Sêrat Bimasonya

DOWNLOAD EBOOK SERAT BIMASONYA

1. Dhandhanggula

1. Wrêkudara puruhita maring | Dhahyang Druna kinèn angupaya | tirta ingkang nucèkake | marang sariranipun | sawusira mantuk wêwarti | marang nagri Ngamarta | pamit kadang sêpuh | Sang Aprabu Darmaputra | myang para ri têtiga nuju marêngi | andhèr nèng ngarsanira ||

2. Arya Sena matur ing rakaji | lamun karsa kesah mamrih toya | dening guru pituduhe | Sri Darmaputra Prabu | duk miyarsa aturing ari | cipta praptèng bêbaya | mung mangu mangun kung | ya ta Radèn Dananjaya | matur nêmbah ing raka sri narapati | punika tan sakeca ||

3. inggih sampun paduka lilani | rayi tuwan kesahe punika | botên sakeca raose | arya kêmbar wotsantun | mugi sampun tuwan lilani | watak raka paduka | Ngastina Sang Prabu | mung karya pangendrajala | yêkti Druna ginubêl pinrih ngapusi | suh sirnaning Pandhawa ||

4. Arya Sena miyarsa nauri | ingsun môngsa kênaa dèn ampah | mati ya umurku dhewe | wong sêdya mrih pinunjul | panunggale Hyang Odipati | Arya Sena saksana | kalepat sumêbut | Sang Aprabu Darmaputra | lan para ri katiganya ngungun kadi | tinêbak ing mong tuna ||

5. tan kawarna kang kari [ka…]

— 4 —

[…ri] prihatin | kawuwusa lampahira Sena | tanpa wadya amung dhewe | mung bajra sindhung lesus | kang umiring amurang margi | prahara gêng gêrotan | gora rèh gumuruh | kagyat miris wong padesan | kang kaambah kapranggul dharodhog sami | andhêpès nêmbah-nêmbah ||

6. kathah sêsêgah datan tinolih | langkung adrêng praptèng kurusetra | marga gêng kambah lampahe | samana wus kadulu | gapura gêng munggul kaèksi | pucak mutyara muncar | saking doh ngênguwung | lir sunaring kang baskara | kunêng wau kang taksih wontên ing margi | wuwusên ing Ngastina ||

7. Prabu Suyudana animbali | Rêsi Druna wus praptèng jro pura | natèng Mandraka rowange | lawan Ngawôngga tumut | pra santana andêling wèsthi | sadaya ingandikan | manjing jro kêdhatun | lan wong agung Sindurêja | Jayajatra miwah Kya Patih Sangkuni | Bisma myang Dursasana ||

8. Radèn Suwirya Kurawa sêkti | miwah Rahadèn Jayasusena | Durmuka lan Durjayane | atarap anèng ngayun | kang ginusthi mrih jayèng jurit |

— 5 —

suh sirnaning Pandhawa | kang tansah rinêmbug gung | aywa kongsi bratayuda | mung kênaa ingapus sakaning aris | sirnaning kang Pandhawa ||

9. golong pipit pra Kurawa sami | Radyan Sudarma Surônggakara | samyanut rêmpêg ature | ananging Sang Aprabu | Suyudana mênggah ing galih | tan pati suka rêna | cidrane kang laku | ragi kagagas ing kadang | lagya eca gunêm Wrêkudara prapti | dumrojog manjing pura ||

10. langkung kagyat kang sami anangkil | Sri Ngastina nambrama kang prapta | yayi dèn kaparèng kene | Wrêkudara anjujug | Dhahyang Druna sigra ngabêkti | rinangkul jangganira | babo sutèng ulun | sira kaki apa sida | angulati ingkang tirta prawitadi | yèn iku kapanggiha ||

11. nir ing mala misesèng ngaurip | wus kawêngku aji kasampurnan | pinunjul ing jagad kabèh | ngaubi bapa biyung | mulya saking sira nak mami | linuwih ing tri loka | langgêng ananipun | umatur Sang Arya Sena | inggih pundi unggyane kang toya sukci | nuntên paduka têdah ||

12. prênahipun tirta prawitadi |

— 6 —

Rêsi Druna aris angandika | adhuh sutaningsun anggèr | asangêt parikudu | nucèkakên badanirèki | turutên tuduh ingwang | dununge toyanung | pan ing wana Tikbrasara | ulatana lore Gadamadanèki | ing wukir Côndramuka ||

13. dhungkarana ingkang wukir-wukir | jroning guwa jro panggonanira | ingkang tirta prawitane | ing nguni-uni durung | ana ingkang bisa ngawruhi | trustha Sang Wrêkudara | pamit awotsantun | mring Druna lan Sri Ngastina | angandika Sang Aprabu Kurupati | yayi mas dèn prayitna ||

14. bok kasasar dènira ngulati | panggonane ewuh tan têtela | Wrêkudara lon saure | nora pêpeka ingsun | anglakoni tuduh sang yogi | umêsat saking pura | lampahe sumêbut | kang maksih kantun jro pura | samya mèsêm natèng Mandraka lingnyaris | paran polahe ika ||

15. gunung Côndramuka guwanèki | panggonane kang rêksasa krura | kagiri-giri gêdhene | sayêkti lêbur tumpur | ditya kalih pangawak wukir | tan ana wani ngambah | sadaya gumuyu | ngrasantuk [ngra…]

— 7 —

[…santuk] upayanira | têmah suka bojanandrawina sami | kapungkur kang bojana ||

2. Pangkur

1. lampahira Arya Sena | sampun prapta madyanirèng wanadri | rèrèh ririh gandrung-gandrung | kasêngsêm ing wardaya | tirta êning pamungkas wêkasing guru | tan tolèh durgamèng marga | mung ketang kang dèn ulati ||

2. ngambah wukir sêngkan-sêngkan | nut ing têmbing pêpèrèng lêmah miring | gigir mênggêr arga gugur | jurang jorong pêparang | angragancang kanan kering lata lumung | myang padhas katiban wrêksa | sela ngapit marga supit ||

3. kèksi kang pala kasimpar | amarêngi ing môngsa catur asri | anjrah kang sêkar rum-arum | ngambrah kang patra wijah | ambêlasah bogêman capaka andul | arsana lan kanigara | wilatikta gôndasuli ||

4. aglar ingkang anggrèk pêthak | jônggamure araras wora-wari | argulo malathi mênur | gambir lan nagapuspa | tluki tanjung prabusèt saruni sungsun | sridênta dangan ngayangan | kênikir pacar kêmuning ||

5. umyang swaraning brêmara | lir sêsanti arjaning kang lumaris | mangu pangingsêping madu | yayah bela [be…]

— 8 —

[…la] sungkawa | mring kang lagya nandhang kaswasih tyas giyuh | yeka Sang Bayutênaya | lêlêng ngulati we wêning ||

6. surya rumamyang lampahnya | umyus ingkang riwe saengga warih | gumrêgut sangsaya sêngkut | wigare kang baskara | nyêrang nunjang kêsandhung sukuning gunung | wrêksa rug rêbah balasah | swara sora gêgirisi ||

7. gègèr saisining wana | udan angin pôncawara ngajrihi | sato rumangkang sumawur | sumyur gumyur wurahan | saking gênge ampuan sato kaplayu | kidang-kidang kang kasêrang | tibèng parang angêmasi ||

8. andaka kèh tibèng jurang | kang taksaka samya mêmulêt ing wit | rungkating wrêksa karangkut | lumayu marang jurang | tuwin ingkang tapa-tapa anèng gunung | janggan ajar kapalajar | prahara saya gumêrit ||

9. munya gênthaning pamujan gung | gugup dènnya nawurkên wangi-wangi | sari sung gônda rum-arum | wau ta lampahira | prapta wukir Côndramuka kang jinujug | lajêng dènira tumandang | bubak wukir dèn dhungkari ||

10. sela gêng rêmak kasingsal | tuwin wrêksa balasah bosah-basih | prênahing toya rinuruh |

— 9 —

wus dangu tan kapanggya | kawuwusa ditya gêng kang anèng ngriku | Rugmuka lan Rugmakala | kagyat dènira miyarsi ||

11. êruging wukir kadhungkar | myang prahara gora rèh gêgirisi | kongasing gônda tumanduk | kalamun wontên jalma | wus katingal Sang Rugmakala gya mêtu | mangrik lir Batharakala | nalikarsa badhog bumi ||

12. gora sabda lir butula | maetala têmahan gonjang-ganjing | girindra kotrag gumuntur | katon Sang Wrêkudara | binandhêm ing sela panggah asru muwus | hèh ditya kang ambêk baya | dursila amamrih pati ||

13. Rugmuka lan Rugmakala | asru muwus manungsa mêngko mati | dursila budimu rusuh | ngrusak panggonan ingwang | sigra nêmpuh Sang Arya Sena tinubruk | kinêmah-kêmah tan pasah | sinêbrak-sêbrak tan busik ||

14. inguntal-untal tan kontal | siyung punggêl nulya ingukêl aglis | nêdya manaut sumaput | ingabên lawan sela | Rugmakala angganira anggalêpung | wutahing rah balabaran | Rugmakala wus ngêmasi ||

15. Rugmuka

— 10 —

angrik manrajang | wus cinandhak ngasta nuli binanting | ing sela ditya malêdug | sumyur rahnya sumirat | sarêng pêjah Rugmuka Rugmakalèku | sirna bangkene tan ana | jatine jawata luwih ||

16. kêna ing papa cintraka | Endra Bayu dinukan Hyang Pramèsthi | dadya ditya kalihipun | nèng guwa Côndramuka | ya ta wau Sang Bayutanaya wuru | kabèh wukir binalengkrah | toya tan ana pinanggih ||

17. sadangonira ngupaya | gunung guwa kawur dèn obrak-abrik | sayah kasaput ing dalu | madêg soring mandira | angrês ing tyas mangu kodhêng jroning kalbu | kang tirta ning tan pinanggya | nulyana swara dumêling ||

18. tan katon kang darbe swara | dhuh putuku bangêt tarima mami | sira kang mawèh pitulung | pangruwating cintraka | dèn ta ngudi tirta-di tuduhing guru | tuduhe durung sanyata | Wrêkudara duk miyarsi ||

19. nauri sintên kang swara | dene botên katon ing tingal mami | punapayun ngambil tuwuh | kawulèstu sumôngga | suka pêjah ngulati tirta tan pangguh | kang swara gumuyu latah | yèn sira tambuh ing mami ||

20. sira duk matèni ditya | iya ingsun karo jawata

— 11 —

sami | kêna papa cintraka gung | kang nyampurnakkên sira | Endra Bayu aran ingsun kang satuhu | duk warna danawa aran | Rugmuka Rugmakalèki ||

21. sira angulati tirta | pituduhe Dhanyang Druna ing nguni | yêktine ana satuhu prahara | kanang tirta prawita | nanging dudu ing kene panggonanipun | sira balia ngatasa | ênggone ingkang sayêkti ||

22. duk miyarsa Wrêkudara | kèndêl sarwi gêgêtun tyasirèki | saksana nulya sumêbut | wangsul marang Ngastina | tan kawarna ing marga Ngastina rawuh | pêndhak ing dina samana | kang anèng ngarsa narpati ||

23. kadya duk angkate Sena | Rêsi Druna Bisma myang para aji | tuwin santana gung-agung | natèng Ngwôngga Mandraka | lan Sangkuni Sindupati mugèng[2] ngayun | Sudarma Surônggakara | Suwirya Kurawa sêkti ||

24. Durmuka lawan Durjaya | Durmagati Susena munggèng ngarsi | kagyat wau praptanipun | Sang Arya Wrêkudara | samya bagèkakên sadaya wong agung | babo arèningsun prapta | antuk karya sun watawis ||

25. yayi sun ngêmpèk kewala | lakunira sayêkti antuk kardi | Sang Rêsi Druna sumambung | paranta lakunira | Wrêkudara [Wrê…]

— 12 —

[…kudara] alon dènira umatur | guwa wukir Côndramuka | mung ditya kalih pinanggih ||

26. Rugmuka lan Rugmakala | sampun sirna kalih kawula banting | dene ditya mamrih lampus | sikara mring kawula | wukir guwa kula balengkrah sadarum | tirta-di sêpên marmanta | paringa têdah kang yêkti ||

27. Rêsi Druna ngrangkul sigra | babo-babo lagi sun coba kaki | antêpira maring guru | mêngko wus kalampahan | nora mèngèng mituhu tuduhing guru | saiki lagi sun warah | ênggone ingkang sayêkti ||

28. anèng têlênging samodra | yèn sira nut pituduhe pun kaki | malbèng têlêng samodra gung | Wrêkudara turira | sampun ingkang manjing jroning samodra gung | nadyan malêbèng dahana | myang dhasaring sapta bumi ||

29. môngsa ajriha palastra | anglampahi pituduhing sang yogi | iya babo sutaningsun | yèn iku kapanggiha | bapa kakènira kang wus padha lampus | besuk mulya dening sira | sira pinunjul sabumi ||

30. tan ana aji tumama | sirna saka kawêngku ing sirèki | Prabu Ngastina sumambung | dhuh adhuh arèningwang | kayaparan pratingkahira

— 13 —

lumaku | dene gawate kaliwat | dununge kang toya sukci ||

31. aja kaya bocah sira | dèn prayitna Wrêkudara nauri | Kurupati awak ingsun | pasrahna ing bathara | aywa mêlang lilakna ingkang satuhu | aja garantês ing kadang | pirabara yèn basuki ||

32. yayi mas muga antuka | pitulunge jawata kang linuwih | pamit Arya Sena sampun | mring Rêsi Druna lawan | Sri Ngastina sigra mêsat lampahipun | saking pura sampun mêdal | sêdyane kampir rumiyin ||

33. matur ing raka Ngamarta | kunêng Wrêkudara lampahirèki | wau gantya kang winuwus | nagari ing Ngamarta | awit saking Wrêkudara kesahipun | dene tan kêna ingampah | têmah sadaya prihatin ||

34. Sang Aprabu Darmaputra | miwah têtiga ari munggèng ngarsi | pra garwa myang putranipun | kawatirira dahat | dadya rêmbag utusan ngaturi wêruh | ing raka Sri Padmanaba | marang nagri Dwarawati ||

35. mêsat caraka Ngamarta | bêkta surat ing marga tan winarni | ing Dwarawati prapta wus | katur ing sri narendra | wus tinampèn nawala sinukmèng kalbu | kagyat garjita ing driya | Sang Aprabu Arimurti || [|…]

— 14 —

[…|]

36. datan sakeca tyasira | dyan ngundhangi wadya bidhal sang aji | sinêru ing lampahipun | ing marga tan kawarna | ya ta wau ing Ngamarta sampun rawuh | orêg wong sadalêm pura | Yudhisthira myang para ri ||

37. wusnya ngabêkti sadaya | sami tata lênggah ing dalêm puri | Prabu Yudhisthira matur | lan Arya Dananjaya | kesahipun Bratasena dènnya bêrung | wus katur sasolahira | ing raka Sri Arimurti ||

38. ngandika Narendra Krêsna | yayi prabu sampun sungkawèng galih | kesahe arinta iku | Ki Arya Wrêkudara | nadyan silih wruha yêktining pangapus | Kurawa tingkahe cidra | dèn pasrah ing batharadi ||

39. wong anêdya puruhita | ujar bêcik upama dèn alani | ngandêla ing bathara gung | kang sêdya ambancana | nora wurung nêmu wêwalês ing pungkur | mila yayi dèn santosa | tuhunên pitutur mami ||

40. lagyeca imbal wacana | praptanira wong agung Jodhipati | ingêbyuk rinubung-rubung | saking trusthaning driya | wusing tanya warta karsanira prabu | mangun bojanandrawina | môngka luwaring prihatin ||

41. wus lêrêm sungkawanira | angandika

— 15 —

Narendra Arimurti | dhuh suwawi yayi prabu | nutugana bojana | Wrêkudara duk miyarsa wuwusipun | ywa susah gawe bojana | pan ingsun ora ngêntèni ||

42. marang pambojananira | amung mampir parlu atur udani | mring Darmaji kakang prabu | lan sira Nata Krêsna | myang para ri kabèh lilanana ingsun | banjur mring têlêng samodra | ngupaya sinoming warih ||

3. Sinom

1. pituduhe Dhanyang Druna | iku arsa sun lakoni | ngulati tirta prawita | kang nyampurnakakên dhiri | matur kang para ari | adhuh kakang sampun-sampun | yèku sanès pabênan | tan pantês dipun lampahi | duk miyarsa èmêng Prabu Yudhisthira ||

2. umatur dhatêng kang raka | Sri Narendra Arimurti | paran ing karsa paduka | dene arinta puniki | tan kenging dèn gondhèli | Krêsna kèndêl tanpa muwus | judhêg wardayanira | kodhêng tan sagêd mangsuli | ing ature Sang Aprabu Yudhisthira ||

3. sigra Prabu Darmaputra | angrangkul dhatêng kang rayi | Arjuna lan radèn kêmbar | nèng pada sami nangisi | Pôncawala Drupadi | Sumbadra Srikandhi ngayun | gubêl samya karuna | miwah Prabu Arimurti |

— 16 —

andruwili mituturi Bayuputra ||

4. ambêrot Sang Wrêkudara | tan keguh ginubêl tangis | mêsat lampahe wus têbah | yayah tinilar ngêmasi | sagung kang para ari | adrêng karsane anusul | ajrih pamambêngira | ing raka Sri Arimurti | dadya kèndêl sadaya wayang-wuyungan ||

5. saênggon-ênggon karuna | gumuruh sajroning puri | ya ta Sri Narendra Krêsna | tan pêgat amituturi | pinrih narima sami | dipun santosa ing kalbu | pasrahna ing bathara | kunêng kang kari jro puri | kawuwusa wau kang darung ing karsa ||

6. kesahe saking jro kitha | lajêng manjing ing wanadri | tan ngetang durgamèng marga | kèh bêbaya tan pinikir | sagung wong têpis wiring | gawok dènira andulu | lampahe Arya Sena | lir naga krura ngajrihi | manrang baya mamrih tuhuning panêdya ||

7. kayon katyubing maruta | sumyak swaranira asri | kadya ngatag sêkar-sêkar | samirana awor riris | anjrah kang sari kengis | samarga-marga bukarum | kêmuning nagapuspa | kalak lan pudhak kasilir | lir nambrama mring sang lagya kasangsaya ||

8. langkung tikbraning wardaya | rame swaraning wanadri | cênggèrètnong [cêng…]

— 17 —

[…gèrètnong] mawurahan | sasmita bela prihatin | mêrak marak ing ngarsi | munya mênyêt nganyut-anyut | pêlung-pêlung mêmalang | sata wana munya anjrit | yèn jarwaa gusti paduka wangsula ||

9. kacêr kêkêjêr nèng ngarsa | karsanira mituturi | paksi bêluk lir bêbalak | panambêre wira-wiri | podhang ngadhang ing margi | wangsula kang amangun kung | kongkang munyèng rong ngangkang | warah yèn upaya sandi | endrajala tanduke kartisampeka ||

10. diwasane diwangkara | titi sonya têngah wêngi | kudhasih munya sauran | têtuhu kalawan kolik | sima nyabawa sami | walang kapa kupêng kêpung | isthanira wêwarah | mring sang kasangsayèng margi | dèn prayitna rèhning ngambah wanapringga ||

11. sampun wanci bang-bang wetan | katon sirating hyang rawi | umyang kang paksi mawijah | thilang cocak cingcinggoling | wimbaning surya kèksi | kabèh sèsining wana gung | wawa katon sungkawa | kêthèk lutung jêtung sami | lampahira prapta cêlaking samodra ||

12. swaraning alun kapyarsa | gumuruh Sena mrêpêki | karang munggul kawistara | gêng-agêng mawarni-warni | ana kang kadya èsthi | ana kadi banthèng jêrum | prapta Sang Wrêkudara | madêg [ma…]

— 18 —

[…dêg] têpining gêgisik | mangu ngungun tumon trunaning udaya ||

13. asèndhèn witing mandira | tinon kadi tugu manik | jêngêr sarwi ngunandika | dhuh lae dhuh batharadi | katuwone wak mami | lagi rêmên anggêguru | tan wruh jatining karsa | mung putêg matêg tyas tistis | yèn wangsula merang marang ing sasama ||

14. saking kodhênging wardaya | sakala mangsah sêmadi | nancêpkên ênênging cipta | ngukut tumangkaring kapti | tanna malih kang kèsthi | dununging we kang rinuruh | samana tinarima | wontên kang katingal pêksi | tri brêkutut platuk bawang lawan gêmak ||

15. mencok nèng panging mandira | saluhuring Bayusiwi | mung sapranggèh winatara | samya ginêm tatajalmi | platuk bawang bawani | lah ta kakang paksi puyuh | lah payo sarasehan | pami wos kang pinrih putih | kêkosodan putihe kalawan rowang ||

16. benjang yèn dina wêkasan | tumêkane jaman pati | kayaparan raganira | tinilar apa cinangking | manjing ing dalêm pati | gêmak anauri wuwus | mangkonèku sênêngan | yèn mungguh ihtekat mami | ingsun tilar marga barindhil wus ala ||

— 19 —

17. lan upama ginawaa | sayêkti ngêbot-êboti | pigunane nora ana | manira wus dèn jagani | kurungan adi luwih | nèng pangayunan Hyang Agung | jênêng Suksma Wisesa | wênang sakarêpku dadi | balik sira paran ingkang dadi sêdya ||

18. platuk bawang wuwusira | yèn mungguh ihtekat mami | kurungan bêcik ginawa | utama tumêkèng pati | puyuh têtanya aris | kapriye panggawanipun | saure platuk bawang | benjang jamaning kapatin | raganingsun dak bêsut bisane bebas ||

19. sun glintir kari samrica | binubut sun untal nuli | dyan jumênêng suksma purba | wênang sakarsaku dadi | aja kaya sirèki | siya-siya mring ragamu | rowange lara-lapa | ngupa boga wira-wiri | pan kodanan kapanasan kasangsaya ||

20. nganti barindhil tan pisah | nut saparanta tan kari | praptaning jaman wêkasan | têka kèri tan cinangking | sayêkti kèsi-èsi | tan wruh ing bêcik sirèku | tan kêna ingantêpan | nora wêlas marang ragi | baya suwe lamun kanthine dumadya ||

4. Kinanthi

1. brêkutut nyêlani wuwus | dhuh kisanak pêksi

— 20 —

kalih | gunêmira kaya bocah | nganggo ninggal nganggo nyangking | kawruhe durung utama | nistha madya dèn antêpi ||

2. kayaparan kakang puyuh | yèn ngantêpi tilar ragi | ingaranan pati nistha | nora wêlas marang ragi | dadi tekat siya-siya | tan wruh rowange dumadi ||

3. anggêpe wênang sakayun | tan wruh pinangkaning nguni | mung waton pangaran-aran | tawang tuwang kang pinêtri | anginjêng tanpa pencokan | nyawa mayêng moyang-maying ||

4. ing salamine ngalaut | mangap sanake mung langit | mangu-mangu tan kawêngan | mèngèh-mèngèh nora mingip | lamun ana bêkjanira[3] | dadi thethekan tur laip ||

5. dene kakang paksi platuk | manawa sira ngantêpi | patènira gawa raga | bênteyong ngêbot-êboti | pati madya yèn dadia | mung ecane kang kaliling ||

6. yèn tan dadi antêpipun | bêbênduning Hyang nêkani | nalikane kênèng lara | sêsambate ngolang-aling | kang cinipta ora prapta | kang binudi nora dadi ||

7. nora kaur glintir bêsut | larane saya kapati | wis tan kêlar ciptanira | marucut lumayu gêndring | lamun ana bêkjanira | dadi

— 21 —

sato wana gênjik ||

8. lalêr ulêr luwing lêmut | kang kapêrak dèn panjingi | dadi nyakra panggilingan | sagon-ênggone manitis gung | platuk bawang asru mojar | durung tutug kojah mami ||

9. kasêlan wuwusirèku | brêkutut mèsêm lingnyaris | payo tutugna kisanak | dèn kongsi tumêkèng jati | manawa bisa sun jawab | yèn tan bisa mung ngastuti ||

10. iya rungokna brêkutut | jatine kang sun antêpi | watone ngèlmu utama | kang aran kalimah kalih | swarga timbang lan naraka | ala timbangane bêcik ||

11. gusti lan kawulanipun | Allah lawan Mukamadin | jêro timbangane jaba | lair tangkêbaning batin | têmahan Gusti Kawasa | ngrèh kawulane pribadi ||

12. kawulane tan makewuh | mung anut karsane gusti | sanadyan kinarya rusak | lêbur luluh dèn lakoni | si raga nora suwala | kawasesa dening Gusti ||

13. kapurba saking pandulu | luluh lèlèh kadi warih | rinacut kari samrica | binubut sun untal dadi | ran rôngka manjing curiga | kodhok ngêmuli lèngnèki ||

14. brêkutut têtanya arum | nyawa [nya…]

— 22 —

[…wa] kayapa kang warni | wangsulane kêmbar warna | lan sipate angêplêki | nanging mawa ciri sastra | nèng palaraban lir rukmi ||

15. muni asmane Hyang Agung | yèn tan mawi ciri eblis | dhêmit setan ora bisa | nêniru sastra lir rukmi | yèn wus katingal kawarna | sun rasuk tan walangati ||

16. ngalih gon boyong kadhatun | muktamat ing dalêm dalil | pituture guron ingwang | brêkutut alon nauri | yèn mangkono iku kakang | sama rupa kok gandhuli ||

17. makdum sarpin aranipun | enake bae pinikir | sangsayane tan kaetang | karana durung ngawruhi | tukang rêncana pêngpêngan | dudu setan dudu dhêmit ||

18. yèku kakang sadulurmu | tunggal saking yayah bibi | ingkang ora karawatan | dadya malekat lan êjim | anèng alam palemunan | tan awor lan setan eblis ||

19. nèng tawang-tuwang tumlawung | si tukang rêncana bangkit | karya rupa kaya apa | ciri-ciri ya undhagi | mulane anggodha sira | benjang jamaning kapatin ||

20. supaya

— 23 —

bisane kumpul | lan dhèwèke dadi siji | anèng alam palemunan | ana rewange kuliling | jênak anèng panasaran | ora sampurna ing pati ||

21. sawênèh ana marucut | pêcating nyawa tan uning | kalbu ngalam palimêngan | pêtêng dhêdhête kapati | patine anunjang-nunjang | kasasar marang yomani ||

22. platuk alon dènnya muwus | adhuh yèn mangkono yayi | pun kakang dipun dunungna | manggone kawruh sajati | praptaning pati sampurna | aja kalêbu yomani ||

23. wêlasa si tuwa pikun | tan awas tiwas ing ngèlmi | gêmak nabda ingsun bela | barkahana ngèlmu gaip | kang sampurna babar pisan | kasmaran brêkutut muni ||

5. Asmaradana

1. luwih angèl ing ngaurip | kalamun gayuh kamuksan | yèn ora lan nugrahane | pinarêng wênganing driya | nora kêna dèn awag | jêr Allah nora maujud | yèn wujuda dadi karam ||

2. utamane wong marsudi | kudu nganggo tapabrata | limang prakara cacahe | dhingin [dhingi…]

— 24 —

[…n] angurangi dhahar | sranane anarima | yèn ora narima iku | saanane dadi gagar ||

3. ngurangi turu ping kalih | kang pinandêng èngêting tyas | nadyan sira cêgah sare | yèn sinupe-supe dadya | tanpa gawe punika | lire cêgah turu iku | yèn wus baliyut kang netra ||

4. layap luyute pinurih | aja nganti koyup marang | si baliyut pakartine | ping tri ngurangi sanggama | rila sarananira | kaya ta sira panuju | kaparêng arsa sanggama ||

5. aja linantur ing kapti | pinardia kang satata | mrih rahayu salamine | ping pat ngampêta panggagas | ingkang tanpa wasana | santosakna jroning kalbu | sanadyan ora ngandika ||

6. yèn maksih amêngku kapti | kaping lima nênêm iya | anèng pasêpèn dununge | sônggarunggine tyasira | kabèh padha sirnakna | supaya ora bêbawur | pamoring Gusti kawula ||

7. tuman tumanêm tyas êning | upamane ingkang wastra | wus lawas rêgêd ingangge | wêwêjêgên lawan toya | dimèn talutuh ilang | rêsik mumpluk kadi kapuk | yèn wus plêg [plê…]

— 25 —

[…g] apa rinasan ||

8. iya donya iya akir | upama karya suwasa | milih têmbaga prusine | pambêsute rambah-rambah | kari sari kewala | mase milih rêsik sêpuh | murni araning kêncana ||

9. nuli dèn wor dadi siji | linêbur lawan dahana | luluh sirna sakarone | ilang arane têmbaga | sirna arane êmas | binabar warnane mancur | wungu-wungu tuntung jênar ||

10. pami ingaranan rukmi | wus awor lawan têmbaga | yèn ingaran têmbagane | wus kamomoran kêncana | ewuh gone sung aran | rèhning wus dadi sawujud | arana suwasa mulya ||

11. pamore kawula Gusti | jumênênge nèng sarira | Sena myarsa pangocèhe | jineweran karnanira | mènglèng angunandika | lah mara tutugna manuk | ocèhmu dipun widada ||

12. platuk manthuk dènirangling | bangêt panarimaningwang | ingsun barkahana manèh | ingkang panêmbah sapisan | tinarima salama | kayaparan dunungipun | yayi babarêna pisan ||

13. myang purwane ana urip | tuwin jatine ngagêsang | kang sampurna samêloke | brêkutut nyauri sabda | lah iku ora kêna |

— 26 —

anggêgampang marang wuwus | kudu karo mangsanira ||

14. milih dina ingkang bêcik | miwah mêmule pra dewa | nganggo papan lan êmpane | yèku sidaning kasidan | panjalukira kakang | yèn kasusu antuk siku | ambuka wêwadining rat ||

15. ingsun miyarsa pribadi | nalika anèng Ngastina | Dyan Bratasena karsane | puruhita Rêsi Druna | dèn parusa kewala | linakon satuduhipun | marang wukir Côndramuka ||

16. mamrih tirta prawitadi | sakèh wukir dhinungkaran | kono tan ana toyane | mung panggih rêksasa krura | Rugmuka Rugmakala | ngrubeda kalih linampus | Sang Sena sangêt rêkasa ||

17. wangsul mring Ngastina malih | panggih lawan guronira | minta tuduh sabênêre | kewran sang rêsi mêmuja | môntra sinidhikara | tirta ning katon nèng laut | Sang Sena winisik sigra ||

18. kinèn manjing jalanidhi | tirta nèng têlêng samodra | kapindhon diprusa manèh | upamane linakonan | Sena marang samodra | tirtane yêkti tinêmu | nanging kathah kang rubeda ||

19. Wrêkudara duk miyarsi | sirna sêmanging wardaya | suka gumujêng wuwuse |

— 27 —

bangêt panarimaningwang | marang brêkutut sira | yèn mangkene raganingsun | apa kalah lan kukila ||

20. gumrêgêd èngêt tirta ning | madêk suraning wardaya | ngungak samodra wiyare | alun gêng angombak-ombak | tinon ngêmbang galagah | lir nambrama kusung-kusung | bagea kang lagi prapta ||

21. anglêg myat ing jalanidhi | èngêt andikaning raka | Sri Darmaputra dhawuhe | yèn Sang Druna ngamandaka | nanging dupi miyarsa | ujaring pêksi brêkutut | sayêktine ora cidra ||

22. miwah èngêt wus punagi | yèn tan antuk toya gêsang | wirang mantuk mring prajane | suka matiyèng jro toya | adrêng ing karsanira | Wrêkudara saya maju | tan mundur pringganing toya ||

6. Durma

1. èsthining tyas sira Arya Wrêkudara | nrang baya ambêg pati | cancut taliwanda[4] | ringas pasuryanira | kumêdut padoning lathi | sigra umangsah | jumangkah malbèng warih ||

2. ing samodra wiraganira lêgawa | toya sumaput wêntis | kolêg angganira | alun gêng gêgolongan | tumêmpuh ing jaja asri | singsal tan kontal | watês angga

— 28 —

kang warih ||

3. wusing matêg kang aji jalasêngara | alun gêng tan nangkêbi | ngrasa bisa nêngah | sira Sang Wrêkudara | anggênjot wêntêse[5] kalih | sampun manêngah | ya ta ingkang winarni ||

4. kanang naga kyating rat jroning samodra | dupi sira miyarsi | asru mangikikan | mijil ngambang ing tirta | gênge saprabata siwi | galak makrura | nêmbur-nêmbur ngajrihi ||

5. lir kinêbur samodra molah prakêmpa | kagyat duk aningali | Arya Wrêkudara | ngucap sajroning driya | bêburon apa ta iki | datan antara | kotbuta anêkani ||

6. kadya guntur jumlêgur ingkang samodra | naga gêng marêpêki | cangkêm mangap-mangap | siyung kengis lir cakra | drêsing wisa kadi riris | manaut krura | mulêt kadya ambanting ||

7. arsa nêngah cêgah pinulêt ing naga | lêsah Sang Bayusiwi | wisaning kang naga | tumampêg ing wadana | kewran ing tyas cipta mati | sayah pinolah | ing naga mobat-mabit ||

8. sariranya saput pinulêt ing naga | mung jôngga ingkang maksih | sangsaya manêngah | sagung kang palwa giwar | nyana pôncawara prapti | prahara salah | gusis palwa wus nêbih ||

9. lir sinapon [sinapo…]

— 29 —

[…n] palwa tan ana katingal | wau ta kang ajurit | sira Arya Sena | èngêt jroning wardaya | lamun kang kanaka lungit | môngka gêgaman | cinublêsakên aglis ||

10. pôncanaka manjing angganirèng naga | rantas pating saluwir | rah mijil lir udan | abang toya samodra | sapandêlêng nganan ngering | toya dadya rah | naga gêng wus ngêmasi ||

11. sasirnaning naga sèsining samodra | dahat sukane sami | ya ta cinarita | risang murwèng parasdya | wruh lakune sang kaswasih | lumarap arsa | sung tirta prawitadi ||

12. duk samana Pandhawa ingkang winarna | dènnya dahat prihatin | sangsaya kagagas | ketang mung kadangira | karsane anusul sami | mring Arya Sena | mênèk tumêkèng lalis ||

13. dahat gubêl nênuwun kang pangandika | raka Sri Arimurti | sami tinangisan | ya ta Narendra Krêsna | ngandika aywa prihatin | pan kadangira | nora tumêkèng pati ||

14. malah antuk nugraha Hyang Maha Mulya | benjang praptane sukci | sangêt kinasihan | marang Suksma Kawêkas | winênang aliru dhiri | raga bathara | langgêng salami urip ||

15. marma padha birata prihatinira | aja pijêr anangis | angur

— 30 —

amêmuja | Sena gêlise prapta | kang liningan duk miyarsi | enggar tyasira | saha sami ngastuti ||

16. ya ta malih Wrêkudara cinarita | anèng têlêng jaladri | sampun pinanggihan | awarni dewa bajang | pêparap Sang Dewa Ruci | lir lare dolan | sarwi têtanya aris ||

17. hèh ta sira Wrêkudara ingkang prapta | ana ing kene iki | apa sêdyanira | kene sêpi sabarang | tan ana kang sira bukti | myang sarwa boga | miwah busana sêpi ||

18. amung godhong aking yèn ana kumleyang | tiba ing ngarsa mami | iku kang sun pangan | yèn tan ana ya ora | garjitèng tyas duk miyarsi | Sang Arya Sena | ngungun dènnya ningali ||

19. dene bajang nèng samodra tanpa rowang | cilik amênthik-mênthik | iki wong-wong apa | gênge mung samarica | ucape têka kumaki | ladak kumêthak | langkung eram ing galih ||

20. Dewa Ruci ngandika malih hèh Sena | iya ing kene iki | akèh pôncabaya | yèn ora toh palastra | sayêkti tan bisa prapti | ing kene apan | sakalir sarwa mamring ||

21. tan sumurup ciptane aparipêksa | nora angeman dhiri | sabda kaluhuran | kene [ke…]

— 31 —

[…ne] môngsa anaa | kewran tyase Bayusiwi | mangunadika[6] | dene tan wruh ing gati ||

22. dadya alon Wrêkudara aturira | môngsaborong sang yogi | sang wiku lingira | lah iya sira uga | bèbète Sang Hyang Pramèsthi | Hyang Girinata | turase kang sayêkti ||

23. saking Brama uwite kang para nata | ya ramanira ugi | turun saking Brama | mêncarkên para nata | dene ibonira Kunthi | kang darbe têdhak | iya Sang Wisnumurti ||

24. mung patutan têtiga lan ramanira | Yudhisthira pangarsi | panênggake sira | panêngah Dananjaya | kang loro patutan Madrim | jangkêp Pandhawa | praptamu kene iki ||

25. anglakoni pituduhe gurunira | Pandhita Druna Rêsi | kinon angupaya | kanang tirta prawita | kang nyampurnakakên dhiri | mulane sira | nirbita manrang wèsthi ||

26. aja lungan yèn tan wêruh kang pinaran | lan aja mangan ugi | lamun tan wêruha | rasane kang pinangan | aja nganggo-anggo ugi | yèn tan uninga | warnaning busanadi ||

27. pan wêruhe têtakon lan têtirona | marang sawijining janmi |[7] dadi lan tumandang | mangkono ing panêdya | lir wong jugul [ju…]

— 32 —

[…gul] saking wukir | arsa tuku mas | mring kêmasan dèn wèhi ||

28. dupèh kuning inganggêp kêncana mulya | dadi kuningan nai | pan durung waskitha | bêkjane kang wus awas | Wrêkudara duk miyarsi | dhêku noraga | dene sang wiku sidik ||

29. sarwi sila ngrêpèpèh nèng ngarsanira | Wrêkudara mamèt sih | anyuwun jinatyan | sintên ing asma tuwan | dene nèng ngriki pribadi | sumaur sigra | ya ingsun Dewa Ruci ||

30. matur alon pukulun yèn makatêna | pun patik anyuwun sih | ulun inggih datan | wruh puruhitèng badan | sasat sato ing wanadri | tan môntra-môntra | waspada badan sukci ||

31. langkung mudha punggung cinacat ing jagad | kèsi-èsi nèng bumi | saengga curiga | ulun tanpa warôngka | wacana datanpa siring | ya ta ngandika | manis Sang Dewa Ruci ||

7. Dhandhanggula

1. lah ta mara Wrêkudara aglis | umanjinga guwa garbaningwang | kagyat miyarsa wuwuse | Wrêkudara gumuyu | sarwi guguk turira aris | dene paduka bajang | kawula gêng luhur | sasat pangawak prabata |

— 33 —

saking pundi margane kawula manjing | jênthik môngsa sêdhênga ||

2. Dewa Ruci angandika malih | gêdhe êndi sira lawan jagad | kabèh iki saisine | kalawan gunungipun | samodrane alase sami | tan sêsak lumêbua | guwa garbaningsun | Wrêkudara duk miyarsa | èsmu ajrih kumêl sandikaturnèki | mènglèng Sang Ruci Dewa ||

3. iki dalan talingan ngong kering | Wrêkudara manjing sigra-sigra | wus prapta ing jro garbane | andulu samodra gung | angalangut datanpa têpi | liyêp adoh katingal | Dewa Ruci nguwuh | hèh apa katon ing sira | Wrêkudara ature pan amung têbih | tan wontên katingalan ||

4. awang-awang kang kula tingali | uwung-uwung têbih tan kantênan | ulun saparan-parane | tan miyat ing lor kidul | wetan kilèn datan kaèksi | nginggil miwah ing ngandhap | ing ngarsa myang pungkur | kawula datan uninga | langkung bingung ngandika Sang Dewa Ruci | aywa maras tyasira ||

5. byar katingal ngadhêp Dewa Ruci | Wrêkudara sang wiku kawangwang | umancur katon cahyane | sarta wêruh

— 34 —

lor kidul | wetan kilèn sampun udani | nginggil miwah ing ngandhap | pan sampun kadulu | lawan andulu baskara | eca tyase miwah sang wiku kaèksi | anèng jagad walikan ||

6. Dewa Ruci angandika malih | lumakua sarwi dêdulua | apa katon ing dhèwèke | Wrêkudara umatur | wontên warni kawan prakawis | katingal ing kawula | kang sadaya wau | sampun botên katingalan | amung kawan prakawis ingkang kaèksi | bang irêng kuning pêthak ||

7. angandika malih Dewa Ruci | ingkang dhingin sira anon cahya | gumawang tan wruh arane | pôncamaya puniku | sajatine ing tyas sayêkti | pangarêping sarira | têgêse puniku | ingaranan muka sipat | kang anuntun marang sipat kang linuwih | ing sajatining sipat ||

8. môngka tinulak aywa lumaris | awasêna rupa aja samar | kuwasaning tyas êmpane | tingaling tyas puniku | anêngêri marang sajati | eca Sang Wrêkudara | amiyarsa wuwus | lagya mèdêm tyas sumringah | dene ingkang abang irêng lawan kuning | yèku durgamaning tyas ||

9. pan [pa…]

— 35 —

[…n] isine ing jagad ngêbêki | iya ati kang têlung prakara | pamurunge laku dene | kang bisa misah iku | yêkti bisa awor ing garêp |[8] iku mêmungsuhira | ati kang têtêlu | irêng abang kuning samya | angadhangi marang cipta kang lêstari | paworing suksma mulya ||

10. lamun ora kawilêt ing katri | yêkti sida pamoring sarira | lêstari ing panunggale | poma dèn awas emut | durgamane kang munggèng ati | pangwasane wêruha | wiji wijangipun | kang irêng luwih prakosa | panggawene asrêngên sabarang runtik | andadra ngômbra-ômbra ||

11. iya iku ati kang ngadhangi | ambuntoni marang kabêcikan | kang irêng iku gawene | dene kang abang iku | iya tuduh napsu tan bêcik | sakèhing pêpenginan | mêtu saking ngriku | panastèn panas baranan | ambuntoni marang ati ingkang eling | marang ing kawaspadan ||

12. dene iya ati ingkang kuning | pangwasane nanggulang sabarang | cipta kang bêcik dadine | panggawe mamrih tulus | ati kuning ingkang ngadhangi | mung panggawe pangrusak | linantur jinurung | mung kang putih iku nyata | ati jinêm sukci ora ika-iki | prawira ing kaharjan ||

13. amung [a…]

— 36 —

[…mung] iku kang bisa nampani | ing sasmita sajatining rupa | nampani nugraha gone | ingkang bisa tumanduk | kalêstarèn paworing kapti | iku mungsuhe tiga | tur sami gung-agung | balane ingkang têtiga | kang sawiji tanpa rowang mung pribadi | mila anggung kasoran ||

14. lamun sira bisa nêmbadani | marang napsu kang têlung prakara | sida ing kono pamore | tanpa tuduhan iku | ing pamore kawula Gusti | Wrêkudara miyarsa | sêngkut pamrihipun | sansaya biraènira | tyas kacaryan kawuwusan ing ngaurip | sampurnaning panunggal ||

15. sirna patang prakarana malih | urup siji wolu warnanira | Wrêkudara lon ature | punapa wastanipun | urup siji wolu kang warni | pundi ingkang sanyata | rupa kang satuhu | wontên kadi rêtna muncar | wontên ingkang maya-maya angebati | wontên abra markata ||

16. marbudyèngrat Dewa Ruci angling | iya iku sajatining tunggal | saliring warna têgêse | iya isènirèku | lawan iya isining bumi | ginambar angganira | lawan jagad agung | jagad cilik tan prabeda | purwa ana lor kulon kidul puniki | wetan lan luhur ngandhap ||

17. miwah irêng abang kuning putih |

— 37 —

iya iku uriping bawana | jagad cilik jagad gêdhe | pan padha isènipun | wus tinimbang lan sira ugi | yèn ilang warnaning kang | jagad yêkti suwung | saliring reka tan ana | kinumpulkên ana rupa kang sawiji | tan kakung tan wanodya ||

18. kadya tawon gumana puniki | kang asawang pêputêran dênta | lah mara dulunên kuwe | Wrêkudara andulu | ingkang kadya putêran gadhing | cahya mancur kumilat | tumeja ngênguwung | punapa inggih punika | warnaning dat kang pinrih dipun ulati | kang sajatining rupa ||

19. Dewa Ruci anauri aris | dudu iku ingkang sira sêdya | kang mumpuni ambêk kabèh | tan kêna sira dulu | tanpa rupa datanpa warni | tan gatra tan satmata | iya tanpa dunung | mung dumunung ingkang awas | sasmitane anèng jagad angêbêki | dinumuk ora kêna ||

20. dene iku kang sira tingali | kang asawang pêputran mutyara | ingkang kumilat cahyane | angkara-kara murup | hyang pramana arane nênggih | uripe kang sarira | pramana puniku | satuhu tunggal sasana | nanging ora mèlu suka lan prihatin | ênggone anèng raga ||

21. datan mèlu mangan turu nênggih | lawan ora

— 38 —

mèlu lara-lapa | yèn pisah iku ênggone | raga kari ngalumpruk | yêkti lungkrah badan puniki | yaiku kang kuwasa | nandhang rahsanipun | inguripan dening suksma | iya iku kang sinung sih anandhang sih | ingakên rahsaning dat ||

22. kang sinandhangakên ing sirèki | nanging kadya simbar nèng kêkaywan | ananing raga ênggone | uriping pramanèku | inguripan Hyang Suksma Jati | misesa ing sarira | pramana puniku | yèn mati mèlu kalêswan | lamun ilang suksmane sarira iki | uripe suksma ana ||

23. sirna iku iya kang pinanggih | uripe suksma ingkang sanyata | kaliwatan upamane | lir rahsaning kêmumu | Hyang Pramana amratandhani | tuhu tunggal pinôngka | sajatine iku | umatur Sang Wrêkudara | inggih pundi warnane ingkang sayêkti | Dewa Ruci ngandika ||

24. nora kêna iku yèn siramrih | lah kahanan ing samata-mata | gampang angèl pirantine | Wrêkudara umatur | kula nyuwun pamêjang malih | inggih kêdah uninga | babar pisanipun | pun patik ngaturkên pêjah | ambancana anggèn-anggèn ingkang yêkti | sampun tiwas kangelan ||

— 39 —

25. yèn makatên kula botên mijil | sampun eca nèng ngriki kewala | botên wontên sangsayane | tan niyat mangan turu | botên ngêlih pan botên arip | botên ngraos kangelan | botên ngêrês linu | amung nikmat lan mupangat | Dewa Ruci lingira iku tan kêni | yèn ora tan antaka ||

26. sansaya sihira Dewa Ruci | mring sang kawlasasih ing panêdha | lah iya dèn awas bae | mring pamurunging laku | aywa ana karêmirèki | dèn bênêr kang waspada | inganggêpirèku | yèn wus kasikêp ing sira | aja umung dèn nganggo parah yèn angling | iku rèh pepingitan ||

27. nora kêna yèn sira rasani | lan sasama samaning tumitah | yèn ora lan nugrahane | yèn ana nêdya padu | angrasani rêrasan iki | ya têka kalahana | aja kongsi banjur | aja ngadèkkên sarira | ywa karakêt marang wisayaning urip | balik sikêpên uga ||

28. kawisayan kang marang kapatin | dèn kaasta pamanthênging cipta | rupa ingkang sabênêre | sinêngkêr buwanèku | urip ora ana nguripi | datan antara môngsa | iya ananipun | anane wus ana sira | tuhu tunggal sasana lawan sirèki | tan kêna pisahêna ||

— 40 —

29. datan wênèh sangkanira nguni | tunggal sapakêrtining bawana | pandulu pamiyarsane | pan wus anèng sirèku | pamyarsane Hyang Suksma Jati | angangge karnanira | kalamun andulu | netranira kang kinarya | yèn anggônda grananira kang kinardi | yèn ngucap lathènira ||

30. lairing Suksma anèng sirèki | batinira kang ana ing Suksma | iya mangkono patrape | kadya wrêksa tinunu | ananira kukusing agni | iya kalawan wrêksa | lir toya lan alun | kadya menyak munggèng powan | raganira ing rèh mobah lawan mosik | iya lawan nugraha ||

31. yèn wruh pamore kawula gusti | satuhune kang kok sêdya ana | de warna nèng sira gone | lir wayang sarirèku | saking dhalang solahing ringgit | kang môngka panggung jagad | kêlir badanipun | amolah lamun pinolah | sasolahe kumêdhèp myarsa ningali | tumindak lan angucap ||

32. kawisesa amisesa sami | datan antara pamoring karsa | jêr tanpa rupa-rupane |

— 41 —

wus ana ing sirèku | upamane paesan carmin | ingkang ngilo Hyang Suksma | wayangan puniku | kang ana sajroning kaca | iya iku araning manungsa jati | rupa sajroning kaca ||

33. luwih gêngnya kamuksan puniki | kalawan jagad agêng kamuksan | utawa luwih alite | saalitaning têngu | maksih alit kamuksan ugi | lawan luwih lêmbutnya | salêmbuting banyu | pan maksih lêmbut kamuksan | lire agêng amisesa ing sakalir | dene lêmbut alitnya ||

34. bisa nuksma ing agal myang alit | kalimputan kabèh kang rumangkang | kang gumrêmêt apadene | kaluwihan satuhu | luwihira ingkang nampani | tan kêna ngandêlêna | ing warah lan wuruk | dèn bangêt ing uswanira | badanira wasuhên dipun barêsih | wruha rungsiting tingkah ||

35. wuruk iku kang minôngka wiji | kang winuruk upamane papan | pama kacang lan kadhêle | sinêbarna ing watu | yèn watune datanpa siti | kodanan kapanasan | yêkti nora thukul | lamun arsa wicaksana | tingalira sirnakna ananirèki | dadi tingale suksma ||

36. rupanira swaranira iki | ulihêna mring kang darbe swara | jêr sira [si…]

— 42 —

[…ra] ingakên bae | sêsilih kang satuhu | nanging aja duwe sirèki | pakarêman kang liyan | Hyang Kang Maha Luhur | dadya sarira bathara | obah osikira pan wus dadi siji | lorone anggêpira ||

37. lamun dadi anggêpira iki | yèn angrasa loro maksih was-was | kêna ing rêngu yêktine | yèn wus siji sawujud | sakarêntêg tyasira dadi | barang sinêdya ana | kang cinipta rawuh | wus kawêngku anèng sira | jagad kabèh jêr sira ginawe yêkti | gêgênti dèn asagah ||

38. yèn wus mangêrti pratingkah iki | dèn awêrit sarta dèn santosa | sasabana panganggone | ananging batinipun | ing sakêdhèp netra ywa lali | lire anasabana | kawruh patang dhapur | padha anggêpên sadaya | kalimane kang siji iku prêmati | kanggo ing kene kana ||

39. lire mati sajroning ngaurip | lire urip sajroning apêjah | urip bae salawase | kang mati iku napsu | badan lair ingkang nglakoni | katampan badan nyata | pamore sawujud | pagene ngrasa matia | Wrêkudara padhang tyasira [tyasi…]

— 43 —

[…ra] nampani | wahyu prapta nugraha ||

40. têlas wulangira Dewa Ruci | Wrêkudara wus tan kasamaran | wruh arane ing dhèwèke | engganing swara muluk | tanpa êlar anjajah bangkit | wêwêngkon jagad traya | ôngga wus kawêngku | pantês pinardikèng basa | kadyanggane sêkar maksih kudhup mingit | mangkya mêkar ambabar ||

41. wuwuh warnane myang gôndanèki | wus kêna kang pônca rêtna mêdal | saka ing guwa garbane | wus salin alamipun | wangsul marang alaming lair | Dewa Ruci wus sirna | mangkana winuwus | tyasira Sang Wrêkudara | luwih saking gandaning jêbat kasturi | pêpanase tyas sirna ||

42. wus lêksana salêkêring bumi | wus tan kewran ing pantakanira | nir ing mala waluyane | marang kajatènipun | upamane busana adi | sutra kang maya-maya | muyêg yèn dinulu | sinuksma mas ingêmasan | arja sotya sinasotya manik-manik | kapenak ing satingkah ||

43. ngagêm sumping abra puspitadi | pinurwendah kintaka sumêkar | kasturi jati gandane | pratôndha nora kerut | pangawikan [panga…]

— 44 —

[…wikan] kênaka lungit | angungkabi kabisan | kawruh tan kaliru | kampuh polèng agêmira | bang bintulu catur warna tinon asri | lancingan kampuhira ||

44. môngka pangèngêt-èngêt ing nguni | nalika nèng jroning guwa garba | Dewa Ruci pêpèngête | bang irêng kuning iku | pamurunge laku kang bêcik | kang putih iku nyata | sidaning pangangkuh | kalimane wus ginêlar | wus kaasta sanalika nora lali | mung tuhu ambêgira ||

45. sangêt dènnya akarya ling-aling | pambengkasing sumêngah jubriya | kaèsthi siyang ratrine | akèh dènira ngrungu | pratingkahe para maharsi | kang sami kaluputan | ing panganggêpipun | pangancase kawruhira | pan wus bênêr wêkasan mati tan dadi | kawilêt ing trap-trapan ||

46. ana ingkang mati dadi pêksi | amung milih pencokan kewala | kayu kang bêcik warnane | angsana nagasantun | tanjung bulu tuwin waringin | kang anèng pinggir pasar | êngkuk mangkruk-mangkruk | angungkuli wong sapasar | mindho gawe kamuktèn sapele pinrih | kasasar kabêlasar ||

47. ana ingkang anitis para [pa…]

— 45 —

[…ra] ji | sugih garwa putra rajabrana | anênitis mring putrane | sêpuh kang arsa mêngku | karêmêne sawiji-wiji | samyamrih kaluwihan | ing panitisipun | yèn mungguh Sang Wrêkudara | nora karsa anganggêp kang durung masthi | sadayèku ingaran ||

48. tibaning kang pantaka tan pasthi | durung jumênêng janma utama | kang mangkono panganggêpe | ngrasa lamun anêmu | suka sugih tan wruh ing yêkti | kalamun nêmu duka | kabanjur linantur | sanggone nitis kewala | tanpa wêkas kangelan cipta tan dadi | tan bisa babar pisan ||

49. ana ingkang anyakrabawani | karêmêne anèng paramean | ing pati kono tibane | bawur tyas kabaliwur | nora kêlar tibaning pati | keron pan kasamaran | mangsah mowor sambu | bote wong ulah kamuksan | nora kêna mikir bôndha anak rabi | sajrone mrih kamuksan ||

50. yèn luputa pantakanirèki | lêhêng biyèn nora dadi jalma | sato gampang pratikêle | sirnane tanpa tutur | balik lamun bênêring kapti | misesa kang wisesa | ôngga guwanèku | ênênge tan kadi sela | wêningira apan nora kadi warih | langgêng [lang…]

— 46 —

[…gêng] tanpa karana ||

51. wênèh ana pandhita ngantêpi | ing kamuksanira paripaksa | anjungkung kasutapane | panyanane puniku | tanpa tuduh mung tapanèki | tan mawi puruhita | tawang-tuwang suwung | mung têmêne ciptanira | durung antuk pawarta tuduh kang yêkti | dadine lalawora ||

52. papanira kongsi ragarunting | wus mangkono dènnyamrih kamuksan | tanpa pitutur sirnane | kêmatêngên tapèku | utamane mamrih lêstari | tapa iku minôngka | ragi pamènipun | ngèlmi kang minôngka ulam | tapa tanpa ngèlmu iku nora dadi | yèn ngèlmu tanpa tapa ||

53. cêmplang-cêmplang têrkadhang andadi | ugêr nora kaliru trap-trapan | kacagak sagung bekane | sayêkti dadi tulus | winèhana pandhita sandi | wuruke dèn satêngah | marang sabatipun | sabate landhêp candhakan | kang linêmpit kawêdhar raosing galih | katur mring guronira ||

54. kawêdharing graitanirèki | saking nguni durung mambu warah | dadya tan eca manahe | wus katur [ka…]

— 47 —

[…tur] guronipun | langkung ngungun tumut nganggêpi | pinintokakên marang | pandhita gung-agung | wus bênêr inganggêp nyata | yèku wahyu nugraha dhawuh pribadi | sabat ingakên anak ||

55. pinilala pan agung tinari | marang guru yèn arsa amêjang | tan têbih sandhing linggihe | sabat satêmah guru | guru dadya sabat ing batin | lêpasing panggraita | tanduk lawan wahyu | yèku utama kalihnya | kunêng wau Sang Sena nulya lumaris | ucapên ing Pandhawa ||

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: