raos pangaji-ajinipun tiyang, punika ingkang kathah saking kawruh kasusastranipun, manawi wontên bôngsa darbe sêrat-sêrat ingkang migunani, bôngsa wau lajêng kaanggêp luhur dening bôngsa sanès, nanging manawi botên gadhah sêrat ingkang luhur-luhur, bôngsa wau tamtu kaanggêp asor, môngka botên wontên bôngsa ingkang sugihipun sêrat luhur kados bôngsa Hindhu.

Saèstunipun jêngandika sampun sami maos anggitanipun [anggitanipu…]

— 1 : 4 —

[…n] Omirus, pujôngga ing praja Grigkênlan, ingkang nyariyosakên lêlampahaning paprangan salêbêtipun sadasa taun. Wontên sanèsipun malih, pintên-pintên pujôngga linangkung ing bab kasuksman tuwin babad. Sarêng tiyang samangke maos sêrat wau, lajêng sami mungêl: Grigkênlan punika rumiyinipun têtela nagari agêng, katitik saking anggitanipun para pujangganipun. Wêkdal samangke tiyang kilenan sami maos sêrat-sêrat ijêngandika ingkang kasêrat ing basa Sansêkrit, sarta sami mungêl: kados punapa luhuring kasagêdanipun bôngsa Hindhu ing jaman kina, dene sampun sagèd nganggit sêrat-sêrat wau. Sêrat Mahabarata punika kêkidungan ingkang luhur piyambak ing dunya, botên wontên sêrat kêkidungan ingkang sami kalihan sêrat Mahabarata. Ing ngriku kaèbêkan sadhengah ingkang prêlu dipun sumêrêpi, utawi pundi kautamèn ingkang kêdah kaparsudi. Tatêmbunganipun sêrat wau wilêd, sarta anyariyosakên lêlampahan prêlu-prêlu ingkang kêdah dipun sumêrêpi dening para jêjaka Hindhu. Saèstu kuciwa, upami tumuwuhipun jêjaka Hindhu botên sinartan kawruh pintên- pintên ingkang kawursita ing sêrat kêkidungan ingkang kaanggit sarta kagêgulang dening lêluhuripun.

— 1 : 5 —

Punika pusakanipun bôngsa Arya, amila prayogi sami kasinaua. Ing sêrat wau angêmot prakawi[5] pêrlu tigang warni, (a) piwulang kasusilan, (b) sadarsana, (c) aluraning lêlampahanipun.

(a) Bab piwulang kasusilan, punika pikajêngipun angrêmbag kawruh kasusilan, kados ta: lampah sae, sarta utamining pambêkan. Bilih jêngandika sinau kawruh petang, tamtu jêngandika dipun sumêrêpakên lampah-lampahipun ingkang sampun tinamtokakên. Dene manawi lampah-lampah ing panggarapipun wau sampun jêngandika sumêrêpi, sarta jêngandika têtêpi, tamtu lêrês pametang jênganika, makatên ugi tumraping piwulang kasusilan. Piwulang wau angrêmbag awon sae, pundi ingkang prayogi linampahan, saha ingkang kalintu. Wulang kasusilan botên mungêl: sira kudu bêcik, utawi: sira kudu aja ala. Ananging pamulangipun amung anêdahakên lampah-lampahipun, sarta suka têtuladan. Ingkang kacariyosakên ing ngriku pundi sae pundi ingkang dipun wastani awon, pundi ingkang kêdah jêngandika lampahi, tuwin pundi ingkang kêdah katilar. Sadaya lampah sarta wêwatonipun wau ingkang winastan piwulang kasusilan.

— 1 : 6 —

Sêrat Mahabarata, punika wiyaripun kados cakrawalaning piwulang kasusilan, ing ngriku pitêdah kadospundi anggènipun anglampahi. Sêrat wau marah dhatêng lare jalêr èstri ingkang sami wontên ing pamulangan, tiyang sêpuh jalêr èstri, saha mulang dhatêng sadaya wau kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi pêpangkataning umur-umuranipun. Para brahmana, satriya, wiswa, tuwin sudra, saha tiyang ingkang botên kalêbêt wêwilanganing bôngsa punapa kemawon, sadaya sami sagêd angsal pitêdah saking ing ngriku, kadospundi pamanguning wêwatakan ingkang kêdah linampahakên ing gêsangipun sadintên-dintên. Sêrat wau anêdahakên kadospundi darmanipun ing dalêm sakadang warga, tiyang sêsemahan, bapa tuwin anak jalêr, biyung tuwin anak èstri, amarah padataning gêsang padintênan, lampahing pamulangipun sakalangkung prayogi, inggih punika kadhapur dêdongengan. Kangge lintunipun anggèning mungal: ucapira kang têmên, ing ngriku nyariyosakên lêlampahanipun tiyang pintên-pintên ingkang têmên ungêlipun, lajêng kacariyosakên kadadosaning katêmênanipun wau. Dene ingkang kangge lintuning piwulangipun: sira aja goroh, punika lajêng nyariyosakên lêlampahanipun tiyang ingkang sami rêmên goroh,

— 1 : 7 —

tuwin kadadosanipun. Makatên patrap pamulangipun dhatêng tiyang, murih sami amangun watak utami, dados tiyang lajêng mangrêtos sayêktos. Manawi guru jêngandika mulang wiskêndhê (kawruh etang), guru wau tamtu anêdahakên gunggunganipun cacah ingkang kapetang. Ingkang makatên amimbuhi têranging pangrêtos andika, langkung saking manawi jêngandika metang piyambak ingkang tanpa têtuladan.

Ambêg rahayu punika langkung prêlu tinimbang sakathahing wêwatakan. Kalampahanipun sae, bêgja tuwin majêng, punika têwah saking ambêg rahayu.

Wontên satunggaling dongèng: nyariyosakên lêlampahanipun ditya nami Praladha, amargi saking anggènipun nglampahi wajib sarana ambêg rahayu, lajêng kaparingan nugraha dening Sang Hyang Indra, pinarêngakên mangrèh tri bawana.[6] Nalika Sang Hyang Indra tumêdhak, amindha warna brahmana, Praladha katampi dados siswanipun, saking sangêting sungkêmipun Praladha dhatêng gurunipun, ngantos prasêtya sadaya dhawuhipun badhe dipun lampahi. Wêkdal samantên Sang Hyang Indra lajêng dhawuh: Praladha angaturna saening watakipun dhatêng Sang Hyang Indra. Sanadyan Praladha sangêt [sa…]

— 1 : 8 —

[…ngêt] sumêlanging manahipun dhatêng kadadosanipun bilih sirna watakipun sae, ewadene Praladha nyandikani, sinaksèn ing prasêtya. Nalika wau Praladha linggih kalayan manah dhatêng kasagahanipun, katingal wontên cahya, sunaripun tanpa watêsan mêdal saking badanipun. Ing ngriku Prabu Praladha pitakèn: sira iku sapa, cahya mangsuli: ingsun iki maujuding watakira bêcik, kang nêdya sira pisah, samêngko ingsun anguncati, arêp manjing marang brahmana kang binaktèn ing siswane. Wontên wujud sanèsipun malih ingkang mêdal saking sariranipun Prabu Praladha, sarêng dipun pitakèni mangsuli: ingsun watak adil, ingsun kudu manggon ing êndi kang dinunungan dening watak bêcik. Makatên ugi wêdaling katêmênan, pandamêl sae, pangwasa sarta kabêgjan, wêdalipun kabêgjan wau sarwi wicantên, hèh Praladha, amarga saka bêciking pambêganira, sira bakal bisa mangrèh tri bawana.

Samêngko wus kasumurupan kabèh, sira amboyong ratuning dewa, marga saka bêciking pambêkan, adil, têmên, panggawe bêcik, pangwasanira lan ingsun pribadi, lah sira kang wicaksana, kabèh mau tumuwuh saka bêciking pambêkan. Sasampunipun makatên kabêgjan lajêng uncat atut wuri dhatêng pambêka[7] sae,

— 1 : 9 —

(Santiparwa: § 124).

Wontên têtuladan sae sanèsipun, sambêt kalihan kasusilan, ingkang marambah-rambah kula sumêrêpi, wontên ing sêrat, Mahabarata, suraosipun anêdahakên, manawi pambêkan ingkang sae tumrap salah satunggiling tiyang punika botên tamtu prayogi tumrap tiyang sanès, sarta kawajiban punika dumunung wontên tiyang wau tiyang punapa. Manawi andika punika lare, ingkang sae tumrap andika, punika anglampahi saparentahing guru andika, bilih jêngandika dados guru, ingkang sae tumrap andika punika anêdahakên tiyang dhatêng kawajibanipun. Bilih ijêngandika punika bapa, wajib ijêngandika ngayomi suta andika. Nanging manawi jêngandika anak jalêr, wajib ijêngandika angestokakên parentahipun sudarma andika. Ingkang migunani tumraping tiyang, dumunung wontên kawruhipun, sarta wontên pratitisipun anggèning anambut kawajibanipun, ing pundi pamanggènipun ingkang tinêdahakên dening gêsangipun.

Tumrap andika para siswa, botên prêlu nyumêrepi kawajibaning tiyang dados bapa. Ingkang prêlu tumrap andika, nyumêrepi kawajibaning siswa sarta anglampahi.

— 1 : 10 —

Sêrat Mahabarata punika ingkang kaluhurakên, prakawis pambêkan sarta pamanggèning gêsang andika.

Sêrat wau nyumêrêpakên sadaya ingkang prêlu tumrap satunggal-tunggaling tiyang, wontênipun ing piwulang kasusilan. Pintên-pintên sêrat ingkang angêwrat piwulang amung tumrap tiyang sagêlêngan, sarta amung piguna tumrap para ingkang sampun luhur kawruhipun, nanging tiyang ingkang botên lantip lajêng botên sagêd nampèni.

Sêrat anggêr amung piguna tumrap tiyang ingkang sami angsal piwulang pangadilan, nanging botên migunani tumraping amongtani. Pintên-pintên sêrating agami ingkang amung tumrap para mursid, ananging sêrat Mahabarata pakangsal tumrap sintên kemawon, sarta sapintên sakêdhiking sasêrêpanipun, ewadene mêksa angsal piwulang. Dados sêrat wau kenging kawaos dening sawiyah tiyang, sarta sabên tiyang sagêd angsal kabêgjan saking ing ngriku. Sanadyan tiyang botên maos sêrat sanèsipun, tiyang badhe sagêd angsal sawêrnining kawruh. Manawi tiyang bêtah badhe ngudi kawruh agami tuwin kasusilan, sagêd angsal kawruh amung saking maos serat Mahabarata.

b) Sadarsana, angrêmbag bab cipta, dayaning kanalaran tuwin daya ing nglêbêtipun manungsa. Sadarsana amarah kasunyataning pangeran,

— 1 : 11 —

manungsa, dunya tuwin dumados (heelal), sadaya wau pinangkat-pangkat saking ciptanipun. Mahabarata marah bab sadarsana, ingkang alêlandhêsan agami Hindhu. Kacariyos wontên satunggaling narendra ingkang sakalangkung luhur, (Allah), inggih punika pribadi kang esa, dumunung ing nglêbêtipun satunggal-tunggal, tuwin ing nglêbêtipun samukawis. Pangeran punika wontên ing pundi-pundi, ing nglêbêtipun srêngenge, ing rêmbulan, ing lintang, ing nglêbêtipun para dewa tuwin manungsa, ing nglêbêtipun kewan, têtuwuhan, tuwin ing pêpêlikan. Wontên gêsang satunggal, sumimpên ing nglêbêtipun sadaya, inggih punika Pangeran kang Maha Agung. Dados sadaya dumados punika satunggal, mila botên lêrês manawi pêpisahan. Pundi ingkang sae tumrap salah satunggal inggih sae tumrap sadaya, pundi ingkang sae tumrap sadaya inggih sae tumrap salah satunggal. Amila kita kêdah amêmitran kalihan sadaya, sarta asih dhatêng sadaya. Tiyang punika gêsang satunggal, dados manawi tiyang anyêrikakên dhatêng tiyang sanès, punika anatoni manahipun piyambak. Gêsang ingkang wontên ing lêmbu, punapa ing nglêbêting pêksi, punika inggih gêsanging tiyang. Jêngandika wajib kêdah rumêksa sarta angayomi, kados dhatêng gêsang andika piyambak. [piya…]

— 1 : 12 —

[…mbak.] Kaparênga kula nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Usinara kalihan pêksi dara ingkang nêdya nyuwun pangayoman ing panjênênganipun. Kawajibaning ratu ingkang minulya piyambak punika angayomi sadhengah ingkang sami wontên ing dalêm wawêngkoning kaprabonipun. Dewa kêkalih, Sang Hyang Indra kalihan Bathara Agni, karsa anyobi kasêtyanipun Sang Prabu Usinara ing ngatasing kawajiban. Sang Hyang Indra mancala warna pêksi alap-alap, dene Bathara Agni dados dara. Sasampunipun sami mancala warna, alap-alap lajêng ambujêng pun dara, mila dara ngupaya pangayoman dhawah ing pangkonipun sang prabu. Alap-alap matur manawi dara punika sampun pinasthi dados boyonganipun. Ananging sang prabu botên marêngakên, amargi awêwaton pasêksèn, dene dara nyuwun pangayomanipun ratu ingkang amêngku ing praja wau. Pun alap-alap lajêng pratela manawi kecalan têdhanipun, punika ugi kawajibaning ratu angayomi kawulanipun ingkang badhe pêjah kaluwèn. Sang prabu botên karsa anguculakên dara saking pangayomanipun, mila dhawuh badhe anglintoni tatêdhan sanèsipun, ananging kaparingan punapa kemawon alap-alap botên narimah, pun alap-alap ugi purun nampèni manawi linintu daginging [daging…]

— 1 : 13 —

[…ing] sariranipun sang prabu ingkang bobotipun sami kalihan wawrating dara. Sang prabu marêngakên mila lajêng angiris sariranipun kadèkèk ing taraju sinisihan pêksi dara. Ananging tansah jumplang awrat daranipun, ngantos kawêwahan marambah-rambah kairisakên malih mêksa awrat daranipun, ngantos sariranipun têlas dagingipun, sadaya kadèkèk ing taraju. Sanalika wau dewa kêkalih lajêng sami ngejawantah, sarta paring nugraha dhatêng sang prabu, dene sang prabu sampun kadugi anglilahakên sariranipun piyambak kangge lintunipun titah ingkang nyuwun pangayoman ing panjênênganipun (Wanaparwa: § 130-131).

(c) Sêrat Mahabarata punika satunggaling sêrat piwulang sae, malah bokmanawi langkung saking samantên, sêrat wau kandêl isi: 18 dhil, ing ngriku nyariyosakên lêlampahan sayêktos watawis sampun gangsal èwu taun dumugi samangke. Gangsal èwu taun ingkang kapêngkêr, Sri Krêsna anggènipun anilar sariranipun wadhag, ing nalika wiwitaning jaman Kali, wêkasaning cariyos wau, ing ngriku anggènipun Sri Krêsna uncat saking dunya. Ingkang prêlu kêdah dipun sumêrêpi, bilih punika sanès pangathik-athiking tiyang, nanging satunggaling cariyos lêlampahanipun tiyang ingkang sampun kalampahan sayêktos,

— 1 : 14 —

ing ngriku nyariyosakên lêlampahaning bôngsa satriya agêng-agêng, inggih punika prajurit ing tanah Hindhu, ingkang saperangan agêng sirna wontên samadyaning paprangan agêng. Para wadyabalanipun para satriya agêng-agêng wau ingkang sampun adamêl rahayu saha amagêri waja nagari Hindhu. Kalampahan kathah ingkang sami kasambut ing madyaning palagan agêng, sisaning pêjah bôngsa wau lêstantun kados satunggaling golongan ingkang kuwawi, sarta têdhak turunipun kantun sawatawis, sami pating salêbar panggenanipun. Inggih sirnaning bôngsa wau ingkang kadi amêngakakên kontênipun praja Hindhu, wasana lajêng asor sarta alum.

Kaliyoga punika satunggaling jaman, ingkang têtiyanganipun sirna piyandêlipun dhatêng para dewa tuwin pandamêlipun para dewa, mila saya sangêt korupipun dhatêng kawontênan lair. Ingkang kapitados amung samukawis ingkang kenging katingalan, kamirêngakên, ginrayang, kaambu tuwin dipun kênyami. Ringkêsipun samukawis ingkang kenging sinarawung dening indriyanipun badan-badan. Andika pitados dhatêng bangku, amargi kenging andika tingali tuwin ginrayang, andika pitados dhatêng satunggaling griya tiyang, kawontênan sakiwa têngên andika, awit andika

— 1 : 15 —

sagêd nyumêrêpi. Ananging kathah tiyang ingkang botên pitados dhatêng samukawis ingkang piyambakipun botên sagêd aningali utawi anggrayang. Dhatêng para dewa ingkang salami-laminipun tansah anjangkung manungsa, malah dhatêng kang maha luhur, ingkang sugêngipun ugi dados gêsanging manungsa, sami botên pitados. Kathah tiyang ingkang pitadosipun dhatêng punika wau taksih sêmang-sêmang. Tiyang-tiyang ingkang makatên botên mungêl bilih piyambakipun botên pitados dhatêng para dewa, ananging gêsangipun sampun amratandhani manawi pancên botên pitados. Samukawis kawontênan sakubêngipun tiyang ingkang dipun wontênakên dening para dewa, punika botên kaanggêp bilih dewa ingkang ngwontênakên. Jêngandika mastani kodrad dhatêng srêngenge ingkang andadari, rêmbulan ingkang sumorot, gumrujuging toya, punapadene urubing latu, punika kawontênan ingkang padatan kemawon. Môngka ing nglêbêtipun satunggal-tunggalipun wau isi satunggaling dewa ingkang anambut karya. Bilih latu murub ing tumang punapa ing wana, punika pakartining dewa, dene latu wau lampah pamarkati anggèning ngatingalakên kawontênanipun. Latu punika botên saking pakartining tiyang ingkang sagêd dhatêng kawruh pamisah, ananging punika pakartining Bathara Agni sarêng

— 1 : 16 —

gumêlar wontên ing dunya. Gumêlaripun wontên ing alam sanès-sanèsipun, santun lampah malih, nanging wontênipun ing ngriki awujud latu. Kados ilining lèpèn Gangga, punika ing ngriku wontên satunggaling widadari ingkang anambut karya. Gumêlaripun wontên kaswargan botên makatên, nanging wontênipun ing ngriki dados lèpèn agêng. Bilih andika botên pitados dhatêng ingkang makatên wau, sêrat Mahabarata lêstantun dados cangkriman ingkang jêngandika botên sagêd ambadhe. Karantên ing sêrat Mahabarata nyariyosakên kawontênan ingkang kados sayêktos, tuwin botên kados pasêmon. Anggènipun badhe nyumêrêpakên punika botên cariyos, manawi latu ambêsmi wana Kandhawa, amung lajêng dipun cariyosakên manawi Bathara Agni anglêbur wana wau.

Sêrat Mahabarata tansah nyariyosakên samukawis ingkang sampun kawontênakên dening dewa. Tiyang ingkang botên pitados dhatêng dewa nganggêp manawi punika amung pangathik-athik ingkang pinardawa. Botên sapintêna tiyang ingkang pitados, bilih makatên wau samangke ugi taksih tumindak, sarta lêstantun tumindak ing salami-laminipun. Ing jaman sanès-sanèsipun, para dewa anambut karya sarta ngatingali ing manungsa. Samangke [Sa…]

— 1 : 17 —

[…mangke] sêsingidan, amargi pitadosipun manungsa amung dhatêng kawadhagan, botên dhatêng panjênênganipun. Kalamôngsa tiyang ingkang sukci tuwin ambêk sih sagêd sumêrêp dhatêng para dewa, kados ing jaman kina, mila tiyang wau pitados dhatêng ungêling sêrat kados makatên punika, dados cariyosing lêlampahan wau lajêng katingal botên anglêngkara.

Wêkdal samangke sabên-sabên wontên tiyang mungêl, bilih peranganing kodrad ingkang botên kasatmata, winastan kodrad kang luhur, punika kalintu. Kodrading alam-alam sarta kawontênan punika ingkang kathah botên katingalan dening maripat wadhag, ananging têtela punika wau ingkang angebahakên alam kang asor.

Ing têmbe para dewa marah piyambak dhatêng manungsa, kalamôngsa alantaran para linangkung, ingkang sinêbut para wicaksana utawi rêsi. Mantram, pikajêngipun: tatêmbungan, utawi kaèbêkan suraos, ingkang ungêlipun wontên pangwasanipun, tumrap ing alam gaib — kawarahakên supados dipun pedahakên dening tiyang. Dene dayaning mantram wau angedap-edapi. Tiyang sampun sami kawarah kadospundi anggènipun angèsthi, murih ciptanipun tuwuh pangwasanipun.

— 1 : 18 —

Kita sampun maos, kadospundi tiyang anggènipun ngèsthi dhatêng para dewa, sarta sagêdipun dewa kasumêrêpan ing tiyang, awit saking pangèsthinipun wau. Kadospundi tiyang anggènipun ngèsthi dêdamêl, sarta sagêdipun dêdamêl wau kadarbe ing piyambakipun. Cipta punika salami-laminipun wontên daya kakiyatanipun, para sarjana sampun kathah ingkang sami anyobi. Nadyan ing jaman kina ugi botên sabên tiyang sagêd anandukakên pangwasa andhatêngakên dewa, utawi andhatêngakên dêdamêl, saèstunipun amung para linangkung ingkang sagêd anêtêpi piwulangipun para dewa tumrap prakawis wau. Samangke wontên yogi sawatawis sagêd nandukakên dayaning cipta, amargi para dewa punika botên nate ewah ginggir, pakartinipun inggih botên nate santun, nanging tiyang saya têlas pangwasanipun, kabêkta saking botên pitados dhatêng dewa.

Para dewa punika ingkang masesa bawana, kadosdene kusir anggèning angêlisi kapal rakitan. Dados dunya punika rinèh ing para dewa. Pêpindhanipun kados jêngandika numpak kareta, kalayan anyêpêng lis, lajêng anginggokakên kapalipun dhatêng ing pundi ingkang andika kajêngakên, makatên wau panjaginipun para dewa dhatêng dunya, sarta anurunakên kakiyatan dhatêng [dha…]

— 1 : 19 —

[…têng] ing dunya, lajêng kaingêr keblatipun.

Salami-laminipun para dewa tansah nindakakên kawajibanipun amranata bawana murih prayoginipun, amargi bawana sampun dangu anggènipun lumampah, mila tamtu manggih pintên-pintên simpangan ingkang nyimpang saking margi agêng. Ingkang kaupamèkakên margi agêng wau kawastanan: kamajêngan (Evolutie) inggih punika ingkang linangkungan sagung dumados, saking wiwitan ngantos wêkasanipun. Manawi jêngandika lumampah saking ing Bênarès ngriki, dhatêng ing Alabat, jêngandika nglangkungi pintên-pintên simpangan, ananging manawi jêngandika lêstantun lumampah urut margi agêng wau, andika badhe tumuntên dumugi ing Alabat. Para dewa anggènipun angusiri bawana kawêdalakên urut margi agêng, ananging manungsa kalamôngsa lajêng minggok anut margi simpangan, ingkang katingalipun sakeca dipun langkungi, môngka saurut pinggiring margi agêng wau pinagêran saha dipun jagang, dados manawi tiyang amargi saking pangangkahipun piyambak nêdya minggok saking margi agêng tamtu lajêng kacêmplung ing jagang utawi katatap ing pagêr, ing ngriku tiyang mastani, manawi tiyang wau manggih sangsara tuwin kasusahan. Ananging kasusahan tuwin kasangsaran wau sae, dene dhumawah ing piyambakipun, awit upami [u…]

— 1 : 20 —

[…pami] para dewa botên andèkèkana pakèwêd ing margi simpangan wau, tiyang badhe kalajêng-lajêng anggènipun kasasar, wêkasan bilai.

Kalamôngsa, tiyang sanagari sadaya sami langkung margi simpangan, ing ngriku dewa lajêng angwontênakên prang agêng utawi pacêklik, tuwin sêsakit agêng wontên ing margi simpangan wau. Tiyang sabôngsa sami lumampah ing margi simpangan, mila kêdah dipun têdahakên manawi lampahipun kasasar, awarni panandhang, supados sampun anglampahi makatên malih. Paprangan agêng ingkang sami dipun sumêrêpi wontên ing sêrat babad wau, têtela saking kaparênging para dewa, amargi para dewa kawajiban kêdah adamêl kamajênganing tumitah. Tiyang sumêrêp kados punapa kathahing tiyang sarta kewan ingkang anêmahi pêjah ing paprangan wau, ngantos tiyang mastani sakalangkung anggêgirisi, utawi mêmêlas sangêt.

Ananging sayêktosipun sanadyan tiyang punapa kewan, ingkang sami anêmahi pêjah ing paprangan wau, amung ingkang badanipun sampun botên pakangsal kangge amangun kamajêngan. Bilih badaning tiyang punika sampun botên kenging pinakartèkakên, badan wau lajêng kabucal dening para dewa, murih tiyangipun lajêng sagêd [sagê…]

— 1 : 21 —

[…d] angsal badan ingkang saya prayogi. Risaking badan punika limrahipun winastan pêjah. Môngka badan têtela kadosdene pangangge ingkang rinasuk ing tiyang, mila sabên tiyang minggah darajatipun, badanipun tamtu lajêng risak. Sagunging tiyang ingkang lena ing palagan agêng wau, sami lajêng minggah ing kaswargan, nunggil kalihan para dewa.

Pakaryanipun para dewa anindakakên anggêr-anggêring Gusti kang amaha luhur, inggih iswara, ingkang gumêlaripun dados trimurti: Mahadewa, Wisnu tuwin Brahma. Anggêr wau ingkang mangun kamajênganing sadaya dumados ngantos kados ayang-ayanganing Pangeran. Anggarap kamajêngan makatên wau kawajibanipun para dewa, utawi botên amung tumrap salah satunggal, dados kawajibanipun beda kalihan manungsa. Anggènipun para dewa ngwontênakên kasusahan, panasaran, sarta godha, wontên ing margining manungsa, punika badhe anyobi kasantosaning manungsa, supados manungsa saya wimbuh karosanipun saha kasinungan kawicaksanan tuwin sami ambêk utami. Ing nalika para dewa anindakakên pakaryanipun, kalamôngsa kêdah angwontênakên warni-warni, ingkang botên sakeca tumraping manungsa. Anggènipun para dewa ngwontênakên makatên, punika tumrap [tu…]

— 1 : 22 —

[…mrap] manungsa ingkang botên anut têpa palupi. Upaminipun para jaksa ngukum tiyang ingkang lampah awon, punika minôngka pemutipun tiyang limrah, manawi tiyang mandung raja darbe andika, tiyang wau lajêng kaukum dening pangadilan, awit tiyang wau anêrak anggêr-anggêr, sanajan botên mandung darbèking jaksa, utawi anêpsoni para jaksa. Ananging upaminipun jêngandika kapandungan, jêngandika nêpsu sarta amarôngka pandungipun, punika jêngandika kalêpatan. Manawi jêngandika langkung sêpuh, jêngandika kawajiban mulang pundi ingkang botên lêrês. Jêngandika manggalih sarta tumindak kangge prayogi andika piyambak. Ingkang kangge adamêl sênênging manah andika piyambak wau, lajêng dipun anggea nglampahi pakaryaning Gusti.

Saking sêrat Mahabarata tiyang sagêd nyumêrêpi, wontên tiyang sabôngsa ingkang kalintu tindakipun, mila bôngsa wau lajêng sangsara. Inggih punika ingkang dipun wastani anggêr-anggêring kasusilan. Dene ingkang anindakakên anggêr-anggêr wau para dewa. Upami kalampahan Hindhu dados samêsthining karajan ingkang kuwawi tuwin mardika, punika tamtu amung saking tiyang Hindhu sampun angèstokakên agami saha lampah sae. Sampun botên wontên sanèsipun kajawi makatên. Amargi ingkang

— 1 : 23 —

mangrèh dunya punika para dewa, manawi dewa angluhurakên têtiyanganipun satunggaling nagari, punika tamtu ganjaran anggènipun sami lampah sae. Ingkang makatên wau lampah ing anggêr kasusilan. Manawi tiyang sami lampah awon, nadyan suwaunipun bôngsa agêng inggih lajêng dados alit. Dene bôngsa alit ingkang lampah sae, lajêng dipun luhurakên.

Manawi satunggaling bôngsa dumugi mangsanipun ewah, — upaminipun tiyang Hindhu badhe dados kados gangsal èwu taun ingkang sampun kapêngkêr, tamtu wontên sujanma ingkang kalairakên ing Hindhu. Pintên-pintên sujanma ingkang agêng kasaenanipun, tuwin druhaka, kuwawi, saha tiyang awon. Tiyang-tyang wau linairakên ing ngriku, amargi nagari ngriku bêtah sadaya wau, sarta sadaya punika tiyang-tiyang ing gêsangipun ingkang kapêngkêr sampun mirantos badhe anggarap pandamêlan prêlu. Para linangkung wau, nadyan kang sae punapa kang awon, punika botên sawêg sapisan punika wontênipun ing Hindhu. Ing gêsangipun rumiyin sampun sae tindakipun, mila lajêng sinung karosan, kalampahan lajêng linairakên ing môngsa ingkang kaèbêkan bêbaya, prêlu badhe anambut karya sêsarêngan kalihan para dewa. Panunggilanipun malih tiyang ingkang awon- awon,

— 1 : 24 —

punika suwaunipun murka, bêngis, tuwin tansah mangunêk-unêk, sadaya punika maedahi tumrap anggêr-anggêring kamajêngan, sarta amargi saking panglawanipun wau lajêng andadosakên buthêg, ingkang kêdah dipun sinau kasumêrêpan dening tiyang Hindhu. Bilih makatên kadadosaning lampahipun, nadyan para ingkang sami sae-sae punapa tiyang ingkang awon-awon, punika inggih badanipun piyambak ingkang ngrancang takdiripun. Ingkang sae-sae badhe sêsarêngan anambut karya kalihan para dewa, dene ingkang awon badhe makèwêd, botên kangge pambiyantu prêluning dewa. Ananging tiyang ingkang migunani mêsthi tinuntun dhatêng panggenan ing pundi anggènipun badhe anambut karya, mila linairakên ing ngriku.

Kula manggih cacriyosan ing Adiparwa, inggih punika dhil kapisanan saking sêrat Mahabarata, bilih pangrantamipun prang agêng punika wontên ing kaswargan. Para dewa sami parêpatan lajêng anêmtokakên, kêdah anglairakên sagunging tiyang ingkang sampun tinamtu minôngka panuntunipun. Ingkang pinilih tiyang sakawan, ingkang rumiyinipun sampun nate dados nayakanipun ratuning para dewa, ingkang sinêbut Hyang Indra. Bathara Indra punika angratoni para dewa, sarta sakawan wau suwaunipun inggih [ing…]

— 1 : 25 —

[…gih] Indra. Kacariyos Sang Hyang Indra amargi dados ratuning para dewa, mila lajêng kumaluhur. Wêkasan kasiku kêdah anyèlèhakên kaprabonipun sawatawis môngsa. Pangandikanipun Hyang Mahadewa: sing sapa kang kaya wêwatakanira mau, padha ora olèh nugrahaningwang. Sang Hyang Indra angèstokakên sarwi ngunandika bilih sariranipun kalihan Indra sanèsipun, badhe manjanma prêlu anambut pakaryan ingkang dados gêgadhanganipun, murih sarampunging karya lajêng sagêd wangsul dhatêng ing kaswargan malih. Ing nalika wau Indra sakawan lajêng matur, manawi linairakên saking pawèstri sintên kemawon, sagêda sudarmanipun dewa. Dene Indra ingkang ôngka gangsalipun, pratela bilih panjênênganipun pribadi badhe anitahakên tiyang ingkang ôngka gangsal. Bathara Mahadewa marêngakên (Adiparwa §199).

Sarêng sampun dumugi mangsanipun, Indra sakawan wau linairakên dados Yudhistira, Bima, Nangkula tuwin Sahadewa, dene ingkang minôngka sudarmanipun, inggih punika Bathara Darma (dewaning adil), Bathara Wayu (dewaning angin) sarta Bathara Aswin kalih pisan. Ananging Arjuna punika suwaunipun rèsi agêng, lairipun malih dados putranipun Bathara Indra ratuning dewa. Prajurit gangsal pisan wau ingkang nêdya sami dipun sumêrêpi [sumê…]

— 1 : 26 —

[…rêpi] lêlampahanipun, inggih punika ingkang unggul ing palagan agêng Têgalkuru.

Sabibaring prang agêng wiwit ngancik jaman enggal, kacariyos wêkdal samantên dewaning para dewa ingkang jêjuluk Sang Hyang Wisnu manjanma piyambak dhatêng ing dunya, minôngka awatara, sêsilih Sri Krêsna, asêsarêngan kalihan swasa, naga kalanggêngan ugi manjanma dados sadhèrèkipun Krêsna, kêkasih Balarama (Adiparwa §199) kawuningana awatara punika pangejawantahipun têtungguling dewa, mila manjanma prêlu mangrurah piawon, bilih piawon sampun saya andadra, sarta kawistara badhe angandhêg lampahing kamajêngan.

Tatelanipun sêrat Mahabarata punika babading bôngsa têdhakipun satunggaling narendra, ingkang jajuluk Prabu Barata. Panjênênganipun putranipun Prabu Dusjanta mijil saking Dèwi Sakuntala, ingkang aluraning lêlampahanipun ugi wajib sami andika sumêrêpi, (Sakuntala punika dêdongenganipun Sang Kalidhas). Baratas atêgês têdhakipun Prabu Barata, dene: maha, atêgês agêng, dados sêrat wau babad agêng nyariyosakên lêlampahanipun para têdhak Barata. Ing antawisipun para têdhak Barata wontên satunggal ingkang akêkasih [akê…]

— 1 : 27 —

[…kasih] Kuru. Panjênênganipun wau (Kuru) jumênêng nata binathara, punapadene agêng kasubratanipun. Prabu Kuru ambangun tapa wontên ing ara-ara ingkang winastan Têgalkuru-Ksetra, pikajêngipun têgalipun Kuru, inggih ing ngriku ingkang kangge ajanging paprangan agêng punika. Ing antawisipun para darah Kuru wontên têtiga, satunggal sinêbut Dritarastra, netranipun wuta, ingkang putranipun sami amangun yuda ing palagan agêng amung anjurungi piawon. Panênggakipun Pandhu, sudarmanipun nararya gangsal ingkang ambangun prang anglabêti watak sae. Ingkang waruju Sang Widura, punika linangkung ing kawicaksanan sarta adilipun, tuwin dados bangbang pangalum-aluming praja Ngastina. Cariyos lampahan saha pandamêlipun sadaya punika, kasêbut wontên ing sêrat kakidungan agêng ingkang kabagi dados wolulas parwa (dhil) sabên saparwa wontên naminipun piyambak-piyambak kapiridakên cariyos ingkang kamot ing ngriku.

Kidung wau pinangkanipun saking Ugrasarwa katampèkakên dhatêng para ambangun tapa ingkang sami dhadhepok ing wana: Naimisia, dene Ugrasarwa punika putranipun Lomaarsana, apêparab Suti. Ing antawisipun para ambangun tapa wau pitakèn dhatêng Ugrasarwa, piyambakipun punika ing pundi pinangkanipun, [pinangkani…]

— 1 : 28 —

[…pun,] winangsulan: manawi mêntas tumut angèstrèni pamiwahaning sêsaji agêng anggènipun Sang Prabu Janamejaya adamêl sêsaji naga. Ing ngriku mirêngipun kidung Mahabarata ingkang lajêng kasinau piyambak. Sêrat punika anggitanipun ingkang wicaksana Krêsna Dwipayana, mila sinêbut Krêsna: amargi kulitipun cêmêng, Dwipayana: awit lairipun wontên ing Pulo Wedhawiyasa, sabab panjênênganipun ingkang ngimpun sarta nata Sêrat Wedha. Rêsi wau nêmbung dhatêng Suti supados kawarah, mila lajêng kalampahan sami kawarah.

Inggih punika babad ingkang badhe kaparsudi, kawiwitan saking bab urutipun punika.

— 1 : 29 —

Bab II Ing Nalika Para Senapati Wau Taksih Sami Jêjaka

Dongèng kula bab paprangan agêng, badhe kula wiwiti saking nyariyosakên sagung lêlampahan ingkang kawursita wontên ing Adiparwa, inggih punika dhil sapisan saking Sêrat Mahabarata. Kula badhe ngaturakên timuripun, lêluhuripun sarta panggulawênthahipun para senapati ingkang sami kacariyos wontên ing dêdongengan wau. Awit saking pangudi, tiyang badhe pariksa suraosipun wêwaton ingkang kacariyos wontên ing bêbukanipun sêrat punika.

Wontên ing Mahabarata, Sang Bisma ingkang dipun cariyosakên luhur sarta kakêndêlanipun botên wontên ingkang nyamèni. Panjênênganipun wau pêpêthinganing bôngsa Arya, Sang Bisma pantês kangge tatuladanipun sintêna ingkang tumitah wontên ing dunya. Dosa ingkang limrahipun tiyang sami botên sagêd anyingkiri, punika botên sagêd anglèpèti sugêngipun Sang Bisma, botên kewran anindakakên kawajiban condhongipun kalihan yuswanipun. Sang Bisma botên nate nalisir saking darmanipun, botên nate sumimpang saking têngah-têngahing marginipun, botên nate nyimpang mangiwa tuwin manêngên. Panjênênganipun punika guru, [gu…]

— 1 : 30 —

[…ru,] inggih nayaka. Nalika dados putra, nayaka tuwin wali, lêstantun têtêp ing darmanipun. Ing satunggal-tunggal peranganing sugêngipun, punika sagêd angrampungakên jajibahanipun.

Sadèrèngipun Bisma katitahakên dhatêng marcapada, ing kaswargan wontên pasamuwan agêng. Prabu Mahabisa ingkang sagêd anggayuh kaswargan saking sêsajinipun, ugi manjing ing pasamuwaning para dewa. Punapa dene Bathari Gangga, ratuning sadaya lèpèn, inggih wontên ing ngriku. Nêdhêng ramening pasamuwan, Bathari Gangga katêmpuh ing samirana ngantos pangagêmanipun kapisah saking sariranipun. Para dewa lajêng sami tumungkul, murih Bathari Gangga sampun ngantos lingsêm, amung Prabu Mahabisa ingkang lêstantun dêngèngèk. Ing nalika wau Hyang Brahma lajêng angêsotakên dhatêng sang prabu. Têrangipun ingkang ing ngriki katêmbungakên: angêsotakên, punika mratelakakên kasangsaran ingkang badhe kasandhang, amargi saking kalintuning tindak tuwin ciptanipun (kadadosaning cipta tuwin pandamêl, warganing Teyosopi mastani: karma) dados sotipun para rêsi utawi dewa, punika wêca cucawanganing[8] karma, amargi Prabu Mahabisa dosa nêrak kasusilan, mila Brahma ngêndika, bilih sang prabu kêdah kalairakên dhatêng ing dunya, anilar kaswargan, makatên ugi Dèwi Gangga badhe katurunakên [ka…]

— 1 : 31 —

[…turunakên] dhatêng alaming manungsa, sarwi anandhang papa. Nanging manawi sampun tangi kanêpsonipun, Dèwi Gangga badhe luwar saking papa cintrakanipun.

Sarêng dumugi môngsa lairipun Prabu Mahabisa, sang prabu dados putranipun Prabu Pratipa, narendra mahambêk sukci. Ing satunggaling dintên, sang prabu kundur saking anggènipun ambangun tapa, wontên rara kênya ingkang sulistya ing warni, dumrojog tanpa larapan lajêng linggih ing pangkonipun sang prabu, inggih punika Bathari Gangga ingkang amindha warni manungsa. Matur ing sang prabu sarwi angasih-asih kaparênga sang prabu anggarwa ing piyambakipun. Sang prabu botên kaparêng ing galih, ananging sagah badhe kadhaupakên kalihan putranipun. Bathari Gangga nyandikani, nanging atur papèngêt dhatêng sang prabu, manawi ing têmbe putranipun sang prabu kalampahan anggarwa ing piyambakipun, rajaputra sampun ngantos anyaruwe, sadaya pandamêlipun sanadyan sae punapa awon. Nalika wau sang prabu sakalihan pramèswari lajêng amêsu brata, murih pinarêngna kagungan putra ingkang utami, ing ngriku panjanmanipun Prabu Mahabisa, dados putranipun Prabu Pratipa, putra lajêng sinung nama Santanu. Wrêdinipun: katêntrêman kang jinêm. Sarêng Santanu sampun rumaja putra kang rama dhawuh

— 1 : 32 —

manawi tamtu badhe kadhatêngan widadari ingkang nêmbung supados kagarwa, pangandikanipun, Santanu manawa widadari iku têka, tampanana dadi garwanira, ananging gèr, sutaningsun kang tan kalepetad[9] dosa, aja pisan-pisan sira ngowahi sapanggawene garwanira mau, nadyan ala utawa kang becik, sira aja takon arane, utawa lêluhure, lan pinangkane, mung banjur garwanên kang awit saka parentah ingsun.

Nararya Santanu kajumênêngakên nata, dene sang prabu lajêng bagawan. Jumênêngipun Santanu, karaton saha nagarinipun mulya. Ing satunggaling dintên nalika sang prabu lêlangên urut pinggiring lèpèn Gangga, panjênênganipun wuninga rara kênya sakalangkung endah ing warni, ingkang sangêt anênarik panggalihipun, mila lajêng dinangu: punapa piyambakipun purun kapundhut dados sori nata. Rara kênya wau inggih Dèwi Gangga ugi lajêng nyandikani, nanging mawi bêbana, salêbêtipun tungtunggilan,[10] sang prabu sampun ngantos nyaruwe sadaya pandamêlipun, aturipun makatên: sang prabu, panduka sampun ngantos wontên solah bawa ingkang nawung raos bêndu, sadangunipun panduka taksih amêngku ambêk sih, kula sanggêm lastantun anyèthi, ananging manawi sang prabu ngantos amêngku dêduka, punapadene nyaruwe dhatêng solahbawa [so…]

— 1 : 33 —

[…lahbawa] kula sinuwun, saèstu kula lajêng anilar panduka, dhawuh wangsulanipun sang prabu: pamintanira dakparêngake. Mila lajêng kalampahan kagarwa. Pikramanipun sang prabu kalihan Dèwi Gangga sakalangkung mulya.

Ing nalika Dèwi Gangga anglairakên putra, bayi enggal binopong dening pramèswari lajêng binucal dhatêng lèpèn sarwi ngandika: tampanana nugraha kang tuwuh saka bêciking sêdyanira. Makatên ugi sarêng pêputra kaping kalih, kaping tiga, salajêngipun ngantos kaping pitu. Narendra ingkang sakalangkung mêmêlas wau sakalangkung singkêl ing panggalih, sarta rumaos sangsara, panjênênganipun botên rêna sangêt dhatêng tindaking garwanipun ingkang makatên wau, ewadene sang prabu botên kawiyos pangandikanipun, murih sampun ngantos katilar dening garwa. Kawuningana sarêng ambabar ingkang kaping wolu, kados ingkang sampun-sampun, bayi badhe pinondhong dening ibu sarwi mèsêm, nêdya binucal dhatêng lèpèn. Sang prabu anyêgati, kalihan pasêmon ingkang sakalangkung sêdhih, pangandikanipun: adhuh, adhuh, aja pinatenan, sajarwaa, sira iku sapa, lan ing ngêndi pinangkanira, pagene sira matèni anak-anakira dhewe, hèh, panglêburaning para putraningsun, sapira ta gêdhening dosanira. [dosa…]

— 1 : 34 —

[…nira.]

“Dhuh Sang Prabu Santanu ingkang sakalangkung mêmêlas, saking agênging cobi, paduka ngantos kasupèn dhatêng dhawuhipun kang rama.” Atur wangsulanipun kang garwa: “putra punika botên badhe kula pêjahi, ananging angèngêtana prajanji nalika pêpanggihan sapisan, dados samangke dumugi mangsanipun kula anilar panduka. Kawuningana kula Gangga putrinipun Bathara Janu”. Ing ngriku Dèwi Gangga anyariyosakên lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr dangu, kawontênanipun dewa wolu anggènipun mandung lêmbu kamulyan, nama Nandhini, gadhahanipun Maharêsi. Ing antawisipun wasu wolu wau wontên satunggal ingkang nama Dyahu, inggih punika ingkang têmên angawaki mandung. Maharêsi angêsotakên, manawi para wasu badhe katurunakên dhatêng ing dunya minôngka paukumaning dosanipun. Para wasu sami angasih-asih nyuwun pangaksama. Maharêsi marêngakên, manawi para wasu wau badhe lajêng luwar ing warsa anggènipun linairakên dhatêng ing dunya, kajawi pun, Dyahu, awit dosanipun agêng, kêdah dangu pamanggènipun wontên ing dunya. Nalika wau para wasu lajêng manggihi Dèwi Gangga sarta prasabên, bilih Dèwi Gangga dados parawaning manungsa, para wasu badhe dados putranipun, supados sasampunipun lair [la…]

— 1 : 35 —

[…ir] saking guwa garbaning ibu lajêng kabucala dhatêng ing lèpèn, dados lajêng sagêd luwar saking badan wadhag kang minôngka pawarangkanipun. Wangsulanipun Dèwi Gangga: kula sanggêm badhe anglêksanani sapaminta andika, murih para wasu sagêd luwar saking pawarangkan wujud gêsang ing dunya. “O pêpêthinganing para narendra, amung pun, Dyahu ingkang kêsangêtên dosanipun, kapêksa sawatawis dangu gêsangipun wontên ing dunya, kados soting rêsi agung wau”.

Satêlasing aturipun, Bathari Gangga musna, ambêkta putranipun ingkang ôngka wolu, inggih punika panjanmanipun Wasu Dyahu. Têmbenipun sami kasumêrêpan, asêsilih Dèwa Wrata, Ganggaya, Santanawa, inggih Bisma (§ 96-99).

Manungsa asring-asring ajrih pêjah, môngka jêngandika priksa piyambak, manawi dewa kalairakên dhatêng ing dunya, lajêng rumaos kinunjara, dene pêjah kaanggêp mitra ingkang amêngakakên kontêning pawarangkanipun. Ing alam asor ngriki, tiyang sami bingah manawi wontên bayi linairakên, utawi sami nangis manawi wontên tiyang pêjah. Ingkang makatên kenging kaupamèkakên tiyang damêl pamiwahan agêng amargi wontên mitranipun ingkang kawarôngka, ananging nangisi manawi mitranipun luwar. Sabên wontên pêpêjah, inggih punika wontên dewa angluwari jiwa ingkang [ing…]

— 1 : 36 —

[…kang] kawarôngka, kados Bathari Gangga anggènipun asung pamudharanipun para wasu. Dados cariyos punika anêdahakên, kadospundi pakaryanipun para dewa, supados tiyang sumêrêp dhatêng panggarapipun sawarnining pakaryan, mila tiyang sêdhih punika saking kabodhoanipun.

Kados ingkang kacariyos ing nginggil, bilih Bathari Gangga ambêkta putranipun, ananging sarêng sampun diwasa, lajêng kapasrahakên dhatêng kang rama. Nararya Dewa Wrata kagulang amangun yuda tuwin sawarnining kawruh lair batos, mila amumpuni saliring kagunan miwah kawicaksanan, karosan sarta kasêtyanipun linangkung, gênging kasusilanipun satimbang kalihan kawruhipun. Ing satunggaling dintên, nalika kang rama sang prabu lêlangên urut têpining lèpèn Jamuna, priksa wanita ingkang sakalangkung endah, sang prabu kapencut, mila badhe kapundhut dados sori nata. Pawèstri wau anakipun juru misaya mina. Ananging Dhasa juru misaya mina, tiyang sêpuhipun pawèstri wau, badhe ngunjukakên manawi putra ingkang mijil saking anakipun ginadhang kagêntosakên kaprabonipun. Sang prabu botên marêngakên, karantên sang prabu sampun kagungan pangran dipati, punapa punika botên kagêstosakên.[11] Sang prabu kondur kalayan rudah ing

— 1 : 37 —

panggalih, sadumugining kadhaton, Dewa Wrata amêthuk kang rama kalihan anoraga, sarwi umatur: punapa darunaning prihatos. Sang prabu botên karsa sajarwa dhatêng putranipun, mila narpaputra enggal manggihi pinisêpuhing nayaka, ingkang sangêt bêkti, wigatos andangu mula bukanipun mila kang rama katingal nawung duhkita. Nayaka ngaturakên lêlampahanipun sang prabu kalihan juru misaya mina ing Jamuna. Sami sanalika wau Dewa Wrata angirit wadya sawatawis, tindak dhatêng griyanipun Dhasa, mangarih-arih supados Dhasa anglilahakên anakipun èstri kagarwa sang prabu. Aturipun juru misaya mina, botên sagêd ngunjukakên, margi sang prabu sampun kagungan pangran dipati. Ing nalika punika Dewa Wrata prasêtya mawi anêbut asmaning dewa, andikanipun: rungunên sêsanggêmaku marang sira, ingsun bakal anuruti sapanjalukira. Putra kang mijil saka Satyawati mêsthi bakal dadi ratuku. Dados sang nararya suminggah saking makuthaning kaprabon, supados kasambadan karsanipun kang rama sang prabu. Ewadene juru misaya mina dèrèng narimah, aturipun: sanadyan piyambakipun pitados bilih, Dewa Wrata mêsthi anêtêpi sasanggêmanipun, mêksa taksih sumêlang, punapa para putranipun Dewa Wrata ugi badhe nglêstantunakên. Dhawuhipun [Dhawuhi…]

— 1 : 38 —

[…pun] sang nararya: sapisan aku angêmohi jumênêng nata, aku uga arêp nyurês turunku. Hèh Dhasa, wiwit dina iki uga, aku sêmanggêm brahmacarya (botên nambut silaning akrami) amarga sanadyan patiku ora aninggal anak, aku mêsthi bisa angunggahi kamulyaning kaswargan kang langgêng.

Sami sanalika wau lajêng jawah sêkar minôngka pahargyanipun anak jalêr ingkang sampun angurbanakên dhirinipun kangge adamêl bingahing tiyang sêpuhipun. Dewa manguwuh sora: ya iki Bisma, têgêsipun ingkang anggêgirisi, (sampun tatela manawi Bisma botên kalepetan dosa, sarta sugêngipun tansah anêtêpi wajib, winiwitan suminggah saking ingkang limrahipun tiyang anganggêp kamulyan agêng. Sang Bisma lajêng tumulèh dhatêng Satyawati sarwi umatur kalayan sêmu sumèh: dhuh ibu suwawi anitiha rata punika, lajêng kula dhèrèkakên kondur dhatêng salêbêting pura. Satyawati kaaturakên ingkang rama, kang rama lajêng paring barkah, pangandikanipun: sira ora bisa mati, sajrone sira isih nêdya urip, dhuh kang tanpa dosa, mêsthi pati lagi anyêdhaki sira yèn sira karêpake (§ 100).

Sasurudipun Prabu Santanu anilar putra kêkalih, ingkang lajêng kaêmong dening Bisma, kang sêpuh asma Citragada, kagêntosakên [kagênto…]

— 1 : 39 —

[…sakên] narendra. Ananging Prabu Citragada lena wontên madyaning paprangan, mila kang rayi kêkasih Wicitrawirya kagêntosakên narendra, ingkang lajêng kaupadosakên garwa dening Sang Bisma. Anyarêngi lêlampahan wau, wontên putrining narendra môncapraja ingkang kadamêl sayêmbara pinilih. Kathah para narendra môncapraja dhatêng anglêbêti sayêmbara, ngatingalakên karosan sarta apapêrangan. Ing antawisipun para narendra wau pundi ingkang linangkung karosan tuwin ingkang unggul yudanipun lajêng kapilih. Ingkang minôngka tôndha bilih kapilih, kinalungan uncèn-uncèn sêkar dening putri ingkang kinarya sayêmbara. Prabu Wicitrawirya, amargi taksih kênèmên sangêt mila botên tumut anglêbêti, nanging Sang Bisma ingkang minôngka pamomonging anggènipun ngasta kaprabon, lajêng amakili lumêbêt ing sayêmbara. Putri ingkang kinarya sayêmbara têtiga, kalihan alêlimunan kainggahakên dhatêng rata dening Bisma, sasampunipun Bisma lajêng ngèngêtakên dhatêng para narendra, bilih sayêmbara pawèstri punika kenging rinêbat, manawi para narendra ingkang sami lumêbêt ing sayêmbara wau purun angrêbat sarana prang. Panguwuhipun: hèh sira para narendra, putri iki dakgawa ora sarana aris, mara rêbutên sarana karosanira, kanggo

— 1 : 40 —

ngalahake aku. Para narendra lajêng sami angêbyuki, Bisma kinêmbulan dening mêngsahipun, nanging sadaya kasoran dening Bisma. Para putrinipun narendra ing praja Kasi binoyong dening têdhaking Kuru, tandukipun kados dhatêng mantu èstri, utawi sadhèrèk èstri. Ananging sarêng dumugi ing margi, putri ingkang sêpuh piyambak lajêng prasaja, manawi sampun amilih satunggaling narendra, mila nêmbung nêdya angupaya ingkang pinilih wau. Dados amung putri kêkalih ingkang kadhaupakên kalihan kang rayi. Kang sêpuh nami Dèwi Ambika, ingkang nèm nami Dèwi Ambalika. Ananging Sang Prabu Wicitrawirya botên widada lajêng seda sadèrèngipun apêputra. Ingkang makatên sangsara agêng tumrap kaprabonipun Santanu, amargi badhe kacurêsan turun. (§ 102).

Dèwi Satyawati sakalangkung kèmêngan ing galih, mila mangipuk dhatêng Bisma supados jumênêng narendra, sarta angrama putri rôndha kalih pisan punika. Para kadang miwah para mitra sami amêksa Sang Bisma puruna anglampahi sapamrayoginipun Dèwi Satyawati, supados singangsana botên suwung saha adamêl mulyaning karaton. Nanging prasêtyanipun ingkang anyinggêt Sang Bisma kalin[12] makuthaning kaprabon, tuwin pawèstri, nadyan amung sêsanggêman, ewadene tumrapipun Sang Bisma kasêtyan punika langkung [lang…]

— 1 : 41 – —

[…kung] aji tinimbang sadaya kamulyan ing dunya.

Suwawi para nèm-nèman Hindhu, kamirêngna wangsulanipun Bisma, murih andika priksa, tiyang kados punapa ingkang sagêd damêl kaluhuraning nagari Hindhu. Aturipun Sang Bisma makatên: dhuh ibu, pangandika panduka punika têtela bilih pinarêngakên dening anggêr-anggêr, ananging panduka mirêng piyambak prasêtya kula, bilih kula nêdya anyurês turun kula, saèstunipun panduka botên kasupèn kadospundi kawontênaning lêlampahan ingkang sambêt kalihan pikrama panduka. O ! ibu Setyawati kaparênga kula angambali ungêl kula ingkang sampun kula prasêtyakakên, kula nêdya sèlèh tri bawana, nadyan kapraboning kaswargan utawi sanèsipun ingkang langkung mulya malih, nanging kasêtyan salami-laminipun botên badhe kula uwalakên. Tumraping kula mugi dunya sirnaa gandanipun kang arum, toya sirnaa têlêsipun, pajar icala kawasanipun angwontênakên ayang-ayangan, hawa sirnaa kakiyatanipun, srêngenge icala prabanipun, latu bêntèripun, rêmbulan sorotipun ingkang asrêp, akasa icala pangwasanipun ingkang ngwontênakên swara, sotipun Bathara Witra (Yama ?) dewaning pangadilan sirnaa adilipun, ewadene kula botên badhe sèlèh kasêtyan. [kasê…]

— 1 : 42 —

[…tyan.]

Dèwi Sêtyawati karuna sarwi amêksa-mêksa, ananging Sang Bisma botên keguh, aturipun: dhuh pramèswari nata, panduka sampun anyingkur margining kautamèn, sampun anuntun kula dhatêng kanisthan, amargi satriya ingkang risak kasêtyanipun, punika botên linuhurakên dening sêrat-sêrat suksci. Kaparênga kula atur pamrayogi ibu, kadospundi padataning pambudidayanipun para satriya, anggènipun pados pangayoman, murih Prabu Santanu sampun ngantos curês turunipun ing dunya. Bilih ibu kaparêng anggalih atur kula, kadospundi ingkang kêdah linampahan, têtarosana kalihan para pandhita, tuwin sintên ingkang lêbda dhatêng pranataning praja, kadospundi pamrayoginipun tumrap kasangsaran punika, punapadene sampun ngantos kasupèn dhatêng padataning nagari (§ 103).

Sang Bisma atur pamrayogi supados lajêng angupaya salah satungaling maharsi, kangge sudarmaning para putra ingkang badhe mijil saking putri rôndha kêkalih wau, sarta para putra lajêng kaanggêpa putranipun sang prabu ingkang sampun sawarga. Dèwi Satyawati ngandika, manawi wontên satunggiling maharsi putranipun Bagawan Parasara ingkang mijil saking sariranipun. Maharsi wau gêntur

— 1 : 43 —

kasutapan, mila linangkung pangwasanipun, sasampunipun dados: dwijatama lajêng kesah andhèrèk sudarmanipun, inggih punika Sang Krêsna Dwipayana Wiyasa. Bilih wontên prakawis prêlu môngka kang ibu kaparêng angèsthi, panjênênganipun saèstu dhatêng sami sanalika. Pangandikanipun Dèwi Satyawati: lah putraningsun Bisma kang linuwih, yèn sira panuju ing galih, rêsi mau sunciptane. Dèwi Satyawati lajêng angèsthi putranipun, sanalika Maharsi Krêsna Dwipayana Wiyasa dhatêng. Kawontênaning kasangsaran dipun cariyosakên sadaya, wêkasan Dèwi Satyawati mundhut pitulunganipun. Maharsi Krêsna Dwipayana anyagahi nanging badhe sêsuci rumiyin, dangunipun sataun, sarta ngandika dhatêng putri rôndha kêkalih: manawa ingsun têka sawanci-wanci prêlu ambangun turuning kadang ingsun, sira nahana rasanira marang kuciwaning kawujudaningsun, amarga ingsun uga arêp anggêntur tapa kanggo kaluhuranira sakarone. Kados punapa trênyuhing panggalihipun Dèwi Satyawati nalika mangarih-arih putra mantu kalih supados miturut sapamrayogining sang maharêsi, kangge rumêksa karahayonipun para kadang warga. Kawuningana sarêng Dèwi Ambika pinanggih sang maharêsi priksa cêmênging pasuryan, rikma gimbal abrit ambaranang kadi têmbaga, pancêrênging

— 1 : 44 —

netra tuwin gimbaling barewokipun sang maharêsi, sangêt ajrihipun, mila lajêng ngêrêmakên paningal ngantos saparipurnaning karya. Ingkang makatên kadi anarik jiwaning tiyang ingkang karmanipun nêtêpakên gêsangipun wontên ing dunya ambadan wadhag wuta. Ing ngriku Sang Wiyasa amêca, bilih putranipun badhe wuta wiwit lair, inggih punika Sang Dritarastra, ratuning Kurawa kang wuta. Kawuningana Dèwi Ambalika, sarêng priksa sang maharsi marêpêki, sakalangkung kagêt ngantos pucêt pasuryanipun, pramila sarêng apêputra, kulitling[13] pasuryanipun pucêt, sinung nama Pandhu, wrêdinipun: pun pucêt, inggih punika ingkang lajêng apêputra para Pandhawa gangsal sami sudira ing rananggana, ingkang unggul ing palagan agêng. Karsanipun Dêwi Satyawati sagêda jangkêp tiga. Nanging Dêwi Ambika punapadene Dèwi Ambalika sami botên kadugi anglampahi, mila lajêng ngaturakên parêkan, darahing sudra, dhatêng sang maharêsi. Parêkan wau botên amanah dhatêng awoning suwarninipun sang maharsi, amung ngèngêti luhuring pangwasanipun, mila sangêt sih tuwin bêktinipun, dados lajêng binarkahan dening sang maharêsi, têmbe badhe apêputra kakung panjanmanipun dewaning ngadil, kanamèkakên Widura. Sadhèrèk tiga, Dritarastra, Pandhu, sarta Widura, punika ingkang sami badhe ngêkap bageyanipun [ba…]

— 1 : 45 —

[…geyanipun] prang agêng. Putranipun Dritarastra kalihan putranipun Pandhu punika kawontênanipun para satriya ingkang sami amangun prang wontên ing Têgalkuru. Dene Widura dados bangbang pangalum-alum ing kaprabonipun narendra kang wuta punika. (§ 104-106).

Anggènipun Bisma anggêmatèni dhatêng putra têtiga wau kados putranipun piyambak, widada botên kirang satunggal punapa. Kacariyos sarêng para putra sampun wancinipun kasinau lajêng nêdya sami anêtêpi kawajibanipun, inggih punika sami manggulang Wedha sarta olah karosan miwah kaprigêlaning amangun yuda. Para putra winarah titising jêmparing, awahana turôngga, prang gada, sikêp pêdhang miwah tamèng. Lampah-lampahipun mangrèh dipôngga prang, tuwin kawruh kasusilan, maos babad tuwin cacriyosan kina, utawi caranganing sagung piwulang, sarta lêbda dhatêng suraosing Wedha dalasan pangpanganing Wedha. Dados para rajaputra mumpuni saliring kawruh sarta lêbêt panampinipun. Jêngandika samangke sami priksa bilih ing jaman samantên, para nèm-nèman sami mangudi kawruh agami sinarêng kalihan kasusilan, punapadene amangun karosan miwah kaprigêlan. (§ 109).

Pandhu kajumênêngakên narendra, amargi putra têtiga wau ingkang [ing…]

— 1 : 46 —

[…kang] pambajêng wuta. Saking pamrayoginipun Bisma, Dritarastra kadhaupakên kalihan Dèwi Gandari, putrinipun narendra ing praja Suwala, inggih bak-ayunipun Swangkuni, ingkang ing têmbenipun adamêl kathahing prakawis tumrap kulawarganipun. Lêlampahanipun Dèwi Gandari punika dados dêdongengan ingkang sae sangêt. Makatên: sarêng Gandari mirêng, bilih pacanganipun wuta, paningalipun lajêng kaserup piyambak (kasasapan ing sinjang), wigatos sagêda ngraosakên kasangsaran ingkang sinandhang dening badhe priyanipun, sarta sampun ngantos sagêd ngraosakên. (§ 110) pawèstri Hindhu sampun misuwur bêktinipun dhatêng priyanipun.

Pangangkahipun Sang Bisma Prabu Pandhu badhe kadhaupakên kalihan Dèwi Partha (Partha), putrinipun Prabu Surya, narendraning bôngsa Yadawa, inggih punika kadangipun Wasudewa, sudarmanipun Sri Krêsna. Nalika kadamêl sayêmbara ingkang kapilih Pandhu, dados têtêp kados pangajêng-ajêngipun Sang Bisma. Sarêng sampun sawatawis dangu Pandhu kapikramèkakên malih dening Sang Bisma, angsal Dèwi Madri, sadhèrèkipun Salya, narendra ing Madura,[14] minôngka garwa panênggak. Watawis sacôndra saking kramanipun Prabu Pandhu ingkang kaping kalih, sang prabu lêlana andon yuda, [yu…]

— 1 : 47 —

[…da,] kalampahan pintên-pintên nagari ingkang katêlukakên, mila sakonduripun kalihan amboyong pèni-pèni tuwin rajakaya pintên-pintên.

Sarêng sampun lêrêm sawatawis, Prabu Pandhu karsa bêbêdhak dhatêng wana, sarta akêkuwu salêbêting wana ngantos sawatawis lami kalayan garwanipun. (§ 111-114).

Satunggaling dintên, nalika Prabu Pandhu bêbêdhak anglampahi dosa ajêmparing kidang, ingkang badhe aliron sih kalihan èstrinipun. Amargi Prabu Pandhu sirna wêlas asihipun, mila lajêng kaêsotakên dening kidang: samôngsa Prabu angrangkul garwanipun saèstu anêmahi lena. Sot ingkang makatên adamêl sangsaranipun Prabu Pandhu, punika atêgês Pandhu badhe lêstantun botên apêputra ngantos sasurutipun. Prabu Pandhu lajêng anglilakakên sagung raja darbèkipun, lumêbêt ing wana kados gêsangipun para ambangun tapa. Dene garwanipun, Dèwi Partha, ingkang apêparap Dèwi Kunthi, tuwin Madri, sami andhèrèk. (§ 118-119).

Sarêng sampun sawatawis lami, anggènipun ambangun tapa, Prabu Pandhu sakalangkung kumacèlu apêputra, mila lajêng atêtarosan kalihan Dèwi Kunthi kadospundi anggènipun minangkani. [minang…]

— 1 : 48 —

[…kani.] Dèwi Kunthi matur: ing nalika taksih rara kênya sariranipun sakalangkung bêkti dhatêng satunggaling maharêsi, kêkasih Maharsi Druwasa. Sang Maharêsi wau karênan, têmahan lajêng amarah môntra panggêndaming dewa, ingkang sagêd angwontênakên putra. Prabu Pandhu dhawuh dhatêng kang garwa amatêka môntra wau murih sagêd apêputra saking paringing dewa. Dhawuhipun sang prabu dhatêng Kunthi, supados angèsthia dèwaning ngadil (Bathara Darma, nyuwun anak jalêr. Kalampahan apêputra sinung nama Yudhisthira. Lajêng angèsthi dewaning angin ingkang sakalangkung rosa, (Bathara Wayu), kaparingan putra pun Bima, sasampunipun punika angèsthi ratuning dewa, (Bathara Indra), kaparingan Arjuna. Saking dhawuhipun Pandhu, Dèwi Kunthi amaraha mantra wau dhatêng Dèwi Madri, mila ugi lajêng ngèsthi Dèwa kêkalih (Aswin) kalampahan kaparingan putra nama Nangkula tuwin Sahadewa, inggih punika ingkang lajêng sinêbut Pandhawa, têgêsipun Pandhuputra. Sami paringing dewa: kadosdene ingkang sampun sami kasumêrêpan wontên ing bêbuka, manawi ingkang sakawan punika panjanmanipun Indra sakawan, sarta sudarmanipun ugi dewa. Dene Arjuna punika panjanmanipun Rêsi Nara ingkang asêsilih Indra Tanaya.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: