Sêrat Dewaruci

DOWNLOAD EBOOK SERAT DEWA RUCI

Punika Sêrat Dewaruci ingkang sampun mawi wrêdi.

CETAKAN YANG KA IV.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi Kêdhiri 1928

— [1] —

Sêrat Dewaruci

Punika Sêrat Dewaruci ingkang sampun mawi wrêdi.

[Grafik]

CETAKAN YANG KA IV

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi Kêdhiri 1928

— [2] —

Penerbit: TAN KHOEN SWIE – Kediri.

[Grafik]

Diperlindungi hak pengarang tersebut dalam Stb. 1912 No. 600. fatsal ll. Kitab ini Syah bila ada tanda tangannya si penerbit sebagi dibawah ini:

— [3] —

Bêbuka.

Sêrat: Dewaruci.

Sêrat Dewaruci punika ing ngajêng mawi têmbang Kawi Sêkar Agêng, anggitanipun Êmpu Widayaka ing nagari Mamênang, inggih ing Kadhiri.

Êmpu Widayaka wau inggih Ajisaka, timuripun nama Jaka Sangkala, putranipun Êmpu Anggajali, ibunipun putri ing nagari Najran, tanah Ngarab.

Sarta Ajisaka wau siswanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, raja pandhita dibya ing nagari Banisrail Ngarab. Punapadene Ajisaka wau lajêng puruhita dhatêng para Jawata, bab kawruh kamuksan, utawi kawruh kadibyan kanuragan sasaminipun, sampun tumplak kacakup dening Ajisaka sadaya. Para dewa ingkang linangkung sampun dipun guroni sadaya. Kados ingkang kasêbut ing Sêrat Ajidarma, tuwin Sêrat Ajinirmala.

Mila Ajisaka punika kawruhipun langkung pinunjul sasamining êmpu. Mungêl ing Sêrat Panitisastra, manawi wontên [wontê…]

— [4] —

[…n] êmpu ingkang sagêd ngawonakên pandhita satus, ingkang putus ing kawruh, punika sawêg sami kaliyan kawruhipun Êmpu Widayaka.

Amila Sêrat Dewaruci punika, sami-sami wêwarah kamuksan jaman kadewatan, kabudan, dipun rêmêni piyambak dening para wali, awit suraosipun cundhuk sangêt kaliyan kawruh pathining agami Islam (Ngèlmi Makripat) dhasar sajatosipun, Êmpu Widayaka wau, mênggahing kawruh kasampurnan, ingkang dipun èsthi ing salêbêting batos amung wasitanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, ing Banisrail kasêbut ing nginggil (Islam) mila layak kemawon Sêrat Dewaruci wau, dipun lêluri dening para wali.

Dene ingkang jarwakakên mawi sinawung ing sêkar macapat, Kangjêng Susuhunan Benang. Sarta sampun sumêbar ing kathah, malah sampun nate dipun cithak, ananging dumugi samangke dèrèng dipun wardèni. Sapunika sampun kalampahan dipun wardèni kalayan jangkêp. Awêwaton saking sêrat warni-warni. Ingkang mardèni Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri (Surakarta).

Taun 1922 – 1852.

— [5] —

Sêrat: Dewaruci, Mawi Wrêdi

1. Dhandhanggula 1. nihan doning ulun manulat sri | mring sarkara mamrih mamardawa | tyas wigêna panjutane | juwêt silarjèng tuwuh | wahananing kaanan jati | sujana paramarta | witaning tumuwuh | winangun ingkang sasmita | ginupita ing kawi rèh Bimasuci | winangun lawan jarwa ||

2. Wrêkodhara duk puruhita mring | Dhanyang Durna kinèn ngupayaa | toya ingkang nucèkake | marang sariranipun | Wrêkodhara mantuk wêwarti | maring nagri Ngamarta | pamit kadang sêpuh | sira Prabu Yudhisthira | kang para ri sadaya nuju marêngi | anèng ngarsaning raka ||

3. Arya Sena matur ing raka ji | lamun arsa kesah mamrih toya | dening guru pituduhe | Sri Darmaputra ngungun | amiyarsa aturing ari | cinipta praptèng baya | narendra mangun kung | dyan satriya Dananjaya | matur nêmbah ing raka sri narapati | punika tan sakeca ||

4. inggih sampun paduka lilani | rayi dalêm kesahe punika | botên sakeca raose | arya kalih wotsantun | inggih sampun tuwan lilani | watak raka paduka | Ngastina pukulun | karya mangendra sangsara | Rêsi Durna ginubêl murih ngapusi | sirnaning pra Pandhawa ||

5. Wrêkodhara miyarsa nauri | ingsun môngsa [mông…]

— 6 —

[…sa] kênaa dèn ampah | mati ya ngumurku dhewe | wong nêdya mrih pinutus | panunggale Hyang Maha Suci | Arya Sena saksana | kalepat sumêmprung | Sri Narendra Yudhisthira | miwah ari katiga ngungun tan sipi | lir tinêbak mong tuna ||

6. tan winarna kang kari prihatin | kawuwusa lampahira Sena | tanpa wadya amung dhewe | mung bajra sindhung riwut | ambêbênêr murang ing margi | prahara munggèng ngarsa | gora rèh gumuruh | kagyat miris wong padesan | kang kaambah kang kapranggul dhodhok ajrih | andhêpès nêmbah-nêmbah ||

7. kathah pasêgah dhatan tinolih | langkung adrêng praptèng Kurusetra | marga gêng kambah lampahe | glising lampahira sru | gapura gêng munggul kaèksi | pucak mutyara muncar | sangking doh ngênguwung | lir kumêmbaring baskara | kunêng wau kang maksih wontên ing margi | wuwusên ing Ngastina ||

8. Prabu Suyudana animbali | Dhanyang Durna prapta ing jro pura | natèng Mandraka sarênge | Prabu Ngawôngga tumut | pra sêntana andêling wèsthi | prasami ingandikan | marang jro kadhatun | wong agung ing Sindusena | Jayajatra miwah Ki Arya Sangkuni | Bisma myang Drusasana ||

9. Radèn Kuwirya Kurawa sêkti | miwah Rahadèn Jayasusena | Radèn Rekadurjayane | praptèng

— 7 —

ngarsa sang prabu | kang ginusthi mrih jayèng jurit |

[Grafik]

Durna dan Wêrkudara.

sor sirnaning Pandhawa | ingkang dadya wuwus | aywa kongsi bratayuda | yèn [yè…]

— 8 —

[…n] kênaa ingapus sangkaning aris | sirnaning pra Pandhawa ||

10. golong mangkono turira sami | Radèn Sudarma Surônggakara | anut rêmpêg samya ture | sira ta Sang Aprabu | Suyudana mênggahing galih | datan pati ngarsakna | ing cidranirèku | ragi kagagasing kadang | lagya eca gunêm Warkudara prapti | dumrojog manjing pura ||

11. ebah kagyat kang samya alinggih | Sri Narendra Ngastina ngandika | yayi dèn kaparèng kene | Wrêkudhara anjujug | Dhanyang Durna sigra ngabêkti | rinangkul jangganira | babo sutèng ulun | sira sida ngulatana | ingkang tirta pawitra sucining urip | yèn iku kapanggiha ||

12. nirmala panggih wisesèng urip | wus kawêngku aji kang sampurna | pinunjul ing jagad kabèh | ngaubi bapa biyung | mulya sangking sira nak mami | linuwih ing triloka | langgêng ananipun | Arya Sena matur nêmbah | inggih pundi prênahe kang tirta suci | nuntên paduka têdah ||

13. prênahipun kang hèr adi êning | Rêsi Durna mojar marang Sena | adhuh sutaningsun anggèr | ênggoning kang toya nung | pan ing wana Tikbrasarèki | turutên tuduh ingwang | sangêt pari kudu | nucèkakên badanira | ulatana soring Gôndamadanèki | ing wukir Côndramuka ||

14. dhungkarana ingkang wukir-wukir |

— 9 —

jroning guwa jro panggonanira | tuhu hèr ning pawitrane | ing nguni-uni durung | ana kang wruh goning toyadi | trustha Sang Wrêkodhara | pamit awotsantun | mring Durna mring Suyudana | angandika sira Prabu Kurupati | yayi mas dèn prayitna ||

15. bok kasasar dènira ngulati | panggonane gawat tan têtela | Wrêkodhara lon ature | nora pêpeka ingsun | anglakoni tuduh sang yogi | amêsat saking pura | sigra rèh sumêngkut | kang maksih anèng jro pura | samya mèsêm natèng Mandraka lingnyaris | paran polahe ika ||

16. gunung Côndramuka guwanèki | dene kanggonan rêksasa krura | kagiri-giri gêdhene | sayêkti lêbur tumpur | ditya kalih pangawak wukir | tan ana wani ngambah | sadaya gumuyu | ngrasantuk upayanira | sukan-sukan boga drawina mênuhi | kunêng ingkang kawuntat ||

2. Pangkur

1. lampahe Sang Wrêkodhara | lajêng ngambah praptanirèng wanadri | ririh ing rèh gandrung-gandrung | sukanirèng wardaya | tirta êning pamungkas wêkasing guru | tan nyipta bayaning marga | kacaryan kang dèn ulati ||

2. ngambah wukir sêngkan-sêngkan | anut bambing kapering lêmah miring | gêgêr mênggêr agra gugur | jurang rèjèng kaparang | angraganjang kèh ri sarywa lata lumung | myang enggar katiban warsa | sela ngapit [ngapi…]

— 10 —

[…t] marga supit ||

3. kèksi kang pala kasimpar | pan kawarsan ing môngsa catur asri | panjrah pamêwah rum-arum | abra kang patra wijah | ambalasah bogêm banas capaka nul | angsana myang kanigara | wilaja lan gôndasuli ||

4. angglar ingkang anggrèk wulan | jônggawure araras wora-wari | argula mêkar lan mênur | anjrah gambir gambira | nagapuspa angsoka malathi tanjung | prabusètmata sridênta | lawan kananga kumuning ||

5. tumiling ili nut awan | kadya manambrama ingkang lumaris | bramara rèh nguswa lumung | anglir karunanira | ing kaswasih sangsaya margèng malat kung | Risang Gôndanarpatmaja | lênglêng ngulati toya ning ||

6. surya mangrangsang lampahnya | kumyus ingkang riwe saengga warih | gumrêgut sangsaya sêngkut | enggaring kabaskaran | nêrang nunjang kasandhung sukuning gunung | wrêksa rug rêbah balasah | sora dhèdhèt erawati ||

7. gègèr saisining wana | de kang pôncawora prahara tarik | sato kabarasat mawur | gumyur sumyur wurahan | saking gênging ampuhan sato kabêntus | kidang-kidang matyèng jurang | tibèng parang angêmasi ||

8. andaka kèh tibèng jurang | bujôngga gêng amrih mulêt ing uwit | rungkading wrêksa karangkut | lumajêng maring jurang | wau ingkang tapa-tapa anèng

— 11 —

gunung | ajar-ajar kapêlajar | prabawa prahara gumrit ||

9. kêthu kathok kapalêsat | kuthetheran pathake pothar-pathir | rêrangkangan kèh mrêkungkung | sangêt katisên samya | tutup tangan cantrik manguyu kêplayu | dalancang mangsi kasingsal | ngungsi padesan gumriwis ||

10. munya gênthane kang muja | gugup dènnya nawurkên wangi-wangi | sari sugônda sumawur | wau ta lampahira | praptèng wukir Côndramuka guwanipun | binubak wukir dhinukir | sela siningsal atêbih ||

11. wrêksa gêng-agêng kagêman | kaidêran balasah bosah-basih | prênahing toya rinuruh | dangu datan kapanggya | kawuwusa ditya kang wontên ing ngriku | Sang Rukmuka Rukmakala | kagyat dènira miyarsi ||

12. gêbruging wukir kadhungkar | lan prahara gora rèh gêgirisi | lawan kongasira mambu | gandaning kang sujanma | katgada Sang Rukmakala arsa mêtu | ngêrik angrak lir bathara | berawa ing gêmpur bumi ||

13. gora sabda lir bubula | Maitala lir Kalalodra murti | girindra kontrak gumuntur | katon Sang Wrêkodhara | binandhêming ing wukir asru amuwus | hèh ko dhik ditya bêbaya | dursila krama mrih pati ||

14. Sang Rukmuka Rukmakala | asru muwus manungsa mêngko mati | dursila budimu muput | dhustha ngrusak gon ingwang |

— 12 —

sigra nêmpuh Sang Wrêkodhara tinubruk | tinêpak tan obah panggah |

[Grafik]

Rukmakala, Rukmuka, dan Wêrkudara.

sinêbrak-sêbrak tan mosik ||

15. sela tan tumamèng [tu…]

— 13 —

[…mamèng] angga | curna siyung punggêl ingukêl aglis | agya anaut sumêbut | ingabên lawan wrêksa | Sang Rukmuka angganira agalêpung | utêk wutah sumaburat[1] | Rukmuka sampun ngêmasi ||

16. Rukmakala ngrik manrajang | wus cinandhak winayangkên binanting | ing sela ditya malêdug | sumyur rahnya sumêbar | sarêng pêjah Rukmuka Rukmakalèku | sirna bangkene tan ana | jêr samya jawata luwih ||

17. kêna ing papa cintraka | Endra Bayu dinukan Hyang Pramèsthi | dadya ditya kalihipun | nèng guwa Côndramuka | ya ta wau Sang Bayutanaya wuru | kabèh wukir binalengkrah | toya tan ana pinanggih ||

18. sadangunira ngupaya | gunung-gunung kawur dèn obrak-abrik | sayah kasaputing dalu | ngadêg soring mandera | giyuhing tyas dènira ngupaya banyu | pawitra dangu tan angsal | miyarsa swara dumêling ||

19. tan katon kang duwe swara | adhuh putuningsun liwat kaswasih | ngupaya nora kêpangguh | tan antuk tuduh nyata | ring prênahe kang sira upaya iku | sangsayèku polahira | Wrêkodhara duk miyarsi ||

20. nauri sintên kang swara | dene botên kaèksi dening kami | punapa yun ngambil tuwuh | kawula gih sumôngga | lêhêng pêjah ngulati datan kapangguh | kang swara gumuyu suka | yèn sira tambuh

— 14 —

ing mami ||

21. duk sira matèni ditya | iya ingsun karo jawata sami | kêna ing papa cintrèku | kang nampurnakkên sira | Endra Bayu araningsun kang satuhu | duk ditya Si Rukmakala | lawan Rukmuka ran mami ||

22. sira angulati toya | pituduhe Dhanyang Durna ing nguni | nyata na banyurip iku | tuture Rêsi Durna | nanging nora ing kene panggonanipun | sira balia atasna[2] | ênggone ingkang sayêkti ||

23. duk miyarsa Wrêkodhara | kèndêl sarwi wagugên tyasirèki | saksana wau sumêbrung | mantuk marang Ngastina | tan winarna ing marga Ngastina rawuh | pêndhaking dina samana | kang wontên ngarsa jro puri ||

24. kadya duk angkate Sena | Rêsi Durna Bisma miwah paraji | lan pra santana gung-agung | natèng Wôngga Mandraka | Sangkuni lan Sindurja samya nèng ngayun | Sudama Surônggakara | Kuwirya Kurawa sêkti ||

25. Rahadèn Rekadurjaya | Radèn Jayasusena munggèng ngarsi | kagyat wau praptanipun | Sang Arya Wrêkodhara | samya kagèt bagèkkên kabèh wong agung | babo ariningsun prapta | antuk karya sun watawis ||

26. yayi mas ngêmpèk kewala | praptanira sayêkti antuk kardi | Sang Rêsi Durna sumambung | paran mas lakunira | Wrêkodhara pukulun datan kapangguh | gène wukir Côndramuka |

— 15 —

mung ditya kalih kêpanggih ||

27. Rukmuka lan Rukmakala | sampun sirna kalih kawula banting | dene ditya amrih lampus | sikara ing kawula | wukir kabèh kabalengkrah tan katêmu | paduka tuduh kang nyata | sampun amindho gawèni ||

28. Sang Durna angrangkul sigra | babo-babo lagya ingsun ayoni | katêmênane ing guru | mêngko wus kalampahan | nora mèngèng ngantêpi tuduhing guru | iya mêngko sun wêwarah | ênggone ingkang sayêkti ||

29. iya têlênging samodra | yèn sirèstu guru pun bapa kaki | ngêsung têlêng samodra gung | Wrêkodhara turira | sampun mênggah têlênging samudra agung | wontêna nginggiling swarga | dhasaring kang sapta bumi ||

30. môngsa ajriha palastra | anglakoni tuduh Sang Mahayêkti | iya babo sutèng ulun | yèn iku pinanggiha | bapa kakinira kang wus padha lampus | besuk uripe nèng sira | lan sira punjuling bumi ||

31. tan ana aji tumama | sirna kasor kawêngku ing sirèki | Prabu Ngastina sumambung | dhuh-adhuh ariningwang | kayaparan pratikêlirèng dêlanggung | dene kaliwat agawat | prênahing kang tirta êning ||

32. aja sira kaya bocah | dèn prayitna Wrêkodhara nauri | hèh Kurupati kakangku | srahna marang jawata |

— 16 —

ayya mêlang tumolih lilakna aku | aja garantês ing manah | pirangbara yèn basuki ||

33. ya yayi muga antuka | lakunira pitulunging dewadi | pamit Arya Sena sampun | mring Durna mring sang nata | ing Ngastina sigra mêsat lampahipun | sangking pura pan wus mêdal | nêdya amantuk rumiyin ||

34. matur ing raka Ngamarta | kunêng Wrêkodhara lampahirèki | wau ta ingkang winuwus | ing nagari Ngamarta | saangkate Wrêkodhara kesahipun | dene tan kêna ingampah | kalangkung samya prihatin ||

35. Sang Aprabu Darmaputra | miwah Dananjaya lan ari kalih | saputra sagarwanipun | prihatin maras ing tyas | samya rêmbug utusan ngaturi wêruh | sangking sungkawa punika | marang Prabu Dwarawati ||

36. mêsat caraka Ngamarta | mawi surat ing marga tan winarni | ing Dwarawati wus rawuh | katur ring sri narendra | sêrat saking Ngamarta sinuksmèng kalbu | kagyat garjitèng wardaya | Sang Aprabu Harimurti ||

37. datan sakeca tyasira | angundhangi wadya budhal sang aji | sawadyakuswa kasusu | ing marga tan winarna | ing Ngamarta sang nata lampahnya rawuh | gègèr amêthuk busêkan | Yudhisthira lan para ri ||

38. samya ngabêkti sadaya | wusnya tata lênggah anèng jro puri | Prabu Darmaputra matur | myang Arya Dananjaya | saha waspa ing madya [ma…]

— 17 —

[…dya] wasananipun | katur ring raka sadaya | Risang Prabu Harimurti ||

39. ngandika Narendra Krêsna | yayi prabu aywa sungkawèng galih | polahe arinirèku | Ki Arya Wrêkodhara | nadyan silih sêpuh yêktining pangapus | ing tingkah Kurawa cidra | dèn pasrah ing batharadi ||

40. wong anêdya puruhita | ujar bêcik upama dèn alani | santosa ing bathara gung | ingkang nêdya bancana | môngsa wurung nêmu wêwalês ing pungkur | punagi ing aturira | marang Prabu Harimurti ||

41. yèn prapta ari paduka | mila munjuk datan sande ngulati | kawula bujana nayub | kaèstokna jêng nata | yèn sampuna kaka prabu nuntên rawuh | yêkti barubah kang manah | rayi dalêm sadayèki ||

42. lagyeca imbal wacana | praptanira wong agung Jodhipati | gumuruh samya angrubung | atur trusthaning driya | Dananjaya lawan Nangkula rinipun | myang Pôncawala Sumbadra | Drupadi miwah Srikandhi ||

43. sami rêrêp sungkawanya | angandika Sang Prabu Harimurti | mara payo yayi prabu | nutugna abujana | sigra Wrêkodhara sru pamuwusipun | aywa susah abujana | pan ingsun nora ngêntèni ||

44. marang pambujananira | karyaningsun mung arsa tur upêksi | pan iya nulia wangsul | miwah mring sira Krêsna | pan kaparêng ingsun iki awèh wêruh |

— 18 —

arsa mring têlêng samodra | ngupaya sinoming warih ||

3. Sinom

1. ing tuduhe Dhanyang Durna | angulati toya urip | gone têlênging samodra | iku arsa sun lakoni | atur kang para ari | adhuh kangmas sampun-sampun | punika dede lamba | tan pantês dipun lampahi | duk miyarsa jêtung Prabu Yudhisthira ||

2. umatur dhatêng kang raka | ing Narendra Harimurti | paran ing karsa paduka | rayi sampeyan puniki | tan kenging dèn palangi | Krêsna kèndêl tanpa muwus | langkung pangungunira | bingung tan nauri nênggih | ing ature Sang Sri Batanakawarsa ||

3. sigra Prabu Yudhisthira | amêngkul dhatêng kang rayi | Arjuna Nangkula Sdewa | ing suku samya nangisi | Pôncawala Drupadi | Sumbadra Srikandhi ngayun | gubêl samya karuna | miwah Nata Harimurti | andrês mili mituturi Bayuputra ||

4. samya nangis ngampah-ampah | tan keguh ginubêl tangis | Dananjaya nyêpêng asta | radèn kalih suku kalih | sarwi lara anangis | Krêsna munggwing ngarsanipun | Srikandhi lan Sumbadra | samya mangrubung nangisi | kinipatkên sadaya sami kaplêsat ||

5. ambêrot sang Wrêkodhara | tan kêna dèn gêgujêngi | nginthar lampahe wus têbah | kadya tinilar ngêmasi | sagunge ingkang kari | apan ta arsa sinusul |

— 19 —

ajrih pangampahira | sira Prabu Harimurti | dadya kèndêl sadaya wayang wuyungan ||

6. saênggon-ênggon karuna | sagung ingkang santanèstri | kakunge ngadhêp sadaya | ing Narendra Harimurti | tan pêgat mituturi | kang rayi samya andhêku | dadya wau kang raka | makuwon sajroning puri | kawuwusa wau kang adrêng ing lampah ||

7. sahira saking jro kutha | nulya sru manjing wanadri | tan kèsthi durgamèng ngawan | tan ana baya kaèksi | sagung wong têpiswiring | gawok ing pandulunipun | lampahe Arya Sena | lir naga krura ngajrihi | anrang baya amrih tuhuning ngagêsang ||

8. kayon katubing maruta | sumuking swaraniratri | kadya ngatag sêkar mêkar | samirana mawor riris | panjrahning sarwa sari | karirisan marbuk arum | jôngga kumuning sumyar | angsana pudhak kasilir | tinon kadya kang wêntis kesisan sinjang ||

9. sore subrataning driya | sahira saking nagari | canggèrètnong mawurahan | kadya nyapa ring sang brangti | mrak munya anèng wuri | barungan kang pêksi cucur | lir akèn awangsula | kidang wangsul saking ngarsi | kadya napu sruning sangsayèng wardaya ||

10. rêsrês munya asauran | sayah kadya mituturi | bêbêluk darès lan wugan | anambêr-nambêr wiyati | anglir ngalangi margi | wangsula [wang…]

— 20 —

[…sula] sang amalatkung | kongkang nèng rong lir rêntang | mawarah upaya sandi | endrasila tan wuk ing kartisampeka ||

11. diwasaning diwangkara | titi sonya têngah wêngi | kêdhasih munya timbangan | musthikèng ganeya muni | mangun onêng salwir ning | kadya mawarah mrih lampus | upaya Dhanyang Durna | tan tuhu amrih basuki | mawa komandaka durgamaning awan ||

12. numinda sikarèng asta | ri ana sang hyang bayèki | anut ujunging aldaka | dènira lumaris aris | purwa ngimantarèki | sirat-sirat wus kadulu | wismane Hyang Baruna | panitihing jalanidhi | kèksi praba sang maharsi dipaningrat ||

13. ana rikang paksi mijah | panyêngak cangak munyasri | sasmita kèn awangsula | risang kasangsarèng ragi | sata wana munyanjrit | wêwarah risang monêng kung | mangambah wana pringga | kongas têpining udadi | alun anrês gumulung anêmpuh parang ||

14. sumyak lir suraking aprang | marpêki saya kaèksi | karang mungkul kawistara | danuwun-nawun nawêngi | ana kang kadya èsthi | karang mengo liman anjrum | prapta Sang Wrêkodhara | umadêg têpining tasik | mangu mulat tuman trunaning udaya ||

15. ombak angêmbang gêlagah | panduking karang mangsulbi | kadya nambrama kang prapta | wangsula kang among raging | gora rèh anêkani | gora rug guntur-gumuntur | manulak [manu…]

— 21 —

[…lak] mawalikan | sang mong nêng munadikani | sangsayèng tyas emut warahing sang kaka ||

16. tuhu darma komandaka | tuduhira sang maharsi | yèn wangsula arda merang | kangên ujarirèng nguni | suka matiyèng tasik | mangkana wau kadulu | palwa awarna-warna | kumêrab ing jalanidhi | ting karêthap kadya wancak sumamburat ||

17. lênglêng mulat ing udaya | rancakaning tyas kalingling | anglangut tanpa watêsan | sang monêng lir tugu manik | alun gêng gêgilani | langgêng agolong gumulung | toya muncar analang | kikising gisik kaèksi | wêdhinya lir isining kang sêkar mêkar ||

18. sangsanging kang lembak-lembak | lir cêmara uwal saking | ukêling dyah sinjang lukar | tan wus ucapên ing gêndhing | isining kang jaladri | pira-pira langênipun | raras ruming jro toya | panjang winarna ing tulis | Wrêkodhara tan kondur eraming driya ||

4. Durma

1. musthi ing tyasira Arya Wrêkodhara | ing baya tan kaèksi | yèn tan amanggiha | toya rèh tirtamarta | tan wrin palastra ing tasik | mangsah bêk pêjah | cancut gumrêgut manjing ||

2. ing samodra wiraganira lêgawa | banyu sumawut wêntis | mêlêg angganira | alun pan sumamburat | sumêmbur muka nampêkti[3] | migêging ôngga | wakêt jôngga kang warih ||

3. emut ing tyas ana aji jayasngara |

— 22 —

lun agêng anangkêbi | katgada manêngah | sira Sang Wrêkodhara | sayah gênjor ingkang wêntis | datan kaetang | kunêng wontên winarni ||

4. kang naga gêng kyating rat Anêmburnawa | wisanira duk prapti | krura makikikan | katon kambang-kumambang | gêngnya saprabata siwi | galak kumêlap | sumêmbur angajrihi ||

5. lir kinêbur samodra molah prakêmpa | kagyat duk aningali | Arya Wrêkodhara | iki bêbaya prapta | eram umiyat gêngnèki | datan antara | kotbuta anêkani ||

6. kadya guntur kumêbur ingkang samodra | prabawanira atri | mangap kadya guwa | siyung mingis kumilat | sumawur wisa lir riris | manaut krura | mulêt kadya ambanting ||

7. nêngah apan kasangsang kapulêt naga | angrês Sang Bayusiwi | wisane sang naga | tumampêk mukanira | kewran ing tyas nyipta mati | saya pinolah | ing naga mobat-mabit ||

8. sariranya kêmput ginubêl sadaya | mung jôngga ingkang maksih | sangsaya manêngah | sagung kang palwa giwar | nyana pôncaruba prapti | prahara salah | gusis palwa wus têbih ||

9. lir sinapon palwa tan ana katingal | wau kang amrih jurit | sayah Arya Bima | emut sang amikara | cinublês kanaka aglis | kang munggwing angga | pasah rahnya drês mijil ||

10. pôncanaka manjing awaking [a…]

— 23 —

[…waking] sang naga | tatas pating saluwir |

[Grafik]

Wêrkudara prang lan naga.

rah mijil lir udan | abang toyèng samodra | sapandêlêng kanan kering | toya dadya

— 24 —

rah | naga gêng wus ngêmasi ||

11. sirna dening Sang Sena sadaya suka | saisining jaladri | wau kawuwusa | risang murwèng parasdya | wruh lakune kang kaswasih | sang amurwèng rat | praptane sang amamrih ||

12. dinuta tan uninga jatining lampah | tirtamarta mahêning | mapan tanpa ngarah | tirta kang wruh ing tirta | suksma-sinuksma mawingit | tangèh manggiha | yèn tan nugraha yêkti ||

13. kunêng sanalika wuwusên Pandhawa | dahat dènnya prihatin | sangsaya anggagas | marang ing kadangira | arsa nusula prasami | aja salaya | yèn nêmahana pati ||

14. samya gubêl nênuwun kang pangandika | Sang Prabu Harimurti | samya tinangisan | sira Narendra Krêsna | wus aywana kang prihatin | pan kadangira | nora tumêkèng pati ||

15. malah antuk kanugrahaning jawata | besuk praptane suci | iya pan sinihan | de Sang Suksma Kawêkas | winênang aliru dhiri | raga bathara | putus ing tingal êning ||

16. uwis padha maria aja sungkawa | enggar tyasira sami | sirna susahira | dene wau miyarsa | pangandika kang sayêkti | saking kang raka | nata ing Dwarawati ||

17. ya ta malih wuwusên Sang Wrêkodhara | nèng têlênging jaladri | sampun pinanggihan | awarni dewa bajang | pêparabe Dewaruci | lir lare dolan | ngandika têtanyaris ||

— 25 —

18. hèh ta Wrêkodhara apa karyanira | têka ing kene iki | apa sêdyanira | iya sêpi kewala | tan ana kang sarwa bukti | myang sarwa boga | miwah busana sêpi ||

19. amung godhong aking yèn ana kumleyang | tiba ing ngarsa mami | iku kang sun pangan | yèn ora nora nana | garjita tyasnya miyarsi | Sang Wrêkodhara | ngungun dènnya ningali ||

20. dene bajang nèng sagara tanpa rowang | cilik amênthik-mênthik | iki ta wong apa | gêdhe sajênthik ingwang | pangucape sru kumaki | ladak kumêthak | dene tapa pribadi ||

21. lan maninge Wrêkodhara ingkang prapta | iya ing kene iki | akèh pôncabaya | yèn ora êtoh pêjah | sayêkti tan prapta ugi | ing kene mapan | sakalir sarwa mamring ||

22. nora urup lan ciptamu paripaksa | nora angeman pati | sabda kaluhuran | kene môngsa anaa | kewran Sang Wrêkodharèki | sasaurira | dene tan wruh ing gati ||

23. dadya alon Wrêkodhara saurira | môngsa-borong sang yogi | sang wiku lingira | lah iya sira uga | bèbète Sang Hyang Pramèsthi | Hyang Girinata | turase pan sayêkti ||

24. sangking Brama uwite kang para nata | iya bapakirèki | turun saking Brama | mêncarkên para [pa…]

— 26 —

[…ra] raja | dene ibunira Kunthi | kang duwe têdhak | iya Sang Wisnumurti ||

25. mung patutan têtêlu lan bapakira | Yudhisthira pangarsi | panênggake sira | panêngah Dananjaya | kang loro patutan Madrim | jangkêp Pandhawa | praptane kene iki ||

26. iya Dhanyang Durna akon ngulatana | banyurip tirta êning | iku gurunira | pituduh marang sira | yèku kang sira lakoni | mulane iya | angèl pratingkah urip ||

27. aja lunga yèn tan wruh ingkang pinaran | lan aja mangan ugi | lamun tan wêruha | rasaning kang pinangan | aja nganggo-anggo ugi | yèn durung wruha | araning busanèki ||

28. wêruhe lan têtakon bisane iya | lawan têtiron nênggih | dadi lan tumandang | mêngkono ing agêsang | ana jugul saking wukir | arsa tuku mas | mring kêmasan dèn wèhi ||

29. dlancang kuning dèn anggêp kancana mulya | mêngkono ingabêkti | yèn durung waskitha | prênahe kang sinêmbah | Wrêkodhara duk miyarsi | dhêku noraga | dene sang wiku sidik ||

30. sarwi sila sandika andikanira | Sang Wrêkodhara mèt sih | anuwun jinatyan | sintên ta aran tuwan | dene nèng ngriki pribadi | sang marbudyèng rat | ya ingsun Dewaruci ||

31. matur alon pukulun yèn makatêna | pun patik anuwun sih | ulun inggih

— 27 —

datan | wruh puruhitèng badan | sasat sato wana inggih | tan môntra-môntra | waspadèng badan suci ||

32. langkung mudha punggung cinacad ing jagad | kèsi-èsi ing bumi | angganing curiga | ulun tanpa wêrôngka | wacana kang tanpa siring | ya ta ngandika | manis Sang Dewaruci ||

5. Dhandhanggula

1. lah ta mara Wrêkodhara aglis | lumêbua guwagarbaningwang | kagyat miyarsa wuwuse | Wrêkodhara gumuyu | sarwi guguk turira aris | dene paduka bajang | kawula gêng luhur | inggih pangawak prabata | sangking pundi marganing kawula manjing | jênthik môngsa sêdhênga ||

2. angandika malih Dewaruci | gêdhe êndi sira lawan jagad | kabèh iki saisine | kalawan gunungipun | samodrane alase sami | tan sêsak lumêbua | guwagarbaningsun | Wrêkodhara duk miyarsa | èsmu ajrih kumêl sandika turnèki | mènglèng Sang Rucidewa ||

3. iki dalan talingan ngong kering | Wrêkodhara manjing sigra-sigra | wusa prapta ing jro garbane |[4] andulu samodragung | tanpa têpi nglangut lumaris | lêyêp adoh katingal | Dewaruci nguwuh | hèh apa katon ing sira | dyan sumaur Sang Sena inggih atêbih | tan wontên katingalan ||

4. awang-awang kang kula lampahi | uwung-uwung têbih tan kantênan |

— 28 —

ulun saparan-parane | tan mulat ing lor kidul | wetan kilèn datan udani | ing ngandhap nginggil ngarsa | kalawan ing pungkur | kawula botên uninga | langkung bingung ngandika Sang Dewaruci | aywa maras tyasira ||

5. byar katingal ngadhêp Dewaruci | Wrêkodhara sang wiku kawangwang | umancur katon cahyane | nulya wruh ing lor kidul | wetan kilèn sampun kaèksi | nginggil miwah ing ngandhap | pan sampun kadulu | apan andulu baskara | eca tyase miwah sang wiku kakèksi[5] | anèng jagad walikan ||

6. Dewaruci suksma angling malih | payo lumaku andêdulua | apa katon ing dhèwèke | Wrêkodhara umatur | wontên warni kawan prakawis | katingal ing kawula | sadaya kang wau | sampun datan katingalan | amung kawan prakawis ingkang kaèksi | irêng bang kuning pêthak ||

7. Dewasuksmaruci ngandikaris | ingkang dhingin sira anon cahya | gumawang tan wruh arane | pôncamaya puniku | sajatine ing tyas sayêkti | pangarêping sarira | têgêse tyas iku | ingaranan muka sipat | kang anuntun marang sipat kang linuwih | kang sajatining sipat ||

8. môngka tinulak aywa lumaris | awasêna rupa aja samar | kawasane tyas êmpane | wit tingal ing tyas iku |

— 29 —

anêngêri marang sajati | eca Sang Wrêkodhara | amiyarsa wuwus | lagya mèdêm tyas sumringah | dene ingkang abang irêng kuning putih | iku durgamaning tyas ||

9. pan isining jagad amêpêkti[6] | iya ati kang têlung prakara | pamurunge laku dene | kang bisa pisah iku | mêsthi bisa amor ing gaib | iku mungsuhe tapa | ati kang têtêlu | abang irêng kuning samya | ingkang nyêgah cipta karya kang lêstari | pamoring sukma mulya ||

10. lamun nora kawilêting katri | yêkti sida pamoring kawula | lêstari ing panunggale | poma dèn awas emut | durgama kang munggwing ati |[7] pangwasane wêruha | siji-sijinipun | kang irêng luwih prakosa | panggawene asrêngên sabarang runtik | andadra ngômbra-ômbra ||

11. iya iku ati kang ngadhangi | ambuntoni marang kabêcikan | kang irêng iku gawene | dene kang abang iku | iya tuwuh napsu tan bêcik | sakèhing pêpenginan | mêtu sangking iku | panastèn panasbaranan | ambuntoni marang ati ingkang eling | marang ing kawaspadan ||

12. apadene kang arupa kuning | kawasane nanggulang sabarang | cipta kang bêcik dadine | panggawe amrih tulus | ati kuning ngandhêg-andhêgi | mung panggawe pangrusak | binanjur jinurung | mung kang putih iku [i…]

— 30 —

[…ku] nyata | ati antêng mung suci tan ika iki | prawira ing kaharjan ||

13. amung iku kang bisa nampani | ing sasmita sajatining rupa | nampani nugraha gone | ingkang bisa tumanduk | kalêstarèn pamoring gaib | iku mungsuhe tiga | tur samya gung-agung | balane ingkang têtiga | kang aputih tanpa rowang amung siji | marma anggung kasoran ||

14. lamun bisa iya nêmbadani | marang mungsuh kang têlung prakara | sida ing kono pamore | tanpa tuduhan iku | ing pamoring kawula Gusti | Wrêkodhara miyarsa | sêngkud pamrihipun | sangsaya birainira | saya marang kauwusaning aurip | sampurnaning panunggal ||

15. sirna patang prakara na malih | urub siji wêwohu[8] warnanya | Sang Wrêkodhara ature | punapa waskanipun[9] | urub siji wohu[10] kang warni | pundi ingkang sanyata | rupa kang satuhu | wontên kadi rêtna muncar | wontên kadi maya-maya angebati | wontên abra markata ||

16. marbudyèng rat Dewaruci angling | iya iku sajatining tunggal | saliring warna têgêse | iya ana sirèku | kabèh iki isining bumi | ginambar angganira | lawan jagad agung | jagad cilik nora beda | purwa ana lor kidul kulon puniki | wetan luhur myang ngandhap ||

17. miwah abang irêng putih kuning | iya [i…]

— 31 —

[…ya] panguriping kang buwana | jagad cilik jagad gêdhe | tan beda isinipun | tinimbangkên ing sira iki | yèn ilang warna ingkang | jagad sadayèku | saliring reka tan ana | kinumpulkên ana rupa kang sajati | tan kakung tan wanodya ||

18. kadya tawon gumana puniki | kang asawang putra-putran dênta | lah payo dulunên kuwe | Wrêkodhara andulu | ingkang kadya pêputran gadhing | cahya mancur kumilat | tumeja ngênguwung | punapa inggih punika | warnaning dat kang silih dipun ulati | kang sayêktining rupa ||

19. anauri aris Dewaruci | iku dudu ingkang sira sêdya | kang mumpuni ambêk kabèh | tan kêna sira dulu | tanpa rupa datanpa warni | tan gatra tan satmata | iya tanpa dunung | mung dumunung mring kang awas | mung sasmita anèng jagad amêpêki | dinumuk datan kêna ||

20. dene iku kang sira tingali | kang asawang pêputran mutyara | ingkang kumilat cahyane | angkara-kara murub | pan pramana arane nênggih | uripe kang sarira | pramana puniku | tunggal ana ing sarira | nanging datan milu sungkawa prihatin | ênggone anèng raga ||

21. datan mèlu mangan turu nênggih | iya datan milu lara-lapa | yèn iku pisah ênggone | raga kari ngalumpruk | yêkti lungkrah badan puniki | yaiku kang kuwasa | nandhang rahsanipun | inguripan dening Suksma | iya [i…]

— 32 —

[…ya] iku sinung sih sinandhang urip | ingakên rahsaning dat ||

[Grafik]

Wêrkudara dan Dewa Ruci.

22. iku sinandhangkên ing sirèki | upama simbar anèng kêkaywan |

— 33 —

ana ing raga ênggone | uriping pramanèku | inguripan ing Suksma nênggih | misesa ing sarira | sang pramana iku | yèn mati mèu[11] kalêsman | lamun ilang suksma ing sarira nuli | uriping suksma ana ||

23. sirna iku iya kang pinanggih | uriping suksma kang sanyata |[12] kaliwatan upamane | lir rahsaning kêmumu | sang pramana amrasandhani | tuhu tunggal pinôngka | jinatyan puniku | umatur Sang Wrêkodhara | inggih pundi warnanipun kang sayêkti | Dewaruci ngandika ||

24. datan kêna iku yèn sira prih | lan kahanan kang samata-mata | gampang angèl pirantine | Wrêkodhara umatur | kula nuwun pamêjang malih | inggih kêdah uninga | babarpisanipun | pun patik ngaturkên pêjah | ambêncana anggèn-anggèn ingkang pêsthi | sampun tuwan kangelan ||

25. yèn makatên ulun botên mijil | sampun eca nèng ngriki kewala | datan wontên sangsayane | tan niyat mangan turu | botên arip botên angêlih | botên ngraos kangelan | botên ngêrês linu | amung nikmat lan mupangat | Dewaruci lingira iku tan kêni | yèn ora lan antaka ||

26. sangsaya sihira Dewaruci | marang kang kaswasih ing panêdha | lah iya dèn awas bae | mring pamurunging laku | aywa ana karêmirèki | dèn bênêr [bê…]

— 34 —

[…nêr] dèn waspada | panganggêpirèku | yèn wis kasikêp ing sira | aywa amung dèn nganggo parah[13] yèn angling | iku rèh pêpingitan ||

27. nora kêna lamun dèn rasani | lan sasama-samaning manungsa | yên ora lan nugrahane | yèn ana nêdya padu | angrasani rêrasan iki | bêcik dèn kalahana | ywa kongsi kêbanjur | aywa ngadèkkên sarira | lan ywa krakêt marang wisayaning urip | balik sikêpên uga ||

28. kamisayan ingkang makripati | dèn kaasta pamanthênging cipta | rupa ingkang sabênêre | sinêngkêr bawanèku | urip datan ana nguripi | datan ana rumôngsa | ing kahananipun | uwis ana ing sarira | tuhu tunggal sasana lawan sirèki | tan kêna pinisaha ||

29. dipun wêruh sangkanira nguni | tunggal sawang kartining bawana | pandulu lan pamyarsane | wis ana ing sirèku | panduluning suksma sajati | pan datan mawa netra | pamiyarsanipun | iya datan lawan karna | netranira karnanira kang kinardi | iya wis anèng sira ||

30. lairing suksma anèng sirèki | batining suksma uga nèng sira | mangkene ing pralambange | kadi wrêksa tinunu | ananing kang kukusing agni | kukus kalawan wrêksa | lir toya lan alun | kadya menyak lawan puhan | raganira ing rèh obah lawan mosik |

— 35 —

yêkti lawan nugraha ||

31. yèn pamoring kawula lan Gusti | lawan suksma kang sinêdya ana | iya anèng sira gone | lir wayang sarirèku | saking dhalang polahing ringgit | minôngka panggung jagad | kêlir badanipun | amolah lamun pinolah | sapolahe kumêdhèp lawan ningali | tumindak saking dhalang ||

32. kang misesa amisesa sami | datan antara pamoring karsa | jêr tanpa rupa-rupane | wus ana ing sirèku | pamirsane rupa sajati | ingkang ngilo Hyang Suksma | wayangan puniku | iya sira ran kawula | mêngko-mêngko ngong asung katrangan malih | mangkene gampangira ||

33. badan jaba wujud kita iki | badan jêro munggwing jroning kaca | ananging dudu pangilon | pangilon jroning kalbu | yèku wujud kita pribadi | cumithak jron panyipta | ngêrêmkên pandulu | luwih gêdhe barkahira | lamun janma wis gambuh lan badan batin | sasat srira bathara ||

34. awit dening lamun anujoni | sapatêmon ing sacipta kita | janji samurwate bae | badan jêro puniku | yêkti bisa aminangkani | badan kadim punika | iya uga wujud | jroning manik ananira | dene rahsa uga kaperang dadya tri | kang dhingin rahsa jaba ||

35. rahsa jêro nulya rahsa kadim | rahsa jaba iya rahsa badan |

— 36 —

dene rahsa jêro rêke | yèku rahsaning tutuk | rahsa kadim rahsaning ngimpi | nging kabèh iku samya | kawêngku Hyang Agung | têgêse kang langgêng gêsang | kang angajak turu mêlèk mênêng mosik | lan nindakna ambêkan ||

36. uga ingkang wajib anampani | mring lêbu wêtuning kang ambêkan | gêgandhengan apadene | kalawan lêbu wêtu- | ning ambêkan kita puniki | de pasênêtanira | nèng badanirèku | badan winasesèng gêsang | thukuling wulu kulit ingkang nguripi | kulit pan inguripan ||

37. dening daging daging dening gêtih | uriping gêtih saking ambêkan | ambêkan saking uripe | dene ingkang dadya tuk | ngêmbunbunan nulya umili | katampèn kêmbang gêdhang | angilèni sagung | warata sakojur badan | marma lamun ilining tuk dèn pêpêti | ngalumpruk tanpa daya ||

38. ananging sumurupa sirèki | kabèh-kabèh iku mung bêkakas | ora langgêng salawase | awit urip puniku | kawêngku ring ingkang nguripi | ingkang nguripi uga | ya isih kawêngku | dening ingkang karya gêsang | kang karya gêsang tan kêna dèn tingali | lawan netra kêpala ||

39. atanapi paningaling budi | muhung kêna lamun tiningalan | lan paningaling uripe | kang wus lagnyana suwung | têgêse wis tanpa piranti | dadi lamun mangkana |

— 37 —

kêna linakon mung | sapisan nanging kalawan | awani anjumênêngakên sawiji | marma angelingana ||

40. manawa dumadining sakalir | kang awit saking obahing karsa | iya uga pakolèhe | saka obahing kayun | cêkake manungsa puniki | pathoke wani pêjah | lamun wêdi lampus | sabarang ora tumêka | sêdyanira luput ancase tan dadi | môngka lamun ingucap ||

41. luwih gêngnya kalêpasan iki | lawan jagad agêng kalêpasan | kamuksan luwih lêmbute | salêmbutaning banyu | isih lêmbut kamuksan iki | langkung alit kamuksan | saaliting têngu | pan isih ayit[14] kamuksan | liring luwih amisesa ing sakalir | liring lêmbut alitnya ||

42. bisa nuksma ing agal lan alit | kalimputan sagung kang rumangkang | gumrêmêt uga tan pae | kaluwihan satuhu | luwih dening ingkang nampani | tan kêna ngandêlêna | ing warah lan wuruk | dèn sangêt pangudinira | raganira wasuhên praptanya ngungkih | wruha rungsiting tingkah ||

43. wuruk iku kang minôngka wiji | kang winuruk upamane papan | anglir kacang lan kadhêle | sinêbar munggwing watu | yèn watune datanpa siti | kodanan kapanasan | yêkti nora thukul | lamun uwis wicaksana | tingalira sirnakna ananirèki |

— 38 —

dadi tingaling suksma ||

44. rupa lawan swaranira nuli | ulihêna mring kang duwe swara | jêr sira mung ngakên bae | sêsulih kang satuhu | nanging aywa darbe sirèki | pakarêman lyanira | saka ing Hyang Agung | dadi sarira Pangeran | obah mosikira wus dadi sawiji | ywa loro anggêpira ||

45. lamun dadi anggêpira pêsthi | yèn ngrasa loro isih was-uwas | kêna ing rêngu yêktine | yèn wus siji sawujud | sakarêntêg ing tyas sayêkti | apa sinêdya ana | kang cinipta rawuh | wis kawêngku anèng sira | ing sajagad jêr sira ingkang kinardi | gêgênti dèn asagah ||

46. yèn wus mudhêng pratingkah puniki | dèn awingit lawan dèn asasab | andhap-asor pênganggone | nanging ing batinipun | ing sakêdhap tan kêna lali | laire sasabana | kawruh patang dhapur | padha anggêpên sadaya | kalimane kang siji iku pêrmati | kanggo ing kene kana ||

47. lire mati sajroning ngaurip | iya urip sajroning palastra | nanging urip salawase | kang mati iku napsu | badan lair ingkang nglakoni | katampan ba nyata |[15] pamore sawujud | pagene ngrasa matia | Wrêkodhara ing tyas padhang anampani | inggih ingkang nugraha ||

48. lir sasôngka katawêngan riris | praptaning wahyu ngima nirmala | sumilak [sumila…]

— 39 —

[…k] ilang rêgêde | Dewaruci amuwus | andikane manis aririh | tan ana aji paran | kabèh wis kawêngku | tan ana kang kaulapan | kaprawiran kadigdayan wis kawingking | sagung rèhing ayuda ||

49. têlas wulangnya Sang Dewaruci | Wrêkodhara ing tyas datan kewran | wus wruh mring gamane dhewe | ardaning swara muluk | tanpa êlar anjajah bangkit | sawêngkon jagad raya | sagung wus kawêngku | mati pamartining basa | saenggane sêkar maksih kudhup lami | mangkya sêkar ambabar ||

50. wimbuh warna lawan gandanèki | wus kêna kang pôncarêtna mêdal | saka ing guwagarbane | wus salin alamipun | angulihi alame lami | Dewaruci wus sirna | mangkana winuwus | tyasira Sang Wrêkodhara | lulus saking gandaning kasturi jati | panasing tyas wus sirna ||

51. wus lêksana salêkêring bumi | ujar bae wruh antakanira | nir ing wardaya nalane | mung panarima mungguh | kadyanggane ngangge sutradi | maya-maya kang srira | rèhnya sarwa alus | sinuksma mas ingêmasan | arja sotya-sinotya ing manik-manik | wruha paening tingkah ||

52. sarwa alus ing budinirèki | warnendah lir kintaka sumêkar | kasturi jati namane | pratôndha datan korup | ing kawikan ingkang alungit | ingungaban kabisan | kawruh tan kaliru |

— 40 —

lan malih ingkang buwana | pan winarna wiraga wilêt tulyasri | lancingan kampuhira ||

53. môngka pangemut-emuting nguni | warna tiga sajroning gwagarba | Dewaruci pêpèngête | kang irêng kuning iku | pamurunging laku kang yêkti | kang putih iku têngah | sidaning pangangkuh | kalimane kang ginambar | wus kaasta sanalika datan lali | mituhu anggêpira ||

54. sajatine duk laire nguni | Wrêkodhara saking bungkusira | wus acawêt sinjang polèng | karsane Sang Hyang Guru | warna irêng lan warna putih | jangkêpe catur mangkya | polèng bang bintulu | yèku kang minôngka sabab | pambengkasing sumêngah jubriya kibir | kèsthi sadangunira ||

55. wus mangkana Wrêkodhara mulih | enggale wus prapta ing Ngamarta | panggih lan kadang-kadange | langkung sukaning kalbu | Darmaputra lan para ari | ngluwari nadarira | abujana nayub | tambuh sukaning wardaya | dene ingkang rayi praptanya basuki | sirna prihatinira ||

Ing sisih punika citranipun swargi Mas Ngabèi Mangun Wijaya, ing Wanagiri (Surakarta), pangarang ingkang misuwur asmanipun. Panjênênganipun ingkang mrêdèni Sêrat Dewaruci punika.

— 41 —

[Grafik]

Ing ngandhap punika wardinipun Sêrat Dewaruci ingkang kasêbut ing nginggil.

Sêrat Dewaruci punika suluk ingkang sakalangkung prayogi, dene ingkang yasa Êmpu Widayaka, lajêng kajarwakakên dhatêng Kangjêng Sunan Benang, sarta sampun dipun mupakati dening para wali wolu. Inggih lêrês Sêrat Dewaruci punika ingkang kangge [kang…]

— 42 —

[…ge] jêjêr cariyos jaman purwa, kabudan, ananging isinipun (raosipun) punika sajatosipun pathining agami Islam sadaya. Mila ingkang sampun nangsuli pathining agami Islam, inggih punika ngèlmi kakekat makripat, sampun mêsthi lajêng rêmên sangêt dhatêng Sêrat Dewaruci wau, ananging manawi taksih santri sarengat kemawon, têmtu kipa-kipa, dupèh cariyosipun tiyang buda punika wau, botên sumêrêp bilih ingkang yasa para wali. Sampun têmtu sadaya wau mêndhêt saking dalil, kadis, ijêmak, kiyas, tuwin mêsthi botên pêcat saking purbaning anasir sajati, dat, sipat, asma, apêngal. Mila wêwarah tuwin pitêdahipun jangkêp sangêt. Liripun jangkêp: pitêdahipun sampun sinaroja, inggih punika rangkêp. Têgêsipun rangkêp: angsal lair batos, jawi lêbêt.

Dene katranganipun wardi tuwin dêdununganipun kados ing ngandhap punika.

Ingkang sapisan, mênggahing lair, asung pèngêt, ing ngagêsang kêdah marsudi ngèlmi kasampurnan, kêdah puruhita. Manawi sampun angsal guru ingkang sanyata, kêdah anggugu mituhu ing sapitêdahipun, sarta kêdah ngandêl ing salêbêting batos,

— 43 —

kêdah manut miturut ing pangrèhipun ingkang botên nalisir saking raos. Sanadyan kapurih andhungkar rêdi, ambêlês ing sagantên, inggih kêdah dipun lampahi, sampun ajrih, sampun was sumêlang, ingkang ngantos kados pratingkah tuwin tekadipun Wrêkodhara, duk puruhita dhatêng dhanyang Durna, kasêbut ing nginggil. Botên kandhêg pinênggak ing para kadang, botên keguh sagunging bêbaya, sanadyan dumugi ing pêjah, dipun lampahi, saking ngandêl kumandêl dhatêng wêlinging guru, sarta ngantêpi ing tekad utami. Gêgaranipun amung kumandêl sarta pasrah dhatêng ingkang Murwèng Gêsang. Tiyang sêdya ayu, kêdah manggih ingkang botên prayogi, inggih sampun bêgjanipun, manawi sampun atas saking ingkang Maha Kawasa, kawula môngsa sagêda ngingkêdi. Mila Radèn Wrêkodhara, karsanipun amung kêncêng kêngkêng, rosa santosa, sapitêdahing guru, amung dipun lampahi kanthi sêtya tuhuning manah. Makatên tekadipun tiyang puruhita ing kawruh kasidan.

Ingkang kaping kalih, wêwarah tumrap ing batos, inggih punika mulang pangolahing ngèlmi, kêdah tokid, têgêsipun kêdah santosa salêbêting sêmadi, wêwijanganipun kados ing ngandhap punika.

— 44 —

Tiyang ingkang sampun nangsuli ngèlmi kasampurnan, sasampunipun angsal pitêdahing guru ingkang sajati, botên cêkap lajêng kèndêl kemawon, amargi guru wau muhung paring wiji, sagêdipun lêma angrêmbaka, ambabar sêkar arum salajêngipun sagêd awoh amirasa, punika kêdah dipun upakara piyambak. Utawi guru punika, upami tiyang angringgit, amung kados lare ingkang dipun purih mucuki nalika sontên kemawon, ingkang andumugèkakên ngantos byar enjing tancêb kayon ki dhalang piyambak. Inggih punika kêdah mawi lampah. Nanging kauningana, lampah punika wontên kawan prakawis: ingkang sapisan lampahing raga, ingkang kaping kalih lampahing budi, ingkang kaping tiga lampahing manah, ingkang kaping sêkawan lampahing rahsa.

Lampahing raga, kêdah rêsikan, kêdah marsudi ing kasarasaning badan, kêdah susila anor raga, ruruh jatmika, pasêmon sumèh mêrak-ati. Manawi agami Islam, inggih punika kêdah nglampahi sarengat. Ingkang kaping kalih, lampahing budi. Kêdah sabar, bèrbudi, lêgawa, paramarta, sarta kêdah rêmên mêmikir, nglalimbang awon saening lêlampahan, ingkang awon dipun singkiri, [singkir…]

— 45 —

[…i,] ingkang sae dipun ajêngi, dipun angge. Punapadene kêdah rêmên ngraos-ngraosakên kodrat, bedanipun kaliyan iradat. Pikantukipun badhe sumêrêp wêwatêsaning pangawasa tuwin kawaskithaning Gusti, kaliyan iradat kawicaksananing kawula, wêkasan lajêng sagêd rumôngsa, nalôngsa, sagêd ngakêni bilih têmên manawi wontên ingkang murba amisesa. Manawi agami Islam, inggih punika kêdah nglampahi tarekat.

Ingkang kaping tiga, lampahing manah. Kêdah têmên, mantêp, ngidhêp, madhêp dhatêng Pangeran Ingkang Maha Kawasa, tuwin ngandêl, winantu ajêk pangastutinipun, manawi agami Islam kêdah sumêrêp ing ngèlmi kakekat.

Ingkang kaping sakawan, lampahing rahsa. Kêdah nyumêrêpi patitising panêmbah, inggih punika sumêrêp dunungipun ing panêmbah, tuwin ingkang sinêmbah, dados sumêrêp pamoring kawula Gusti. Manawi agami Islam, inggih punika kêdah sumêrêp ing ngèlmi makripat. Dene lampah kawan prakawis wau sampun kacakup sadaya dening Radèn Wrêkodhara.

Nanging amung kapêndhêt pathinipun kemawon, inggih punika hênêng, hêning, awas, eling, katindakakên ing salamining gêsang.

— 46 —

Dene satêmênipun Arya Wrêkodhara punika puruhita dhatêng dhanyang Durna, punika pralambang wujuding budi, utawi sêdya ingkang kanthi tekad santosa, lêlampahanipun kasêbut ing nginggil sadaya, pralambang mangsah samadi.

Gênahipun makatên:

Tiyang olah ngèlmi kasidan, kêdah karêm mangsah samadi, kaliyan santosaning sêdya.

Têgêsipun Pandhita Durna, inggih punika wujuding sêdya utawi budi. Arya Wrêkodhara, têgêsipun: tekad ingkang santosa (tokid). Dados tiyang sêdya samadi punika kêdah mawi tekad ingkang santosa. Awit sêdya punika inggih dados guruning karsa. Sanadyan wontên sêdyanipun, mênawi botên kanthi tekad santosa, sêdyanipun inggih botên dumugi. Sadaya tiyang samadi punika badhe nyumêrêpi kanyataaning gêsangipun, mênawi botên kaliyan santosaning tekad, sampun tamtu botên kadadosan saking gawatipun.

Radèn Wrêkodhara, anggènipun ngudi toya prawita suci, Pandhita Durna nêdahakên dumunungipun wontên ing wana Tikbrasara, kaprênah sangandhaping ardi Côndramuka, inggih ing Gôndamadana, [Gô…]

— 47 —

[…ndamadana,] kinèn andhungkari. Tikbra, têgêsipun: susah, utawi prihatos.

Wana, pêpêtênging manah.

Sara, landhêp.

Dene pikajêngipun makatên: Tiyang samadi punika, kêdah ngicalakên pêpêtênging manah inggih punika sakathahing rêncana supados kabirata sampun ngantos kacakrabawa.

Manawi sampun makatên lajêng kapurih andhungkar wukir Côndramuka, utawi Gôndamadana. Inggih punika wiwit matrapakên panêngku, kêdah wontên ing Côndramuka:

Côndra, têgêsipun wêwukiran.

Muka, rêrai.

Côndramuka, wêwukiraning rêrai, inggih wiwaraning pôncadriya, inggih punika: grana, karna, netra, lesan, dados pambukaning: napas, nupus, anpas, tanapas.

Gôndamadana têgêsipun: têlênging pangambu. Pikajêngipun: kawan prakawis wau: karucata saking sasananipun, lajêng kagolongna dados satunggal, gumulung dhatêng têlênging [têlêng…]

— 48 —

[…ing] gônda. Inggih punika bêbasanipun mandêng pucuking ardi Tursena. Inggih mêlêng lampahing napas, sinaring sampun wor suh.

Ing ngriku dhatênging rêncana, inggih cipta ingkang ngômbra-ômbra, wahananing hawa napsu, inggih punika Radèn Bratasena kinrubut ing ditya kalih, Rukmuka tuwin Rukmakala. Ananging Radèn Bratasena santosa botên keguh kinêrêg ing danawa, mila botên dangu ditya kalih sirna, lajêng jlêg rawuhipun Sang Hyang Endra Bayu, awêwarah Wrêkodhara kinèn wangsul takèn dhanyang Durna.

Sang Hyang Endra, têgêsipun: rasa, inggih ratuning badan.

Sang Hyang Bayu, têgêsipun, napas, inggih têtangsuling gêsang. Pikajêngipun: Raosing manah sampun gumêlêng nunggil lampahing napas, têgêsipun: sawêg dumugi ênêng, lajêng luwar saking samadi. Dados dèrèng sagêd manggih toya prawita suci. Inggih punika dèrèng sagêd sapatêmon kaliyan ingkang damêl gêsang, (dèrèng suhul), mila kinèn wangsul malih. Pikajêngipun kinèn ngambali samadi malih, kaliyan tekad ingkang santosa yêktos. Mila Radèn Bratasena lajêng wangsul dhatêng nagari. Têgêsipun: luwar saking samadi, pitakèn [pitakè…]

— 49 —

[…n] dhatêng dhanyang Durna, katêdahakên têmênipun tirta sucining gêsang wontên têlênging jaladri. Têgêsipun Radèn Bratasena, sarêng luwar saking samadi, rumaos mênawi dèrèng dumugi. Awit sawêg dumugi ênêng punika wau, dèrèng rumaos suhul, (sapatêmon, nunggil).

Radèn Bratasena lajêng pamit dhatêng kadangipun sakawan, badhe anggêbyur ing sagantên, para kadang sami anggendholi botên suka. Têgêsipun Radèn Bratasena angambali samadi malih, badhe nekad pêjah salêbêting gêsang, angipatakên hawa napsu inggih punika nyirêp ubaling pôncadriya, aluamah, amarah, supiyah, mutmainah. Punika têgêsipun kadang sakawan. Radèn Wrêkodhara lajêng mangkat dipun iring ing bayubajra. Têgêsipun Radèn Wrêkodhara, lajêng mapan samadi malih. Angaringakên lampahing napas, inggih punika matitisakên daimipun, lampahing napas lajêng antêng gumêlêng pindha angin dumunung ing tulup, botên antawis dangu lajêng wiwit miyak warana, inggih punika Radèn Wrêkodhara dumugi têpining sagantên, sarta ningali wêwarnèn maneka warni, inggih punika sarining napsu kawan prakawis kasêbut ing nginggil, awujud cahya môncawarna. Radèn Wrêkodhara lajêng anggêbyur ing sagantên, [saga…]

— 50 —

[…ntên,] têgêsipun lampahing napas saya kêncêng, sampun anglangkungi warana, ing ngriku dhatênging rancana ingkang sakalangkung agêng, mênawi botên santosa tekading sêdya, amêsthi badhar malih botên sagêd suhul. Inggih punika dhatênging naga agêng krura manaut lajêng anggubêt sariranipun Radèn Wrêkodhara, kêmput wiwit suku dumugi ing jôngga, lajêng dipun tuwêg ing pôncanaka, sang naga kaprawasa kuwônda ajur dados sarahing samodra. Inggih punika kêncênging napas wau kawawa angukut saliring rahsa, amahanani raosing sarira sakojur kraos marinding gumriming pating grêmêt kumlênyêr, kumêjot, tarkadhang sirah kraos anjêbobog, talingan mirêng swara gumrêbêg, dhag-dhug paningal pêtêng sumrêpêt, kados badhe sumaput, amahanani raos giris-miris, ajrih mênawi kalajêng pêjah. Mila mênawi sêdyanipun botên santosa, tekadipun botên katokidakên, sampun mêsthi sabar[16] samadinipun, dados garegah wungu kaliyan ngungun pungun-pungun, sarira gumêtêr, manah dhêg-dhêgan. Ananging mênawi salêbêtipun makatên wau katekadakên sayêktos, kalajêng pêjah inggih purun, raos sadaya wau botên dangu sirna, inggih punika têgêsipun naga kaprawasa ing pôncanaka, inggih [ing…]

— 51 —

[…gih] sirnaning raos sadaya wau. Sasirnane nagaraja, Wrêkodhara dumugi têlênging samodra, kapanggih Sang Dewaruci, lajêng malêbêt ing guwa-garbanipun, ing ngriku Radèn Wrêkodhara lajêng aningali alam suwung awang-uwung, angalangut tanpa têpi, inggih punika sirnaning raos, amung kantun rumaos, nanging sampun botên ngraos gadhah raga, kantun gêsanging pangraos, lajêng rumaos aningali cahya warni-warni, ingkang sakalangkung anêngsêmakên, awujud urub wolung warni, utawi sanès-sanèsipun, sadaya wau sami dados rêncananing paningal, awit cahya sadaya wau inggih kakekating hawa napsu, manawi korup wontên ing ngriku saèstu dhumawah ing swarga panasaran.

Sasirnaning para cahya wau, Wrêkodhara lajêng ngadhêp Dewaruci malih, lajêng dipun wêjang patitising sangkan-paran.

Têgêsipun Arya Sêna malêbêt ing guwa-garbanipun Sang Dewaruci, inggih punika: salêbêting samadi, rasa pangrasa sampun sagêd manuksa ing atma jati, warôngka manjing curiga, raosipun amung nikmat lan mufangat, inggih punika luyuting samadi, têmbungipun Ngarab suhul, têgêsipun sapatêmon, utawi awor. Mila Sang Wrêkodhara sampun [sampu…]

— 52 —

[…n] botên karsa wangsul dhatêng marcapada. Ananging Dewaruci botên marêngakên, menawi botên lawan antaka. Wrêkodhara lajêng byar aningali jagad gumêlar, sampun wontên têpining samodra, lajêng kondur dhatêng Ngamarta panggih kadang sakawan, sadaya sami suka-rêna. Têgêsipun sang samadi sampun luwar saking luyut, lajêng pulih angrasuk napsu sakawan, aluamah, amarah, supiyah, mutmainah. Ananging sang samadi sampun sênêng manahipun, dening sampun botên kasamaran dhatêng sangkan paraning dumados.

Candranipun Arya Bratasena, dalah wardining busananipun, kados ing ngandhap punika.

1. Bratasena. Têgêsipun brata, lampah. Sena, putus. Dados Radèn Bratasena punika kenging dipun wardèni satriya putus ing lampah. Dene lampahipun: wiwit lair wontên salêbêting bêbungkus, luwar-luwar sarêng sampun diwasa.

2. Wrêkodhara. Têgêsipun wrêko, sagawon [saga…]

— 53 —

[…won] ajak. Dhara, wêtêng. Wrêdinipun, padharanipun Arya Wrêkodhara ambangkèk kados wêtênging sagawon ajag.

3. Bima. Têgêsipun: agêng berawa, ngajrihi.

Wêwukiranipun Arya Bratasena. Pasariran agêng inggil, sambada sarwa santosa. Kêkulitanipun jêne ngujwala, balengah-balengah. Netranipun ambêlalak, bêning sumorot, andik, nanging rêspati. Imbanipun agêng, cêmêng, ngêngrêng, nanging botên anjênggurêng. Godhèg gumbala, uwok simbar jaja, kados dipun tata, mila botên anggêgilani, malah mêrak-ati. Wiraganipun anggêgêm asta. Jêjêmpolanipun mawi kanaka panjang, lungit, dipun wastani pôncanaka, dados pamonahing satru sakti.

Polatanipun Arya Bratasena: tajêm. Botên sumèh botên rêgu.

Arya Bratasena ngagêm gêlung mangkara, sinapit urang, andhap ngajêng inggil wingking. Têgêsipun mangkara, urang, murub. Mila winastan gêlung sinapit urang, wujudipun ambalêngkuk pindha [pi…]

— 54 —

[…ndha] sapiting urang, namung kaot ingang[17] sisih agêng, ingkang sasisih alit, ingkang alit wontên ngajêng, ingkang agêng wontên wingking. Punika dados prasêmon pambakanipun[18] Arya Wrêkodhara, utawi ambêking satriya, lair batos kêdah makatên. Dene ingkang tumrap ing lair = sarengat, ambêking satriya punika kêdah andhap-asor, anor raga, nanging ing batos luhur, botên karsa dipun camah, dipun rèmèhakên. Mênawi dipun idak andêngangah,[19] ingkang ngidak dipun lawan kalihan santosa, mêdal ing margi lêrês, dumugi pêjah dipun têmah. Makatên pikajêngipun gêlung sinapit urang.

Dene pradikanipun ing kabatosan = kakekatipun.

Gêlung sinapit urang punika pralambang wujuding kawula Gusti, sami rupa warnanipun, rupa, urip, warna, warana. Ingkang agêng minôngka wujuding Gusti. Ingkang alit minongka kawula, saplak botên siwah sarambut: sarta sami tumungkulipun. Pikajêngipun, mênawi kawula punika tansah tumungkul ing Gusti, sumujud, ngadhêp, mantêp, ngidhêp (manêmbah) Gusti inggih tumungkul, pikajêngipun angudanèni, anêksèni, anambadani, sarta anikêli. Mila agêng alit.

— 55 —

Bêbasanipun: manawi kawula punika majêngipun ing Gusti: satindak, Gusti amêthukakên majêng kalih tindak. Mila ingkang sumungkêm ing Gusti: sampun uwas sumêlang. Gusti botên kasamaran saobah-osiking kawula.

Arya Bratasena ngagêm sêsumping rineka jaroting asêm. Jarot, têgêsipun: otot, utawi lajêr, asêm, rasa. Pikajêngipun: Arya Bratasena sampun uninga utawi mundhi lajêring: rasa. Uwiting rasa inggih punika: dat wajibu wujud.

Arya Bratasena ngagêm cundhuk kancana mulya, rineka sêkaring pudhak, winastan pupuk mangkarawistha. Têgêsipun mangkara, urang, murub. Wistha, rêngla, wukir. Pikajênganipun rineka urub = cahya. Wrêdinipun: Radèn Bratasena, galihipun sampun padhang narawang, dening sampun botên kasamaran pamoring kawula Gusti.

Arya Bratasena ngagêm gêlang côndrakirana. Côndra, têgêsipun: rêmbulan, kirana, sôrôting rêmbulan. Gêlang, têgêsipun: têpang. Wrêdinipun: rêmbulan punika dat, sorot punika sipat, inggih punika Radèn Bratasena, sampun sagêd nêpangakên sipat akalihan [aka…]

— 56 —

[…lihan] dat. Dunungipun Arya Wrêkodhara, sampun uninga pamoring kawula Gusti.

Arya Bratasena ngagêm nyamping polèng bang bintulu, polèng cêmêng, abrit, jêne, pêthak, lajêng kaplintir kacawêtakên. Wrêdinipun: Arya Bratasena, sampun sagêd ngukut napsu sakawan prakawis: nêpsu aluamah, amarah, supiyah, mutmainah.

Arya Bratasena anggêgêm pôncanaka, wrêdinipun: Arya Sena sampun sagêd ngracut ubaling pôncadriya.

Têlas samantên kemawon, kados sampun cêkap wrêdinipun Sêrat Dewaruci. Menawi badhe nguningani moncèripun amirsanana Sêrat Walisana. Ananging mênawi dèrèng jêmbar kawruhipun, dèrèng sagêd tampi, saking rungsitipun.

Amila mênggahing ngèlmi kasidan, mênawi tansah kagêlar, kababar, saèstu ngèbêki jagad, badhe tanpa wêkas, aluwung tumuntên kagulung, kadadosakên samarica, lajêng kabubut, supadôs tanpa tilas, punika utami. Wêkasan layu kayapu. Tapaking kontul ngalayang.

Tamat.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: