KEJAWEN

Dek biyen durung ana dandanggula, mijil, sinom, kinanti lan liya-liyane, kang ana ya mung Kidung. Ukara iku sadrema petilan saka tembang Jawa. Nitik saka ukarane bisa den ngerteni menawa mula bukane kidungan iku dede macapat. Amarga dek durung ana dandanggula, kinanti, sinom, mijil lan liya-liyane, ing tanah Jawa wus ana kidung.
Miturut para waskita, kidung sejatine dede tembang, neng donga utawa panyuwunan kang den lagokke. Donga mau bisa den arani uga matra, amarga donga kang den kidungke duweni daya alam.
Sakwise ngliwati pirang-pirang jaman, kidung banjur dibudi daya dadi kidungan macapat kang saiki dingerteni ing bebrayan agung. Amarga kidung duk mula bukane saka mantra, mula teka seprene isih ngemot daya alam kang nyata.
Kidung macapat kang dianggit para leluhur kang linuweh bisa gawe manungsa kanyut. Kidung mau kaya duweni daya gaib kang ngayutake manungsa. Malah ora mung manungsa kang bisa kanyut karana kidung, bangsane jin lan makhluk gaib uga seneng ngrungokake kidungan.
Kidung bisa gawe maklhuk gaib utawa jin rumangsa seneng, kanyut, sedih utawa nesu. Kabeh mau manut saka isine kidungan kang dianggit para leluhur linuwih. Ana kidung kang isine nyebut-nyebut rajane jin, neng ya ana kidung kang isine ngusir para jin. Kidung kang isine ngusir iki, umpama dikidungke bisa gawe para jin nesu.
Pancen wong Jawa iku sugih ukara, mula tetembangan utawa kidungan macapat ing wayah awan lan bengi beda sebutane. Yen tetembangan ing wayah esok, awan utawa sore iku den arani uran-uran (uro-uro) neng yen wayah bengi bisa den arani kidungan.
Ora ana wong tetembangan ing wayah awan kok diomongke lagi kidungan, sing bener diarani wong kang lagi ura-ura. Mula yen ana lomba macapat kanggo bocah-bocah sekolah ukarane dede lomba kidungan, neng mung disebut lomba tembang macapat.

Macapat
Tembang Jawa kang kasebut Macapat iku lire tembang kang dikelompoke tembang kapat. Kelompok tembang kasiji lan kaloro iku den arani tembang gedhe, contone gending. Tembang katelu kasebut tembang tengahan, contone tembangan penambromo.
Yen tembang kapapat yang kang den sebut macapat. Tembang kang dikelompokke macapat ana 11 jenis tembang, yaiku : Dandanggula, asmaradana, kinanti, pangkur, sinom, durma, mijil, pucung, maskumambang, gambuh lan megatruh.
Saben tembang iku dibedake ana ing rong laras lan pirang-pirang pathet. Umpamane tembang Dandanggula iku ana 27 laras lan pathet, conto dandanggula laras slendro pathet 9, slendro miring, laras pelog pathet barang lan liya-liyane. Semana uga asmaradana, kinanti lan tembang liyane duweni pirang-pirang pathet.
Ing kaca sawise tulisan iki, para sutrisna budaya Jawa bisa menyimak notasi utawa paugeran tembangan macapat.

DOWNLOAD :
1. Dandanggula_Banjet_pl_br_Sudarti.mp3

2.Dandanggula_Padasih_sl9_Sudarti.mp3
3. Dandanggula_Banjet_pl_br_S_Daladi.mp3.
4. Dandanggula_Mas_Kentar_pl6_Sudarti.mp3.

5. Dandanggula_Turu_Lare_pl6_Sudarti.mp3

6. Dandanggula_Turu_Lare_pl6_S_Daladi.mp3
7. Dandanggula_Temanten_Anyar_sl9_Sudarti.mp3
8. Dandanggula_Mas_Kentar_s9_Sudarti.mp3
9. Dandanggula_Temanten_Anyar_sl9_S_Daladi.mP3
10. Dandanggula_Mas_Kentar_pl6_S_Daladi.mp3.

Leave a comment