Bagawatgita

DOWNLOAD EBOOK BAGAWATGHITA

Bêbuka

Sêrat Bagawatgita, punika papêthikan sêrat “Mahabarata” bageyan nênêm, nyariyosakên para senapatining ngalaga tanah Hindhusêtan, inggih punika lêlampahanipun para putraning Pandhu gangsal, ingkang sinêbut Pandhawa, anggènipun prang mêngsah kadang kaprênah nakdhèrèk, têdhakipun Kuru, ingkang sinêbut Kurawa. Pandhawa wau gangsal pisan sami anggarwa Dèwi Drupadi, panêngahipun akêkasih Arjuna, ibunipun Dèwi Kunthi, pêparap Sang Dyah Prita. Sadèrèngipun paguting prang, Arjuna wiraosan kalihan Narendra Krêsna, ingkang sawêk[1] angusiri ratanipun, Sri Krêsna punika satunggaling Awatara. Tumimbulipun utawi panjanmanipun Bathara Wisnu.

Mênggah ratuning Kurawa ingkang sêpuh punika wuta, ajêjuluk Dritarasta, pêpatihipun nami Sanjaya, punika ingkang anggancarakên kawontênaning paprangan ing panjênênganipun.

— 2 —

Bagawatgita

(Kidung suksma)

Om.

Wiraos ingkang sapisan.

Pangandikanipun Sang Prabu Dritarasta: Hèh Sanjaya, sabanjure kapriye kaanane para putraningsun, lan sutane Pandhu kang nêdya bôndayuda, satêkane ana ing Têgalkuru, iya ing Têgal kang sukci.

Aturipun Sanjaya, rikala Prabu Duryudana anguningani bilih wadyabalanipun para putraning Pandhu ingkang sakalangkung agêng punika sampun angrakit gêlaring ayuda, enggal marêki gurunipun (Druna) sarwi umatur.

Katingalana guru: Wadyaning Pandhutanaya ingkang sakalangkung agêng, sampun karakit gêlaring aprang dening atmajaning Drupada. Murit paduka ingkang bèr budi.

Lah punika para senapati agêng ingkang ngirit, wadya sikêp jêmparing kados ta: Bima tuwin Arjuna ingkang sami sudira ing ayuda, Yuyudana, Waratha tuwin Drupada, sami awahana rata.

Dristakètu, Cêkitana, sarta narendra ing praja Kasi (Bênarès) ingkang surayèng ing alaga, Purujit, Kunthiboja tuwin narendra nagri Sibi, sami bêbanthènging manungsa.

Kang prakosa Risang Yudamanyu, atmajaning Sumbadra tuwin ingkang ambêg sura pun Utamuya, sutanipun Drupadi, sami awahana rata.

Dhuh Sang Dwija (ingkang sampun kalairakên kaping kalih)[2] sintên antawisipun sadaya têtindhih wadyabala kula, ingkang prayogi padu[3] tuduh, murih kula lajêng anjunjung ing panjênênganipun.

Paduka pyambak punapa Sang Bisma (senapati Kurawa kaprênah eyangipun Duryudana utawi Pandhawa (punapadene Karna) putranipun Dèwi Kunthi ingkang pambajêng, tuwin Krapa. Sami pilih tandhingipun ing ayuda, Aswatama sarta Wikarna, punapadene atmajaning Samadati).

Saha para senapati sanès-sanèsipun malih, awit sangking trêsnanipun dhatêng kula, sampun anglilahakên gêsangipun, kalihan asikêp dêdamêl warni-warni, sêdya anandukakên sagunging gêlar wontên samadyaning paprangan.

Sanadyan wadyabala kula dipun pramugarèni dening Bisma. Punapa dèrèng nyêkapi, ananging punapa sampun nyêkapi, Bima dados kondhanging wadyabalanipun mêngsah.

Salêbêtipun paduka amawang-mawang kanthi angayomi sakathahing gêgêlênganipun para prajurit, muhung Bisma ingkang paduka prêlokakên rumiyin.

— 3 —

Sangking anggènipun nêdya anyênêngakên panggalihipun Prabu Duryudana, pinisêpuhipun Kurawa (Sang Bisma) lakar kaprênah eyang sarta ingkang kapundhi-pundhi, nulya anyêbul salomprètipun, ngumandhang ing antariksa, kapiyarsa kadi panggêroning singha.

Sakala wau ing sawarnining suling, napiri, tambur, bêdhuk, miwah salomprèt sami kaungêlakên sadaya, suwaranipun gumaludhuk anggêgêtêri.

Sami sanalika têdhaking Madu (jêjulukipun Krêsna) kanthi panêngahing Pandhawa, awahana rata ingkang pêngirid kuda pêthak, ugi lajêng angungêlakên salomprètipun sangking pêparinging jawata.

Risang mangrèh karsa, Trisikesa (jêjulukipun Krêsna) angungêlakên salomprètipun ingaran singating rasêksi, dene risang tunggul lawan kasugihan[4] (Dananjaya, sêsêbutanipun Arya Arjuna) salomprèt ganjaraning dewa, punapa malih sang ambêk baruwang,[5] sêsêbutanipun Wrêkudara, angungêlakên salomprètipun ingkang sakalangkung agêng nama: Paondra, têmahan damêl mirising kathah.

Prabu Yudhisthira angungêlakên salomprètipun kang nami: Sarwamênang. Salomprètipun Nangkula Swaraarum, dene Sadewa kawastanan Mutyara kang Sêkar.

Naranata ing nagri Kasi, têtindhihing wadya sikêp jêmparing, tuwin Sikandhi awahana rata, Drêsthajumêna (atmajaning Drupada) Wiratha, saha Sêtyaki, sami botên kenging kinawona.

Drupada, tuwin Drupaditanaya, Sumbadraputra ingkang pilih tandhingipun, dhuh ratuning bawana (aturipun Sanjaya dhatêng Prabu Dritarasta) sami ngungêlakên salomprètipun piyambak-piyambak.

Swaranipun ingkang gumaludhug anggêgêtêri ngantos angèbêki bawana, têmahan angrêrujit panggalihipun Kurawa.

Risang Pandhuputra, ingkang daludagipun ciri wanara, sarêng uninga bilih para putranipun Prabu Dritarasta (Kurawa) sampun angrakit gêlar, enggal angasta gandhewa, ing nalika punika wiwit ebah sami asewaga dêdamêl.

Aturipun Sanjaya, Gusti, ing ngriku Arjuna lajêng matur dhatêng Narendra Krêsna makatên: Tanpa ringa-ringa, dhuh Risang Asuta (ugi sêsêbutanipun Krêsna), mugi rata kula kaajêngna, ngantos wontên samadyaning wadyabalanipun mêngsah tuwin rowang, murih kula sagêd nyumêrêpi sintên ingkang umagut prang, utawi sintên ingkang kêdah kula papagakên.

— 4 —

Kula kapengin pirsa, ingkang sami sêdya mangun yuda, inggih ingkang sampun samêkta ing ngriku sadaya, angajap enggala campuh amung anjurungi awoning sêdyanipun Dritarastaputra (jêjulukipun Duryudana).

Aturipun Sanjaya: Sarêng Risang Mangrèhkarsa (jêjulukipun Sri Krêsna) miyarsa pangatagipun Sang Mardiwèni (Gudhakesa, sêsêbutanipun Arjuna) ugi dipun jarwèni: gustining tilêm, panjênênganipun inggal angajêngakên ratanipun, sarta dipun kèndêlakên satêngah-têngahing wadyabalaning rowang tuwin mêngsah.

Wontên ing ngayunanipun Bisma sarta Durna, tuwin sagunging para nata, ing ngriku Sri Krêsna ngandika: Hèh atmajaning Prita, dulunên kaananing Kurawa kang padha anêkani.

Sakala Arjuna pirsa para kadang, ingkang kaprênah: rama, eyang, guru, paman saking ibu, sadhèrèk, putra, wayah tuwin kônca, marasêpuh, saha mitranipun piyambak, ingkang sami mungging antawising wadyabala ing kalih-kalihipun wau.

Atmajaning Kunthi (Arjuna) sakalangkung trênyuh ing panggalih sarwi sangêt ing prihatos, mila lajêng matur: Dhuh Sri Krêsna, sarêng kula priksa para kadang warga kula sami umajêng prang, githok kula murinding, gorokan kula salit, badan kula gumêtêr, tuwin wulu kula anjêgrik, tangan kula botên kuwawa anyêpêng gandhewa, kulit kula apriyang-priyang, suku kula dhèngkèlên, saha manah kula kuwur.

Dhuh Kesawa (jêjulukipun Krêsna) punika sangking pangraos kula kadi sasmita awon, badhe botên prayogi kadadosanipun, manawi kula amêngsah kadang kula piyambak.

Pukulun, kula botên kapengin mênang, utawi botên kapengin karaton, ugi botên melik kamulyan. Dhuh Pangoning Lêmbu (Gowinda, ugi jêjulukipun Krêsna) pedah punapa gêsang angsal karaton miwah kamulyan.

Mênggah anggèn kula karaya-raya kapengin karaton, kamulyan tuwin kawibawan, prêlunipun amung kangge ngayomi para kadang warga, môngka samangke piyambakipun sami umangsah prang, kalayan anglilahakên gêsangipun, saha raja darbèkipun.

Piyambakipun, guru, bapa, anak, punapa dene eyang, paman sangking ibu, marasêpuh, ipe, putu saha kadang sanès-sanèsipun.

Dhuh Pangrurahing Madu[6] (jêjulukipun Krêsna) kula botên kadugi anyirnakna punika, dadosa kula pêjah-pinêjahan, sanadyan kula antuka ganjaran angêrèh tribuwana.

Dhuh Pangruwataning Manungsa (Danardana ugi jêjulukipun Krêsna) kados pundi anggèn kula ngraos bêgja, manawi asarana nyirnanakên[7] para putranipun Dritarasta, saksirnaning mêngsah kula wau, sampun tamtu piawon ingkang andhatêngi dhatêng jasat kula, mila botên prayogi bilih kula anyirnakna Kurawa, inggih punika kadang kula piyambak, lah, Sri Krêsna, sabab kadospundi anggèn kula sagêd ngraosakên bêgja, bilih kula angèngêti amêjahi para kadang warga kula piyambak.

Manawi piyambakipun botên rumaos dosa anyirnakakên trahing lêluhuripun, [lêlu…]

— 5 —

[…huripun,] sarta botên rumaos awon mêngsah mitra tuwin kadang piyambak, punika kabêkta saking manahipun kandhih dening kamelikan.

Dhuh Krêsna, punapa kula botên anyingkiri piawon ingkang makatên punika. Jalaran kula anganggêp anyirnakakên dhatêng trah punika nandhang dosa.

Awit saking risaking têrah (bôngsa) anggêr-anggêring trah ingkang langgêng ugi sirna, môngka bilih anggêr (darma) wau sirna, sadaya bôngsa badhe karèh tanpa anggêr-anggêr (adarma).

Manawi trah botên karèh ing anggêr-anggêr, èstrinipun trah badhe risak (camah) bilih èstrinipun risak, dhuh Têdhaking Wrêsni (jêjulukipun Krêsna) saèstu badhe nuwuhakên bôngsa camboran.

Campuring bôngsa wau têmahan murugakên naraka tumanduk ingkang risak miwah ingkang rinisak trahing bangsanipun, sabab para lêluhuripun sami kacêmplung ing naraka, karantên botên angsal sêsajèn (kurban) dhêdhaharan miwah toya.[8]

Sarana dosa ingkang kados makatên, sintên ingkang anyurêsakên trahipun, inggih ingkang anjalari campuring bôngsa, kenging winastan botên anindakakên anggêr-anggêring trah utawi bôngsa.

Dhuh pangruwataning manungsa, saking pamirêng kula sintên ingkang botên anindakakên anggêr-anggêring trah, punika badhe manggèn ing naraka salami-laminipun.

Ah piawon punapa ingkang badhe kula panggih, saking kapengin dhatêng kamulyaning ratu ngantos ngangkah amêjahi dhatêng kadang.

Bilih para putranipun Prabu Dritarasta sami angrêgêm dêdamêl, badhe mêjahi kula wonten ing paprangan, môngka kula botên niyat lumawan, punapa punika anjalari kula angsal kamulyan.

Aturipun Sanjaya, satêlasing aturipun Arjuna, sarwi ambuwal[9]

gandhewanipun, saha jêmparingipun, tuwin lajêng ngalosot wontên jarambah ing rata kalihan trênyuh ing panggihlihipun[10] sangêt karêrantan.

Bagawatgita ingkang suci punika, wonipun[11] ing piwulang wados (opanishad), winastan kawicaksananing Brahma. Sêrat piwulang panunggal, inggih wiraosipun Sri Krêsna kalihan Arjuna.

Ingkang kawasita ing nginggil wau, winastanan wiraosan ingkang kapisan, utawi rangu-rangunipun Arjuna.

— 6 —

Wiraosan ingkang kaping kalih.

Aturipun Sanjaya: Sang Pangrurahing Madu[12] (jêjulukipun Krêsna) andhawuhi dhatêng Arjuna, ingkang sawêg rangu-rangu saha karêrantan, kalihan netranipun akêmbêng-kêmbêng nênggak waspa, awit saking rudahing panggalihipun.

Pangandikanipun Krêsna: Saka ing ngêndi pinangkane kêkêsing ati ingkang tumanduk maring sira Arjuna, iku dudu wêwatêkaning para Arya, ora marakake ing swarga, malah anuntun marang kanisthan.

Hèh atmajaning Prita, aja ngalumpruk, iku ing atase sira, ora patut, beratên anglêsing atinira, lah Pangrurahing Satru (Sarantapa) sêsêbutanipun Arjuna: nuli masaha[13]prang.

Aturipun Arjuna: Dhuh pukulun, kadospundi sagêd lumawan Sang Bisma miwah Druna, môngka sakalihan wau pantês ingaji-aji.

Awit ing dunya punika langkung eca nêdha sêkul sapulukan saking anggènipun pêpariman, katimbang kamulyan agêng sarana amêjahi para guru kang dibya: sêngsêmipun dhatêng kasugihan tuwin kamuktèn ingkang makatên wau badhe cêmêr dening rah.

Tuwin malih kula dèrèng uninga, pundi ingkang prayogi tumrap ing kula, punapa kula ingkang mênang punapa kula ingkang kawon, sarèhning mêmêngsahan sami kadang piyambak, upami kula sagêd nyirnakakên piyambakipun, saèstunipun kula ugi bosên gêsang.

Manah kula rumaos kaduwung amargi saking kamiwêlasên, ngantos sêmang-sêmang dhatêng kuwajiban kula, pramila kawula nyuwun pitêdahing paduka: Pundi ingkang prayogi kula lampahi, kadhawuhana kemawon, awit kula punika siswa paduka, mugi paringa piwulang ing jasat kula, ingkang kawêlas asih.

Awit kula botên pariksa, punapa sarananipun ingkang sagêd amberat prihatos ingkang angrêrujit manah kula, sinaosa kula badhe tampi ganjaran angrèh ing dunya tanpa tandhing, malah angratonana para jawata (sura) pisan.

Kula boten kadugi umagut ing prang, satêlasing aturipun dhatêng Sri Krêsna ingkang makatên wau, Arjuna nulya anjêtung.

Aturipun Sanjaya dhatêng Prabu Dritarasta: Risang Pangrèh Pikiran (jêjulukipun Sri Krêsna) wontên antawising wadyabalaning mêngsah tuwin rowang, anyorahakên wêwarah dhatêng Arjuna, sarwi mèsêm.

— 7 —

Pangandikanipun Krêsna:[14] Sira angucapake kawicaksanan, kapriye têka amrihatinake kang bênêre ora parlu disêdhihake, yèn para wisaksana[15] mêsthi ora mrihatinake kang mati lan kang ora mati.

Ingsun lan sira, apadene para ratu iki sakabèhe, ora ana kang durung tau mati, lan ora ana kang ing têmbe ora linairake manèh.

Apadene jiwaa kang bisa badan solan-salin, arupa jabang bayi, wong anom lan kaki-kaki, uga mangkono. Ing têmbe manuksmane ing badan liyane, ananging kaanane kang langgêng iku ora bisa sirna ana ing paprangan.

Hèh, atmajaning Kunthi: Mungguh kang magêpokan alaming kalairan, kang tansah anêkakake utawa anglungakake pangrasa adhêm lan panas, bungah lan susah iku sandhangên Arjuna.

Hèh, Bêbanthènge Manungsa (sasêbutanipun Arjuna). Awit manungsa kang wus sinêbut santosa, ora keguh dening iku, iya kang wus nganggêp bêgja lan cilaka padha bae, iku prayoga kanggo orane, bisa sirna.

Ana iku tinêmu saka ora ana, mangkono uga ora ana tinêmu saka ana, tumindake sakaro-karone mau wêkasan amung kasurupan dening sujanma kang amêruhi kaan[16] batin (tatwam).

Ananging sêsurupa, mungguh ing dat kang (atma) anglimputi iki kabèh ora bisa sirna, ora ana manungsa kang bisa ngrusak ana ing dat kangkang[17] langgêng mau.

Dat kang manuksma ing badan iku ingaran langgêng, tan kêna owah gingsir, ora ana watêsane, mulane têdhaking Barata (sasêbutanipun Arjuna) umajua prang.

Kang sapa bisa kojah dat bisa mati, lan sing sapa ngira yèn kêna pinatenan, kang mangkono mau durung ana kang ngalami, sajatine ora tau mati, uga ora kêna pinatenan.

Dat ora linairke, uga ora tau mati, sanyatane ora tau dumadi, lan ing têmbe, iya ora bakal dumadi, langgêng salawas-lawase ana bae wiwit kuna-makuna, sanadyan dadak iki mati, dheweke ora kêna ing pati.

Sapa kang wêruh, yèn dat iku ora kêna karusak, ana salawas-lawase, ora tau kalairake, ora owah gingsir. Hèh têdhaking Barata, kapriye manungsa bisane mateni wong, lan kapriye ênggone amatèni.

Kaya dene jamaking manungsa, sawuse buwang sandhangane kang lawas,

— 8 —

banjur salin panganggo kang anyar, mangkono lakune kang manuksma ing badan, sawise buwang panganggone kang rusak, banjur salin panganggo anyar.

Awit dat ora pasah dening gêgaman, ora kobong dening gêni, ora têlês dening banyu, lan ora garing dening angin.

Dat ora bisa kêtaton, ora kobong ora têlês, apadene ora garing, langgêng salawas-lawase ora tau owah gingsir, têtêp anglimputi sakabèhe.

Iya kang ora tau gumêlar, ora kêna kinira-kira, ingaran ajêg bae, rèhning kang mangkono mau, sira wus sumurup, mulane ora parlu disusahake.

Manawa sira duwèni panganggêp, lair bae utawa mati bae, salawase, mêsthine sira ora mrihatinake iku mau.

Amarga saka lair, mulane mêsthi mati, lan kang mêsthi lair iku saka ing pati, rèhning wis ora kêna disingkiri, mulane sira aja sidhih.[18]

Ananing wujud iki kabèh sakawit ora gumêlar, kang têngah aran iku gumêlar. Hèh têdhaking Barata, kapriye dene sira angêsah.

Panganggêpe manungsa dat iku anggumunake, sawênèh ana kang kôndha, yèn dat iku anggumunake, liyane manèh angrungu, yèn dat iku anggumunake, sanadyan dheweke wus antuk pangrungu ing bab kaananing dat, ewasamono ora ana kang wêruh ing dat.

Kang winaragad sajrôning badak[19] sawiji-wiji, iku ora pasah dening gêgaman, pedah apa Arjuna, sira anusahake sawiji mau.

Yèn sira angèngêti kawajibanira dhewe, mêsthi yèn banjur ora sêmang-sêmang, awit ora ana kang luwih prayoga ing atase prajut[20] kaya pêrang kang wus sah.

Hèh têdhaking Barata (panguwuhipun dhatêng Arjuna) bêgja prajurit kang nglakoni pêrang, marga yèn dheweke tiwas bakal kawênganan lawanging suwarga.

Manawa sira ora gêlêm nindakake prakara kang adil, awit saka gonira anampik wajib, sarta misuwuring jênêngira, sira anêmpuh piala.

Sarta akèh kang padha nyatur kawiranganira salawase, ing atase satriya wirang iku angungkuli pati.

Jalaran saka sira lumuh prang, para ratu kang padha wahana rata, iku pancène angaji-aji ing sira, têmahan dadi malah anyênyamah.

Lan akèh têtêmbungan kang ora prayoga diunèkake, kang bakal diucapake dening mungsuh kanthi ananacada[21] marah[22] jirihira,

— 9 —

apa ana kang ngungkuli kalingsêmane.

Môngka yèn sira nêmahi mati sira nêmu suwarga, dene yèn mênang antuk kamuktèn ana ing bumi, mulane Arjuna, tumandanga umangsah prang.

Sawuse sira anganggêp, bêkja lan cilaka, nêmu lan kelangan, unggul lan asor iku padha bae. Umajua prang sira ora antuk piala.

Piwulang kang sun warahake marang sira iki miturut sangkya (pathokane ngèlmu kawicaksanan) ananging samêngko sira angrungokna piwulang manut, yoga (panunggal) Hèh atmajaning Prita yèn sira anut piwulang mau, sira bisa amudhari bêbandaning panggawe.

Mulane ora ana pitunane, sanajan kang wiwit anyoba iya ora ana pakewuhe, malah kang gêlêm ngudi, dadia mung sawatara bae, bakal linuputake saka baya gêdhe.

I. Mulane pangèsthi siji iku wujude mung kakêncênganing ati, ananging wong kang tanpa kakêncêngan: Hèh têdhake Barata, iku pikire anèh[23] pange, lan tanpa wêkasan.

Hèh Arjuna, pakèrêm marang surasane layang Weddha, katarik saka bêcike tatêmbungane, dadèkake ora andhamangake, iku ngarani wus ora ana liyane manèh.

Sapa sing sêngsêm anggayuh suwarga, kojèh yèn kalairan iku wohing panggawe, murih bisane anggadhuh kasênêngan lan kawasa.

I. Pusthinên pêpasthènira maring kakêncênganing ati, manungsa kang melik marang kamuktèn, lan kawibawan, lan sapa sing pikire korop dening iku, pratôndha ora sêmadi.

Kang winarahake ing layang Weddha, ana wawatêkan têlu (gun) pisaha saka wêwatêkaning guna mau, luwara saka sisihan kang kosokbali,[24] têtêp santosa ing dalêm satwam aja niyat oleh sarupaning raja darbe, amung andarbenana dat.

Ing atase para Brahmana ngarani mungguh gêdhening pigunaning sakihing[25] layang Wêddha iku kadidene mêgunge talaga kang kêjogan banyu saka ngêndi-êndi.

Sira mung tansah amèlua nindakake panggawe aja pisan melik wohe. Mungguh wohing panggawe iku dudu kang dadi jalaran, mulane aja kapengin, ora nindaki panggawe.

I. Hèh kang unggul lawan kasugihan, santosakna ing panunggal, cukup saka panggawe sawuse anglilakake kamelikan. Sarta nganggêp bêkja lan cilakaka[26] padha bae, ingaran ngadil, iya iku panunggal.

Panggawe iku sangisore panunggal, sarana budi, mêmêlas têmên,

— 10 —

manungsa kang mung angarêp-arêp marang wohing utawa nganggêp woh iku kang dadi jalaran.

Yèn sujalma wus nunggal sarana budine, nuli ambuwang ala lan bêcik, mulane sira ngangkah anunggal, panunggal iku prayoga kanggo nindakake panggawe.

Para wicaksana bisane anunggal sarana budine, ora maèlu woh kang mêtu saka panggawene, banjur luwar saka bêbandaning kalairan, iya iku tumuju marang panggonan karahayon kang suci.

Manawa budinira wus mênang kalawan bawuring ati kang ana sarake, sira bakal bisa ora praduli marang samubarang kang koprungu, wêkasan amiyarsa.

Yèn budanira[27] wola-wali adêdalan, sruti (sêrat piwulang) wus jêjêg asantosa, nora mobah jroning sêmadi, sira nuli têkan ing panunggal.

Aturipun Arjuna: Dhuh Guru, punapa titikanipun tiyang ingkang sampun jênjêm budinipun, têtêp sêmadinipun, kados pundi panêngêraning ucapipun, lênggahipun, sarta lampahipun kang santora[28] pikiranipun wau.

I. Pangandikanipun Krêsna: Hèh atmajaning Kunthi, yèn manungsa wus ambirat sakabèhe papengenane, lan wis marêm ing dalêm dat, akarana dat iku arane wus têtêp pikire.

Sing sapa pikire ora mirit dedening[29] bilai, lan wis sirna kapengine marang kabêkjan, sarta ilang pangôngsa-angsane wêdi lan kanêpsone, iku diarani muni (sukci): sujana kang santosa pikire.

Sing sapa anindaki sagunge panggawe, wus sêpên kamelikan, sanadyan bêcik utawa ala tinêmune, lan wus ora bungah lan ora susah, pratôndha wus têtêp budine.

I. Lan kang sapa bisa nyandhêt kêkarêmane, kaya dene bulus anggone mangkêrêtake sikile lan êndhase, maring thothoke, iku pikire wus santosa.

Apa kang dikarêpake bakal tumiba saka jiwane kang santosa mau, mung kari rasaning ilat, sanadyan rasaning ilat pisan iya bakal ilang, manawa kang Maha Luhur wus bisa katonton.

Hèh Arjuna, iya saka pamêksane karêpe, kanthi wicaksana lan sarosa, pikire kang adrêng mau bisane kawasesa, yèn sajrone nêlukake mau lêstari pangangkahe marang ingsun, sabab sapa kang bisa ngêrèh kêkarêpane iya iku kang têtêp budine.

Manungsa kang mung ngèngêti marang karêpe, iku anuwuhake dhêmêne, saka dhêmên nganakake melik, saka melik nganakake nêpsu, [nê…]

— 11 —

[…psu,] saka nêpsu banjur nasar, saka nasar êntèk elinge, ilange kaelingane nuli sirna budine, marga sirnaning pambudi wêkasan tumiba ing papa.

Akarana pamasesaning dat, anggone anggarap kang dikarêpake, sêpên hawa napsu lan gêthing, dadi tumindaking sêdya wus katêlukake, iku bakal tumêka ing katêntrêman.

Sajroning têntrêm sirna sakèhe prihatine, sing sapa wus têntrêm pikire, batine nuli ngisa[30] timbang (ngadil).

Budi iku ora dumunung kang ora nunggal, apadene sajati iku ora dumunung kang ora nunggal, sing sapa ora kadunungan kaanan jati sayêkti ora têntrêm. Kapriye ing atase manungsa bisa angrasa bêgja yèn ora têntrêm pikire.

Sabab sapa sing anuruti kêkarêpane kang ombra-ombra, saka tinuntun ing iku mau, masthi kawruhe larut, kayadene prau kang kumambang ing banyu katêmpuh ing prahara.

Mulane Arjuna, sing sapa amarga saka pangangkahe wus bisa mêkak kêkarêpane, iku dheweke wus santosa pikire.

Wêngine kang dumadi iku kabèh, ing kono tangine kang angayomi, dene tangine dumadi ing kono wêngine kang angudanèni (iya iku kang Mahasuci).

Sing sapa kêkarepane tansah lumêbur kaya ilining banyu anjog ing sagara, ora pisan-pisan ambaludagake (lire gawe banjiring sagara) iku kang wus tumêka ing katêntrêman, ananging dudu wong angumbar papenginan, ananthi ora duwe sêdhih, lan sêpên ing hawa murka (ahangkara) iya iku wus têkan katêntrêman.

Hèh Arjuna, iku kaananing Brama, sing sapa têkan ing kono wus ora bola-bali, lan sing sapa tumêkaning patine santosa pangikête marang atma mau, iku tumuju marang nirwananing Brahma.

Ingkang kawursita ing nginggil, punika panunggilan sarana sangkya (kawruh utawi pangawikan).

Wiraos ingkang kaping tiga.

Aturipun Arjuna: Bilih pangawikan paduka kagalih luhur, tinimbang pandamêl, punapa sababipun. Dene kula paduna[31] loropaken dhatêng pandamêl ingkang girisi.

Pangandika paduka ingkang ngodhêngakên manah, punika namung ambajurakên[32] panampi kula, mila andhawuhna pêpuntonipun, kadospundi sagêd kala anggayuh karahayon.

I. Pangandikanipun Krêsna: Kang dhingin ing donya iki sun arani ana dalan loro, minôngka pangruwating dosa, iya iku saka panunggal [panungga…]

— 12 —

[…l] asarana kawruh (sangkya) utawa nunggal asarana panggawe.

Manungsa ora bisa ngukup, yèn ora nglakoni panggawe kang tanpa gawe, sarta ora bisa sampurna saka lumuhing panggawe.

Sabab sanadyan manungsa watara, ora ana manungsa kang ora nindakaki[33] panggawe, marga lakune kabèh iki ora kalawan kinarêpake, wus kanawa[34] saka prakditi[35] (wiji ingkang gumêlar ing jagad).

I. Sapa-sapaa, sanadyan bisa masesa panggawe, nanging pikire mung amburu kêkarêpane kang kliru, iku sinêbut janma munapèk.

I. Nanging sing sapa nêlukake karêpe sarana pikire, Hèh atmajaning Kunthi iya iku sinêbut bisa anunggal sarana panggawe, mangga[36] ora karêm marang panggaweane.

Wus cukup sira anindaki panggawe bênêr, sabab arku[37] luwih prayoga tinimbang ora tumindak ing gawe, lan pangrêksane jasatira ora prayoga, yèn ora nglakoni panggawe.

Iya ngêmungna panggawe, sanajan panggawe mau kurban, kang andadèkake kabônda ing donya, Hèh atmajaning Prita, mulane panggawe kang tanpa karêm, bisa nyampurnakake.

Krêsna ngandika malih: Sawuse manungsa anyajèkake kurban, pangandikanipun Krêsna (Prayapati) sarana iku sira bisa anganakake kang dadi pangajapanira, iya iku sapi[38] pangarêp-arêp.[39]

Angaturakên dhaharaning dewa (kurban). Sarana mangkono para dewa bakal aparing pangan ing sira, sira sarana iku sira bakal anggayuh karahayon kang linuhung.

Awit dhêdhaharaning para dewa iku kurban, sira bakal pinaringan kasênêngan kang dadi pangarêp-arêpira, sing sapa ora sarana kang mangkono mau, wêwalêsing dewa kasênêngan marang dhèwèke iku têtêp ganjaraning durjana (panglulu).

Manungsa bêcik padha bukti sisaning kurban, têmahan luwar saka dosane, nanging wong ala pangan iku kasadhiyakake kanggo karêpe dhewe, iku diarani pangan piala.

Kawruhana, yèn panggawe iku tuwuh saka Brahma,[40] lan Brahma saka langgêng, iya Brahma kang rumasuk ing kaanan iki kabèh, amakarti ana sajroning kurban.

Dadi sing sapa ora anut jantraning laku, iku dosa ing uripe, sarta wong kang tansah angrêrantam kasênêngane iku uripe tanpa guna.

— 13 —

Ananging sujana kang wus sênêng ing dalêm dat, marêm lan têntrêm ing dalêm dad, dhèwèke wus mardika. Ora ana samubarang kang kudu digarap.

Tumrap dhèwèke wus ora medahake apa kang ginarap, uga ora ana samubarang kaanan kang ora ginarap, dhèwèke kêna diarani titah kang maedahi ing dumadi.

Mulane cukup yèn salawase ora kongsi karêm, sira anindakna panggawe kang kudu linakonan, sabab anindaki panggawe kang wus ora karêm, iku sarana manungsa anggayuh kaluhuran.

Sarana panggawene manungsa bisa andarbèni Janaka,[41] (kawicaksanan) utawa kasampurnan sapanunggalane. Mangkono uga sajroning sira midêr amiling-miling nêdya angayomi manungsa, iya isih kudu anglakoni panggawe.

Kapriye saranane gawe padunungan kang luhur, iya iku amadhakake dhèwèke marang sarupaning manungsa, dene kang dianggo ngukur miturut alame.

Hèh Pritaputra (Arjuna) ing tribawana iki ora ana apa-apa kang kudu daksambut lan ora ana gêgayuhan kang durung kagayuh, ewadene ingsun isih nindaki panggawe. Sabab yèn ingsun ora nindaki ing panggawe, sagunging manungsa mesthi padha anut ing salakuningsun.

Duh atmajaning Prita, alam iki bakal bisa sirna, yèn ingsun ora nindakna ing panggawe, yèn mangkono ingsun anggawe campuring bôngsa kang sabanjure kabèh manungsa anêmahi bilai.

Hèh têdhaking Barata, kaya wong cubluk yèn karêm marang panggawe kang nindakake ananging para wicaksana ênggone nindaki panggawe tanpa karêm, pangarêp-arêpe panggawene mau, amung dadia kamulyaning jagat.

Dudu wong wicaksana kang kuwur budine, para cubluk kang nindaki panggawe marga saka karême anggawe, ananging para wicaksana kabèh panggawene anjalari nunggal lan ingsun.

Saka lakuning prakriti, ananging kang gumêlar iki kabèh padha nindaki panggawe, tuwuhing angkara,[42] kang anjalari sasar banjur mikir anggane pribadi, iku ananingsun.

Hèh kang kawawa papa, sing sapa wêruh beda-bedaning panggawe, sumurupa watêk sinalinan ing dalêm watêk, iku luwar saka bêbandan.

Sing sapa kagawa wataking prakiti[43] kaliru tumindaking lakune, nganti dadi karêm. Lan sapa kang ora mêruhi kang marakake bingunge, iya iku kawruhe durung sampurna.

Sagunging panggawe pasrahna maring ingsun, ciptanira tumanêma ing dat, kanthi tanpa pangarêp-arêp lan pêpenginan, majua pêrang sawuse sirna gêtêring kamelikanira.

Manungsa kang anut piduduh ingsun iki, kanthi pracaya lan ora

— 14 —

sêmang-sêmang, tôndha wus luwar saka panggawe.

Ananging kang manggung sêmang-sêmang, lan ora anut pituduh ingsun mau, sarta ngluputake sakèhing kawruh, sumurupa iya iku wong kang tanpa budi.

Amung wong wicaksana kang bisa nyamêktani watêke, ujude iya miturut watêke, êndi panggawene kang ngêndhih karêpe.

Karêp amung dadi panggonane kamelikan, lan ora nêdya ngalahake kêkarêpan, aja nganti ana sujanma kang mangkono, awit karo pisan iku mungsuhe.

Luwih bêcik anêtêpi kuwajibane dhewe (darmma) sanadyan durung bisa sampurna, katimbang bisa anêtêpi kuwajibaning liyan, luwih prayoga mati saka gone nêtêpi wajibe dhewe, katimbang wajibing liyan. Kang kêbak pakewuh.

Aturipun Arjuna: Punapa ingkang andadosakên jalaranipun, tiyang anglampahi dosa ingkang makatên wau, dhuh têdhaking Wrêsni (sasêbutanipun Krêsna) amung sangking kêkajênganipun, têka tiyang kadidene rêmêni (nipun) aya.

Pangandikanipun Krêsna: Iya iku kamelikan, lan iya kanêpson, wêtune saka watêking: rajas, anjalari nandukake tindak kang tan yêkti. Kawruhana, yèn iku mungsuh kita.

Kayadene urup kalimputan ing kukus, lan kayadene kaca kang linimputan ing balêdug, mangkono rajas gone anglimputi.

Hèh Pandhutanaya: Kawicaksanan iku linimputan dening mungsuhe kuna-makuna. Iya iku kang wujud kamelikan, utawa saka pangobiring[44]

gêni tanpa marêm. Diarani karêp iku kêkandhanganing pikir miwah budi, sarana iku sajroning anasabi kawicaksanan, kanthi ambalasukake jiwa.

Hèh têdhaking Barata, mula sirnakna kang dadi satruning kawruh lan kawicaksanan, sawuse sira amambêng kêkarêpan kang tan prayoga.

Ing layang: Kata Opanishat. Muni, manawa karêp sadhuwuring badan, sadhuwuring karêp pikiripun, ananging sadhuwuring pikiran iku budi, dene sadhuwuring budi iya panjênênganipun.

Mangkono uga panjênêngane mau, luwih gêdhe saka budi, lan pribadine winasesa ing dat, hèh pangrurahing satru, patining mungsuh kang awujud kamelikan, iku ora gampang.

Piwulang ingkang kasêbut ing nginggil punika, winastan panunggal asarana pandamêl.

Wiraos ingkang kaping sakawan.

Pangandikanipun Krêsna: Piwulang panunggal iki nguni sun wêdharake marang Wiwasdan, [Wiwasda…]

— 15 —

[…n,] Wiwasdan marah marang Manu, apadene Manu kang anggêlarake piwulang mau marang Ikwasku.[45]

Hèh pangrurahing satru, tumimbal-timbaling piwulang iku, jalaraning para narendra uninga ing kawicaksanan, ananging piwulang panunggal mau wus kasilêp lawas.

Kang sun warahake marang sira samêngko iki, ora ana bedane karo piwulang panunggal ing jaman kuna, awit sira parêk lan ingsun, utawa manjing mitraningsun, sêjatine iku wêwadi kang luhur.

Aturipun Arjuna, kula kantos botên sagêd andugi ing pangandika paduka, awit paduka sajarwa bilih ing têmbe badhe miyos, môngka ing jaman kina sampun sugêng, kala panjênêngan Wiwasdan, anggèn paduka miwiti amêdharakên piwulang wau.

Pangandikanipun Krêsna, wirang tumimbalan kang wus sun lakoni ing nguni-uni, apadene sira Arjuna, ingsun bisa mêruhi kabèh, ananging sira ora bisa nyumurupi mangkono iku.

Sanadyan ingsun ora manjalma, iya jumênêng dat kang langgêng, utawa gustining dumadi kabèh, mangkono uga sanadyan wus mangrèh prakritiningsun pribadi, ewadene iya kalairake, kang marga saka mayaningsun dhewe.

Sabab sabên-sabên darma iku kêndho, utawa wudharing darma saya dadra, hèh têdhaking Barata, pribadiningwang nuli sun utus manjalma, pêrlu angayomi kabêcikan, lan angrurah pialane si angkara murka, sanadyan darma mau lêstari kaanane, ewadene ingsun ing têmbe iya bakal manjalma rambah-rambah.

Sing sapa wêruh kamulyaning manjalma lan panggaweningsun, dadi ing dalêm batine wis sumurup, sawuse ninggal ragane, Arjuna iya iku kang bisa têkan maring ingsun, ananging ora linairake manèh.

Kabèh padha nyirnakna angkara, wêdi lan kanêpsone, tansah angelingana ingsun, amitulungana ingsun, sarana bantêring pangudi (tapan) kirang langkung kadi para pandhita[46] sarta sêsuci, lantaran kawicaksanan, ing kono bakal têkan ing kaananingsun.

Dhuh atmajaning Prita, manawa manungsa saya anyêdhaki ingsun, pasthi yèn ingsun anampani dhèwèke, sakèhing dalan kang liniwatan manungsa, saka sarupaning keblat, iku saka ingsun.

Sing sapa kapengin sampurna, sajrone panggawene (sampur) akurbana marang dewata sarana iku, amarga ora watara suwe bakal têkan mangsane, donyaning manungsa iki ilang saka panggawe.

Bôngsa papat pisan,[47] iku saka ingsun pinangkane, marga saka

— 16 —

ambedakake laku lan panggawe, wêruh yèn kang andadèkake mau ingsun, sanadyana ora nglakoni panggawe (wêruh yèn kang) utawa ora mobah-mosik. Ingsun bakal ora nindaki panggawe, apadene ing atase ingsun, ora kapengin marang wohing panggawe, sing sapa ngawruhi mangkono mau, iya iku kang wus ora kabônda dening sarupaning manungsa.

Awit wus sumurup, mulane wong atuwa-tuwa padha sampurna, utawa kumaceluning mamardikaning panggawe, marmane sira uga bisa sampurna, sarana panggawe kaya lêkase para pinituwa ing jaman kuna.

Êndi kang ingaran panggawe, lan êndi kang ora diarani ora nindaki panggawe, malah para winasis padha bingung panampane bab iku, mulane ingsun nêdya nêrangake panggawe marang sira. Sarana mêruhi iku sira bakal ruwat saka piala.

Sabap panggawe kudu disumurupi, panggawe kang dudu uga kudu winêruhan, apadene ora nindaki panggawe iya kudu diwêruhi angèl bangêt sinau nyumurupi mungguh lakuning panggawe.

Sing sapa sumurup bab panggawe kang tanpa gawe, lan tan anggawe nanging nambutgawe, iku wong wicaksana, iya iku wus ngumpul dadi siji, sanadyan dhèwèke anindakna sadhengaha panggawe.

I. Sing sapa sakèhing lêkase panggawene wus sêpi ing kamelikan, sing sapa panggawene tinunu ing gêni kawicaksanan, iya iku ingaran sarjana amigunani ing aguna.

Sawuse karême marang wohing panggawene wus linilakake, tansah narima, sarta ora nêdya unjat,[48] iku dhèwèke ora manggawe, sanadyan nambutgawea.

Yèn wus ora ngarêp-arêp kabatinan, amambêng kêkarêpane dhewe, sarta sawuse anglilahake sadhengah kang parlu, sanadyan badane nindaki panggawe ala, iku wus kalis ing dosa, sarana kang mangkono mau bakal bisa têntrêm, wus ora duwe sisihan kang kosokbali, ora drêngki lan bisa madhakake bêkja utawa cilaka. Iya mung dhèwèke bae, sanadyan nindaki panggawe kang wus ora kabônda.

Sadhengaha bae, sing sapa karême wus sirna, iya iku kang mardika. Sing sapa atine wus ora kêndho pangikête marang kawicaksanan, iya iku kang ingaran anggawe kurban, ruwat saka sagunging panggawe.

Brahma kang anganakake kurban, iya Brahma kang dadi pangan kang dianggo kurban, gêni kang kinurbanake dening Brahma iya marang Brahma, paraning manungsa kang sêmadi marang Brahma, iya uga marang Brahma.

Para nglakoni panunggal padha kurban marang dewa sarana gênining Brahma, ananging liya-liyane padha kurban amung sak anggêr kurban bae.

— 17 —

Pira-pira kang padha kurban pangrungu, dene liyane sarana amambêng karêp, liyane manèh akurban suwara, lan liyane sarana gênining karsa kanggo nunu karêpe.

Ana manèh kang kurban pakartining pikir, utawa uripe ing dalêm kawicaksanan, lan binasmi ing gêni panunggal sarana masesa pribadine.

Apadene ana kang kurban kasugihan, kurban bantêring pangudi, kurban panunggal, lan kurban pangungsêd kawicaksanan, kanthi antêping budi.

Liyane manèh kurban nyêrot napas sajroning ngêtokake napas, utawa angêtokake napas sajroning nyêrot napas. Utawa ngampêt lêbu wêtuning napas, miwah nglakokake jroning mêgêng napas.

Kajaba iku manci pangane dhewe, akurban uripe, kabèh mau kawruh bab kurban, utawa angruwat dosa sarana kurban.

Wong ngombe banyu urip. Utawa mangan sisaning kurban, iku lumaku tumuju ing kalanggênganing Brahma, dunya iku ora kasadhiyakake marang manungsa kang ora anggawe kurban, hèh Arjuna, liyane manèh wus ora ana.

Akèh warnaning kurban kang prayoga sinajèkake marang Brahma, kawruhana manawa sagunging kurban iku ajalaran panggawe, sarana mêruhi iku mau sira bakal antuk kamardikan.

Kang luwih prayoga saka kurban, samubarang kang maujud iya iku kurban kawicaksanan, saliring panggawe iku bisa ruwat dening kawicaksanan.

Angudia kawruh mau kang kongsi katêmu, sarana sinau, sarana nênitèni, utawa anglakoni, kawicaksanan bakal awèh duduh ing sira, dadi jalarane wêruh kaanan batin.

Amarga mêruhi iku, sira ora bisa kasasar manèh, hèh Pandhutanaya, sarana mau sira bakal wêruh sagunging dumadi ing dalêm dad, utawa sakjêrone dat.

Manawa dosanira ngungkuli sarupaning wong kang nandhang dosa.

— 18 —

— 19 —

Ngèlmi pêrdhukunan.

Badan punika dumados sangking kêmpalaning sèlên, sabên peranganing badan karaos sakit, sampun tamtu sèlênipun botên nyambutdamêl salêrêsipun, kosokwangsulipun manawi sèlên wau nyambutdamêl samêsthinipun, ingkang karaos sakit lajêng saras, mênggah rekanipun angêrèh sèlên supados purun nyambutdamêl, wontên tigang prakawis, kados ing ngandhap punika:

I. Angintunakên prana, utawi daya ingkang angsung gêsang, dhatêng peranganing badan ingkang sakit, katêmahan sèlên sarta otot ingkang lêmbat, lajêng purun nyambutdamêl salêrêsipun, wasana sêsakit lajêng katundhung andadosakên sarasipun.

II. Marentah sarana cipta dhatêng ingkang nguwaosi lampahing sèlên, supados sami nyambutdamêl samêsthinipun sampun sami anglirwakkên kawajiban, awit manawi sêmbrana sèlên botên sagêd makarti ingkang prayogi wêkasan angwontênakên sêsakit.

Manawi anggarap tiyang sakit sarana ginarayang ing asta, kalanipun asta agrayang peranganing badan ingkang sakit, angèsthi mata ngêngintunakên prana utawi daya, kang asung gêsang dhathêng peranganing badan ingkang karaos sakit, sarana makatên. Sèlên sèlas lajêng nami tampi dhawuh supados sami nyambutdamêl, samêsthinipun prana utawi daya kang asung gêsang, lajêng makarti sarta asung tambahing kêkiyatan sarta anyarasakên ingkang sakit.

Asta kapusus punika lajêng bêntèr-bêntèring asta ingkang dayanipun angèngingi sêsakit punika mandi sarta andamêl sudaning sakit, têtela manawi bêntèring asta ingkang katèmpèlakên ing peranganing badan ingkang sakit utawi darijinipun kaêcungakên mriku, punika anumusakên kadi wontên kasêktèn ingkang mêdal sangking ngriku, para sagêd sampun sami anguningani manawi sarana agrayang utawi angêcungi asta sagêd anyarasakên tiyang, makatên wau sêsakit ugi kinging kapindhah dhatêng tiyang sanès kajawi sarana asta sarana dipun ababi.

Prana punika agêsangakên[49] lampahing êrah (ebahing sèlên) mong kang gêsanging badan punika amung gumantung wontên lampahing êrah, manawi botên wontên prana êrah botên sagêd lumampah.

Tiyang sagêt dipun antuk prana sangking tatêdhan. Ombèn-ombèn sarta hawa ingkang kasêrot kalanipun napas malêbêt. Sèlên ingkang wontên ing badan sadaya isi prana, manawi [ma…]

— 20 —

[…nawi] prananipun amung sakêdhik lajêng angwontênakên sêsakit, sagêdipun saras manawi kaêjokan prana, sadaya ingkang sagêt anambahi prana, sarta anyukakakên prananipun dhatêng tiyang sanès satêmah tiyang ingkang dipun sukani wau lajêng saras.

Ingkang dados uwosipun anjampèni sarana cipta punika angêjogi sèlên ingkang kakirangan prana utawi daya ingkang asung gêsang, têmahanipun sèlên antuk kakiyatan lajêng sagêd nyambutdamêl samêsthinipun.

Rekanipun angintunakên prana punika wontên tigang prakawis.

No.I Amriksani sêsakit sarana titi utawi angintunakên prana sarana mripat.

No.II Angintunakên sarana asta, inggih punika pasên.

No.III Angintunakên sarana abab utawi angababi, sarèhning pangintunipun prana punika sarana kakiyataning cipta. Dados manawi ngintunakên kêdah cipta niyat ngintunakên, ing môngka ingkang minôngka dados marginipun punika mripat, amila manawi anyipta ngintunakên prana, mripat kêdah tumuju dhatêng papan ingkang badhe dipun kintuni. Anjampèni tiyang sakit dadi asta kaungkulakên wontên peranganing badan ingkang sakit punika langkung dening mandi, manawi kalanipun angungkulakên asta sarwi amêlêng cipta lajêng niyat prana kakintunakên mriku (dhatêng panggenan ingkang sakit) punapadene mripatipun kêdah kapêlêngakên kangge mirsani ingkang sakit, sarta dhatêng sèlên supados sagêd nyambutdamêl samêsthinipun.

Anjampèni sarana peranganing badan ingkang sakit dipun ababi utawi gombal ingkang dipun ababi lajêng katèmplèkakên ing dununging ingkang sakit ugi mandi.

Lampah ingkang prayogi piyambak tumrap angintunakên prana utawi daya ingkang asuka gêsang punika asarana asta. Patrapipun wontên kalih prakawis, asta kaungkulakên ingkang sakit utawi kangge grayang, ing ngriku kula badhe anêrangakên kadospundi patrapipun angungkulakên asta. Bakda punika lajêng anyariyosakên patrapipun anggrayang, dene lampahing asta anggèning ngungkulakên. Kados ing ngandhap punika:

Manawi ingkang sakit linggih asta kalih pisan sarta drijinipun kaêgarakên kaungkulna ing sirah, lajêng asta kêkalih wau alon-alon kapêngandhapakên mêdal ing ngajêngipun (sakcêlaking rainipun) trus mangandhap ngantos dumugi ing dhêngkul, manawi sampun dumugi ngriku asta kêkalih kakipatna ngiwa

— 21 —

nêngên. Kadi tiyang ngipatakên mawi toya, sapunika lajêng gêntos sangking ngandhap manginggil urut kiwa têngênipun, sariranipun ingkang sakit nanging darijining asta kêdah kaingkupakên sarta èpèk-èpèke madhêp dhatêng badanipun, manawi sampun dumugi sanginggiling sirah lajêng wasul[50] malih kadi kasêbat ing ngajêng mangandhap ngantos dumugi ing dêngkul, salêbêtipun makatên angêning[51] cipta sarta anyipta angêlèkakên prana ingkang mêdal sangking pucuking darijinipun dhatêng badanipun ingkang sakit sakojur, ingkang makatên wau kalanipun asta mangandhap asuka daya asrêp tuwin têntrêm, dene lampahing asta ingkang manginggil madal ing ngajêngipun ingkang sakit asuka daya adhêm sarta beraging manah.

Wontên malih patrap angungkulakên asta sanès gagrak makatên, kawontênanipun kadi ingkang sampun kajarwa ananging botên minggah mandhap amung mandhap kimawon sarta katungkulna sanginggiling peranganing badan ingkang sakit kadosta sirah, asta, pêdhaharan utawi sanès-sanèsipun, ananging pema[52] sampun ngantos kasupèn lampahipun amung sangking nginggil mangandhap, sarta salêbêtipun patrap makatên angèsthia anglunturakên prana sangking pucuking dariji dhatêng peranganing badan ingkang sakit. Dene darijining asta kêdah kajêbèhakên sarta èpèk-èpèk madhêp mangandhap, manawi lampahing asta mangandhap darijining asta kêdah kajêbèbèhakên, nanging manawi manginggil sarta urut kiwa têngênipun ingkang sakit, darijining asta kakincupakên sarta èpèk-èpèk kaajêngakên dhatêng ingkang sakit. Dene têbih cêlakipun sangking asta dhatêng peranganing badan ingkang sakit punika kakintên-kintêna piyambak, ananging limrahipun sak dhèsimètêr, punika ajalari ingkang sakit karaos sêgêr: têntrêm sarta suda panyakitipun, ananging manawi lampahing asta wau alon-alon, manawi lampahing asta radi rikat sata[53] têbihipun sangking ingkang sakit wau tigang dhèsimètêr punika murukakên manah sarêng dhatêng panggayuh, sarta raos bigar, manawi lampahing asta saya karikatakên sarta têbihipun satêngah mètêr punika, saya prayogi pikangsalipun, awit amurukakên sae lampahing êrah sarta anggigah sagunging pirantos ingkang suwaunipun sami botên nyambutdamêl yêktosan.

Wontên malih lampah ingkang prayogi inggih punika èpèk-èpèk kaadhêpna ing ngajênging peranganing badan ingkang [ing…]

— 22 —

[…kang] sakit (voorkauden) ananging satunggal kimawon dados botên kalih pisan, kakèndêlna sawatawis mênit, dene têbih cêlakipun kintên-kintên satunggal satêngah dhèsimètêr, punika sagêt amurukakên kiyat sarta raos ayêm tuwi[54] sênêng. Panunggilanipun malih inggih punika driji kaadhêpna ing ngajênging peranganing badan ingkang sakit têbih cêlakipun satunggal satêngah dhèsimètêr. Kakèndêlna sawêtawis dangunipun sarwi angêningna cipta supados prana utawi daya ingkang asung gêsang sagêta mêdal pucuking dariji dhatêng peranganing badan ingkang sakit. Patrap kadi makatên punika agêng sangêt damêlipun.

Wontên malih sanès inggih punika asta kaadhêpna ing ngajêngipun peranganing badan inggih kang sakit sawêtawis mênit dangunipun, sarwi kaebahakên sakiwa têngên kadi lampahipun jarum èrloji, têbihipun satunggal satêngah dhèsimètêr, dene ingkang mandi piyambak punika lampah angebahakên pucuking dariji kadi ngitung makatên patrapipun, driji katujokakên ing peranganing badan ingkang sakit, têbihipun satunggal satêngah dhèsimètêr, sarwi kaebahakên pucukipun sajak anguncêki pênyakit, punika angsal-angsalanipun, asung daya bêntèr wontên ing peranganing badan ingkang sakit, lampah-lampah ingkang sampun kajarwa punika sadaya prayogi ananging kang gampil sarta mayar wah pikangsal punika anyèlèhna asta wontên peranganing badan ingkang sakit sawatawis mênit, manawi sampun asta kapusuha lajêng kasèlèh malih sawatawis mênit, makatên bôngsal-bangsul. Lampah makatên punika ingkang prayogi piyambak langkung malih manawi kangge anjampèni sakit ngêlu utawi peranganing badan karaos pêgêl.

Angusap peranganing badan asarana asta punika, prayogi awit lampahing êrah sagêd anjujurakên lampahing êrah, ugi sagêt anjalari sudaning raos sakit, manawi angusap utawi anggraya[55] badan ingkang alon-alon trapipun, lampahipun sangking nginggil mangandhap, sarta mêdal sampun ngantos sangking ngandhap manginggil, sarta malêbêt, punapa dene namung kêdah sakturusan, têgêsipun botên kenging mrika-mriki, pucuking driji kêdah amung anggang-aggang panggêpoking badan, sok anggêr nèmplèki mawon. Dados asta botên kapênêtakên ing badaning ingkang sakit sarta amaosa

— 23 —

donga makatên, bagas kuwarasan, lêjar, ènthèng.

Manawi agrayang utawi angusap badan sakojur prayogi kabagia dados kalih inggih punika sangking sirah dumugi pusêr, sangking pusêr dumugi suku, manawi anggrayang utawi angusap badan sakojur ingkang prêlu kasalêsihakên panggenan dhadha sarta pêdhaharan awit badhe anjalari sadaya pirantos makardi samêsthinipun.

Panggrayang utawi ngusapi wau botên prêlu sora-sora awit ilining prana botên sabab saking soraning panggrayang ananging sangking êninging cipta, sarta ingkang anyababakên saras punika botên sangking pijêt, ananging sangking daya ingkang asung gêsang (prana) patrapipun anggrayang makatên, èpèk-èpèk sarta driji ingkang bagean ngandhap ingkang kanggè grayang dados pucuking driji botên katut.

Kangge anjampèni sakit rimêtik ugi prayogi, apijêt utawi dipun ulèni, ngulèni punika wontên tigang warni, I kulit kajiwita mawi jêmpol kaliyan panuduh lajêng kadudut sawatawis lajêng kauculakên, asta kalih rumaganga sadaya, gêntosan ngantos badan sakojur waradin. Pijêt ingkang makatên wau amurukakên, lêrês lampahing êrah.

2 Responses

  1. menawi kepareng, ijin donwload pak.
    maturnuwun

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: